Pranata mangsa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Pranata Mangsa (ꦥꦿꦤꦠꦩꦁꦱ​​) iku pamérangan mangsa miturut adat Jawa. Pamahaman kang mèmper kaya iki uga kaloka déning suku-suku liyané ing Indonésia mligi suku Sundha. Pranata mangsa sajeroning vèrsi kawruh sing diugemi para among tani utawa warigaluh diwarisaké kanthi lésan. Kajaba iku kawruh iki asipat sawengkon lan sawetara (diwatesi déning papan lan wektu) saéngga sawijining princèn sing digawé kanggo sawenèh panggonan durung mesthi cocog kanggo panggonan liya. Para among tani, upamané, migunakaké paugeran pranata mangsa kanggo nemtokaké wiwitan mangsa tandur. Nelayan migunakaké minangka paugeran kanggo lunga menyang segara lan meruhi iwak apa sing bakal diéntukaké[1][2]. Kajaba iku, ing sawetara pérangan, ana sawetara kahanan sing dijlèntrèhaké pranata mangsa ing jaman saiki kurang bisa diprecaya sairing karo perkembangan tèknologi.

Pranata mangsa vèrsi Kasunanan (kaya sing dipratélakaké ing pérangan iki) lumaku tumrap wewengkon antarané Gunung Merapi lan Gunung Lawu[3]. Setaun miturut pananggalan iki dipérang dadi patang mangsa utama, ya iku mangsa ketiga (88 dina), mangsa pancaroba ngadhepi udan utawa labuh (95 dina), mangsa udan utawa rendheng (95 dina), lan pancaroba pungkasan mangsa udan utawa marèng (IPA:[marɛŋ], 86 dina).

Mangsa bisa digandhèngaké karo prilaku kéwan, tuwuhé tetanduran, kahanan lingkungan ing saubengé, lan sajeroning pangéjawantahané gegandhèngan karo budaya agraris. Miturut ciri-ciri iki setaun uga bisa dipérang dadi patang mangsa utama lan rong mangsa "cilik": terang ("langit padhang", 82 dina), semplah ("penderitaan", 99 dina) kanthi mangsa cilik paceklik ing 23 dina wiwitan, udan ("mangsa udan", 86 dina), lan pangarep-arep ("penuh harap", 98/99 dina) kanthi mangsa cilik panèn ing 23 dina pungkasan[3][4].

Pamérangan[besut | besut sumber]

Mangsa kang lumaku ing tanah Jawa miturut pamahaman iki dipérang dadi 4 mangsa kang utama ya iku: mangsa udan utawa rendheng, mangsa pancaroba utawa marèng, mangsa garing utawa mangsa ketiga lan mangsa ngadhepi udan utawa mangsa labuh.
Patang mangsa iku dipérang manèh dadi 12 mangsa kang rentang wektuné luwih cendhek ya iku:

  1. Mangsa Kasa (ꦑꦱ)​ utawa Kartika (ꦑꦂꦠꦶꦏ)
  2. Mangsa Karo (ꦑꦫꦺꦴ) utawa Pusa (ꦦꦸꦱ)
  3. Mangsa Katelu (ꦑꦠꦼꦭꦸ)/Katiga(ꦑꦠꦶꦒ) utawa Manggasri (ꦩꦁꦓꦱꦿꦶ)
  4. Mangsa Kapat (ꦑꦥꦠ꧀) utawa Citra (ꦕꦶꦠꦿ)
  5. Mangsa Kalima (ꦑꦭꦶꦩ) utawa Manggakala (ꦩꦁꦓꦏꦭ)
  6. Mangsa Kanem (ꦑꦤꦺꦩ꧀) utawa Naya (ꦟꦪ)
  7. Mangsa Kapitu (ꦑꦥꦶꦠꦸ) utawa Palguna (ꦦꦭ꧀ꦒꦸꦤ)
  8. Mangsa Kawolu (ꦑꦮꦺꦴꦭꦸ) utawa Wisaka (ꦮꦶꦯꦏ)
  9. Mangsa Kasanga (ꦑꦱꦔ) utawa Jita (ꦗꦶꦡ)
  10. Mangsa Kasapuluh (ꦑꦱꦥꦸꦭꦸꦃ)/Kadasa (ꦑꦢꦱ) utawa Srawana​(ꦯꦿꦮꦤ)
  11. Mangsa Dhesta (ꦝꦼꦱ꧀ꦡ) utawa Padrawana (ꦦꦢꦿꦮꦤ)
  12. Mangsa Sadha (ꦯꦝ) utawa Asuji (ꦄꦱꦸꦗꦶ)

