Porang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Iles-iles / porang
270px
Iles-iles
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiospermae
Unranked: Monokotil
Ordho: Alismatales
Famili: Araceae
Génus: Amorphophallus
Spésies: A. muelleri
Jeneng binomial
Amorphophallus muelleri
Blume, 1837[1]
Sinonim
  • Arum Mulleri Zipp. ex Blume
  • Amorphophallus burmanicus Hook.f.
  • Amorphophallus carnosus Engl.
  • Amorphophallus erubescens Hett.
  • Amorphophallus oncophyllus Prain ex Hook.f.
  • Amorphophallus planus Teijsm. & Binn.
  • Amorphophallus timorensis Alderw.

Porang ( Amorphophallus muelleri Bl. ) yaiku tanduran sing ngasilake umbi sing bisa dimasak anggota Genus Amorphophallus . Amarga isih ana gegandhéngan lan wujud kang saèmper karo suweg, walur lan iles-iles, tanduran porang asring dianggep padha utawa klèru karo tanduran-tanduran mau.

Pratèlan botani[besut | besut sumber]

Terna taunan, kanthi wujud sing beda nalika ing tahap végétatip lan gégératip.

Tahap végétatip racaké dianggep wujud saka "wit" porang kang sejatiné minangka godhong kang thukul saka umbi ing sajeroné lemah. Umi porang cacahe mung siji lan menawa disigar katon kuning kang kena kanggo ciri kang béda saka suweg, walur lan iles-iles.

Gagang godhong tunggal utama asring dianggep "wit" dening wong awam, tuwuh jejeg, pakulitané alus, lan ijo utawa ireng blorok putih [2] . Godhong mau bisa tuwuh nganti 1,5 m lan banjur cawang cacah telu lan saka cecawangan mau banjur cawang manèh. Ing saben cecawangan mau bakal tuhukul klinthing wrna soklat kang gunané kanggo srana tumangkar kanthi vègetatip. Klinthing kang diarani katak utawa bulbil iku dadi tetenger khas kanggo mbédakaké porang karo suweg, walur lan iles-iles [3]. Bulbil bisa dipanèn nalika "wit" porang wis nuju garing ing wiwitan mangsa ketiga lan banjur bisa thukul ing wiwitan mangsa rendheng. kiri|jmpl| Bulbil porang wujud klinthing werna soklat, ciri kang mung tinemu ing tanduran porang. Kembang porang tuwuh saka umbi kang ukurané wis cukup gedhé nalika cèlèngan energi ing bentuk glepung ing umbi cukup kanggo ngembang. Sadurunge kembang katon, kabeh godhong kalebu batang bakal garing. Anané kembang iki kanggo tetenger tahap génératip lan pungkasané bisa ngasilaké woh kang bisa tuwuh dadi tanduran anyar.

Sebaran[besut | besut sumber]

Iles-iles ditemokake wiwit saka Kepulauan Andaman, India, nyebar mangétan liwat Myanmar menyang Thailand lan menyang Indonesia [4] . Tanduran iki bisa tuwuh ing sembarang papan kayata ing pinggir alas jati, ing ngisor dhapuran pring, ing pinggir kali, kebon, lan ing manéka papan kang kayoman wit gedhé.

Kanggo ngasilaké umbi kang gedhé, wit porang butuh papan kanthi pangayoman 50-60% [4] Tanduran iki thukul saka tanah laladan cendhèk nganti 1000 m saka ndhuwur segara, kanthi suhu antara 25-35   ° C, dene curah udan antarané 300-500   mm saben wulan sajrone tahap vègetatip. [5] Ing suhu ing ndhuwur 35 o C godhong tanduran bakal kobong, dene ing suhu sing kurang, tanduran iki ngalami dhorman . Porang tuwuh kasebar ing alas , pomahan lan tegalan. Kayadéné suweg, porang bisa tuwuh apik ing lemah kang mawur lan sugih humus, duwé irigasi apiklan duwé pH lemah 6 - 7.5.

Manfangat[besut | besut sumber]

Pigunaporang utamané kanggo industri lan kesehatan, amarga ngadhut glukomannan saka glepungé. [6] Porang minangka salah sawijining jinis umbi sing duweni potensi lan prospek sing bakal dikembangake ing Indonesia . [7] Kajaba gampang, tanduran iki uga bisa ngasilake karbohidrat lan hasilé akèh. Umbiné gedhe, bisa tekan 5   kg, rasa kalebu netral saéngga gampang dicampur lan cocog karo macem-macem bahan minangka bahan mentah kanggo kue tradisional lan modern . [8] Glepung porang bisa digunakake minangka bahan lem, gelatin, mi, tahu, kosmetik, lan roti . Gandum Iles-iles uga migunani kanggo nyuda kenaikan tingkat glukosa getih nalika nyuda tingkat kolesterol serum getih , yaiku panganan sing duwé indeks glikemik sing cendhèk lan duwé fungsi fungsional hypoglycemic lan hypocholesterolemik . [9] Porang kanthi jumlah serat pangan bisa nambah kekuwatan awak kanggo macem-macem penyakit kayata kanker usus, diverticular, kardiovaskular, obesitas, kolesterol dhuwur ing getih, lan diabetes . Ing Filipina asring dimanfangataké kanggo sulih gandum lan biasané digunakaké minangka bahan mentah kanggo gawé roti [10] .

Budidaya[besut | besut sumber]

Tanduran porang gampang dibudidaya lan dibutuhaké dèning indhustri internasional. Mula Kementerian Pertanian duwé gegayuhan kanggo nambah prodhuksi porang kanggo tujuan ékspor. Pabrik kanggo ngolah porang mentah uga iws madeg ing Pasuruan, Madiun, Wonogiri, Bandung lan Maros.[11]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1.  Austria 1837. Rumphia, sive commentationes botanicae imprimis de plantis Indiae orientalis... tome I: 143. [Apr-Jun 1837]. Lugduni Batavorum.
  2. Situs Koran Nias: Budidaya Umbi Hutan, oleh Biro Pembinaan dan Konservasi SDH Perhutani diakses 30 April 2010
  3. PORANG ( Amorphophallus oncophyllus) Familia: Araceae, artikel dari Dipokusumo Farm
  4. a b (en)Flach, M; Rumawas (1996). Plants yielding non-seed carbohydrates. Leiden: Prosea Foundation dan Backhuys Publishers. ISBN 90-73348-51 Priksa gandra |isbn= (pitulung).  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung)
  5. Idris, A. Pengamatan jenis Amorphophallus dan tempat tumbuhnya di pulau Jawa.1972. Buletin Kebun Raya Bogor 3 (4): 101-107.
  6. Radar Mojokerto melalui Situs Jawa Pos: Melihat Budidaya Iles-iles di Hutan Ketapanrame, Trawas oleh Rofijul Mamudh. Senin, 18 Mei 2009 diakses 4 Mei 2010
  7. Situs UNS Jurnal:Iles-Iles diakses 28 April 2010
  8. Situs Lintas Berita: Suweg bahan alternatif pengganti terigu diakses 16 Mei 2010
  9. Didah Nur Faridah,dkk.Pangan Fungsional Dari Umbi Suweg dan Garut: Kajian Daya Hipokolesterolemik Dan Indeks Glisemiknya. 2007. Bogor.Dept. IPT - FATETA, SEAFAST CENTER IPB.
  10. Situs Balai Besar Penelitian dan Pengembangan Bioteknologi dan Sumberdaya Genetik Pertanian diakses 4 Mei 2010
  11. "Diminati Pasar Dunia, Kementan Kembangkan Budidaya Umbi Porang Untuk Ekspor".