Ciri saben mangsa[besut | besut sumber]

Saben mangsa duwé ciri kanggo tandha utawa paugeran tumrap para among tani supaya mathuk karo kahanan mangsa, mligi anané udan. Titimangsa iku antarané[5]:

  1. Mangsa Kasa (1) = Kartika, umuré ing taun Wastu: 41 dina, taun Wuntu: 41 dina. Candrané Sesotya murca ing embanan. Mangsané gegodhongan padha gogrog, kayu-kayu padha pruthil. Wiwitané mangsa ketiga.
  2. Mangsa Karo (2) = Pusa, umuré ing taun Wastu: 23 dina, taun Wuntu: 23 dina. Candrané: Bantala rengka. Mangsané lemah lemah nela (benthèt). Sajeroning mangsa ketiga.
  3. Mangsa Katelu (3) = Manggasri, umuré ing taun Wastu: 24 dina, taun Wuntu: 24 dina. Candrané: Suta manut ing bapa. Mangsané wit lung-lungan nurut lanjaran. Wekasané mangsa ketiga.
  4. Mangsa Kapat (4) = Citra, umuré ing taun Wastu: 25 dina, taun Wuntu: 25 dina. Candrané: Waspa kumembeng sajeroning kalbu. Mangsané sumber pepet, wiwit ana udan nanging durung akèh, sawènèhing wit-witan padha semi, woh randhu padha garing kapuké mabul, palawija padha tuwa, manuk Glathik neba ing tegalan.
  5. Mangsa Kalima (5) = Manggakala, umuré ing taun Wastu:27 dina, taun Wuntu: 27 dina. Candrané: Pancuran mas sumawur ing jagad. Mangsané akèh udan, akèh laron metu saka lèngé, thukulé jamur terik, lempuyang sarta kunci metu bungé. Manuk Srigunting (Jathithot) padha muni sadurungé srengéngé mlethèk.
  6. Mangsa Kanem (6) = Naya, umuré ing taun Wastu: 43 dina, taun Wuntu:43 dina. Candrané: Rasa mulya kasuciyan. Mangsané woh-wohan nedheng mateng. Wanciné nyebar winih, ungsum udan deres lan embun upas.
  7. Mangsa Kapitu (7) = Palguna, umuré ing taun Wastu: 43 dina, taun Wuntu:43 dina. Candrané: Wisa kéntir ing maruta. Mangsané akèh lelara, wanciné ndhaut lan nandur pari.
  8. Mangsa Kawolu (8) = Wisaka, umuré ing taun Wastu: 26 dina, taun Wuntu: 27 dina. Candrané: Anjrah sajeroning kayun. Mangsané kucing gandhik (kawin), ungsum banjir, glagah padha kembang.
  9. Mangsa Kasanga (9) = Jita, umuré ing taun Wastu: 25 dina, taun Wuntu: 25 dina. Candrané: Wedharing wacana mulya. Mangsané Gangsir ngénthir lan Garèngpung muni, banjir wêkasan, kembang glagah rentah.
  10. Mangsa Kasapuluh (10) = Srawana, umuré ing taun Wastu: 24 dina, ing taun Wuntu:24 dina. Candrané: Gedhong mineb sajeroning kalbu. Mangsané kéwan padha meteng, wiwit panèn génjah.
  11. Mangsa Dhesta (11) = Padrawana, umuré ing taun Wastu:23 dina, taun Wuntu: 23 dina. Candrané: Sesotya sinarawèdi. Mangsané manuk padha ngloloh anaké, wanci panèn génjah, woh randhu padha mlethèk sigar.
  12. Mangsa Sadha (12) = Asuji, umuré ing taun Wastu: 41 dina, taun Wuntu:41 dina. Candrané: Tirta sah saking sasana. Mangsané bedhidhing adhem saéngga arang wong kringeten. Wanciné nandur kedhelé, jarak, kapas, lan wiwit nggarap tegal kanggo nandur jagung.

Sajarah lan antropologi[besut | besut sumber]

Wangun formal pranata mangsa diwanuhaké ing jaman Sunan Pakubuwana VII (ratu Surakarta) lan wiwit dianggo 22 Juni 1856, dikarepaké minangka paugeran tumrap para among tani ing mangsa iku.[6][7] Perlu diwuningani yèn tandur pari ing wektu iku mung sekali setaun, banjur diterusaké nandur palawija utawa pari gogo. Kajaba iku, pranata mangsa ing mangsa mau dikarepaké minangka pituduh kanggo pihak-pihak kagandhèng nyiapaké ngadhepi pageblug, ngèlingi tèknologi prakiraan cuaca durung kaloka. Pranata mangsa sajeroning wangun "kumpulan kawruh" lésan mau nganti saiki isih dicakaké lan saora-oranya minangka pangamatan marang gejala-gejala alam[1]. Ana tandha-tandha yèn masarakat Jawa,mligi sing mukim ing wewengkon saubengé Gunung Merapi, Gunung Merbabu, nganti Gunung Lawu, wis ngenal prinsip-prinsip pranata mangsa adoh sadurungé teka prabawa India.[8] Prinsip-prinsip iki mawa dhasar édharing srengéngé ing langit lan édharingn rasi lintang Waluku (Orion)[9]. Ing wewengkon kanthi jinis iklim Am miturut Koeppen iki, sing ndunungi matrapaké pananggalan mawa basis édharing srengéngé lan rasi lintang minangka péranganing kaselarasan urip nganut owah-owahan irama alam sajeroning setaun[3][10]. kawruh iki bisa diperkirakaké wis diwarisaké kanthi turun-temurun wiwit kalamangsa Karajan Medang (Mataram Hindhu) saka abad angka 9 nganti kalamangsa Kasultanan Mataram ing abad angka 17 minangka pathokan sajeroning babagan tetanèn, ékonomi, administrasi, lan pertahanan (kamilitèran)[3].

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ a b Kusuma M. Lelayaran kanthi Paugeran Pranata Mangsa. Kompas daring. Edisi 20-01-2009. Diakses 26-06-2010.
  2. ^ Hubungan pranata mangsa dengan mangsa penangkapan ikan. Artikel ing laman Dinas Perikanan lan Kelautan Provinsi DI Yogyakarta.
  3. ^ a b c d Daldjoeni N. 1984. Pranatamangsa, the javanese agricultural calendar – Its bioclimatological and sociocultural function in developing rural life. The Environmentalist 4:15–18 DOI:10.1007/BF01907286.
  4. ^ Pranata salah mangsa. Artikel ing blog Rawins. 14 Dhésèmber 2009
  5. ^ Penanggalan Suryasengkala
  6. ^ Yuwono S. Pranoto Mongso, Aliran Musim asli Jawa.
  7. ^ Tanojo R. 1962. Primbon Djawa (Sabda Pandita Ratu). TB Pelajar. Surakarta. pp 36–45.
  8. ^ Hien HA van. 1922. De Javaansche Geestenwereld. Kolff. Batavia. pp. 310–355.
  9. ^ Pranata Mangsa Isih Bisa Diwaca (Sèwu Taun Manèh)
  10. ^ Pranata mangsa kanggo nyrateni lakune alam. Solopos daring. Edisi Suplemen 25-02-2010. Diakses 26-06-2010.

Pranala njaba[besut | besut sumber]