Tanah Thai
| Thailand | |
| ราชอาณาจักรไทย Ratcha Anachak Taek |
|
| Gendéra | Lambang |
| Lagu kabangsan: Phleng Chat | |
| Ibu kutha | Bangkok |
| Kutha paling gedhé | Bangkok |
| Basa resmi | Basa Thai |
| Didegaké | Kamardikan |
| - Karajan Sukhothai | 1238–1368 |
| - Karajan Ayutthaya | 1350–1767 |
| - Karajan Thonburi | 1767 nganti 7 April 1782 |
| - Karajan Ratanakosin | 7 April-??? |
| Wangun Pamaréntah | Monarki konstitusional |
| - Rama X | Rama X |
| - Mahamantri | Prayut Chan-o-cha |
| Koordinat | 13°44′ LU, 100°30′ BT |
| Wilayah | 49 |
| - Total | 514.000 km² 198,115 sq mi |
| - Banyu | 0,4% |
| PDB (PPP) | 2005 (prakiran) |
| - Total | $560,7 milyar (21) |
| - Per kapita | $8.300 (69) |
| Penduduk | September 2006 |
| - Total | 64.700.000 (19) |
| - Kapadhetan penduduk | 126/km² (80) |
| HDI (2004) | 0,784 (medium) (72) |
| Valuta | ฿ Baht |
| Zona wektu | UTC +7 |
| Internet TLD | .th |
| Kodhe tèlpon | + 66 |
Karajan Thailand (jeneng resmi: ราชอาณาจักรไทย Ratcha Anachak Thai; uga Prathēt Thai), kadhangkala uga karan Mueang Taek, iku nagara ing Asia Kidul-Wétan kang wewatesan kaliyan Laos lan Kamboja ing sisih wétan, Malaysia lan Lempongan Siam ing sisih kidul, lan Myanmar lan Laut Andaman ing sisih kulon. Thailand biyèn dikenal minangka Siam nganti tanggal 11 Mèi 1949. Tembung "Thai" (ไทย) tegesé "kabebasan" ing basa Thailand, nanging uga bisa ngrujuk ing suku Taek, saéngga njalari jeneng Siam isih dipigunaaké ing kalangan wong-wong Thai mligi kaum minoritas Tionghoa.
Sajarah[besut | besut sumber]
Asal Krajan Thai kanthi tradhisional kagandhèngaké karo sawijining krajan kang cendhèk umuré, Krajan Sukhothai kang diadegaké ing taun 1238. Krajan iki sabanjuré diterusaké Krajan Ayutthaya kang diadegaké ing tengahan abad angka 14 lan kanthi ukuran luwih gedhé katimbang Sukhothai. Kabudayan Krajan Thai diprabawai déning Tiongkok lan India. Hubungan karo sawetara nagara gedhé Éropah diwiwiti ing abad angka 16 nanging sanadyan ngalami tekanan kang kuwat, Krajan Thai tetep tahan minangka siji-sijiné nagara ing Asia Kidul-wétan kang ora tau dijajah déning nagara Éropah, sanadyan prabawa Kulon, kalebu ancaman kakerasan, ngakibataké owah-owahan ing abad angka 19 lan anané kalonggaran tumrap pedagang-pedagang Britania.
Sawijining revolusi damai ing taun 1932 njalari diwiwiti monarki konstitusional. Sadurungé dikenal kandthi jeneng Siam, nagara iki ngganti jeneng internasionalé dadi "Thailand" ing taun 1939 lan kanggo sabanjuré, sawisé tau sapisan ngganti manèh menyang jeneng lawas pasca-Perang Donya II. Ing perang mau, Krajan Thai sekuthu karo Jepang; nanging nalika Perang Donya II rampung, Krajan Thai dadi sekuthu Amérika Sarékat. Sawetara kudeta kjedadéyan sajeroning taun-taun sawisé rampung perang, nanging Krajan Thai wiwit owah dadi nagara dhémokrasi wiwit taun 1980-an.
Kalèndher Krajan Thai didhasaraké ing Taun Buda, kang luwih rikat 543 taun katimbang kalèndher Kulon. Taun 2000 Masehi padha karo taun 2543 sajeroning kalèndher Krajan Thai.
Ing 26 Dhésèmber 2004, pasisir kulon Krajan Thaiditerjang tsunami kang dhuwuré 10 mèter sawisé anané lidhu Samudra Hindhia 2004, niwasaké 5.000 jiwa ing Krajan Thai, lan setengahé wujud wisatawan.
Ing wiwitan 2005 ana sawijining tragedi ing Krajan Thai Kidul kang duwé populasi mayoritas Muslim. Watara 70 jiwa tiwas akibat kakerasan déning rezim Shinawatra. Akèh nagara kang ngecam tragedki iki. Nanging sajeroning pamilihan kepala pamaréntahan, Thaksin Shinawatra maréntah manèh nagara iki kanggo patang taun sabanjuré.
Ékonomi[besut | besut sumber]
Sawisé nikmati rata-rata tuwuhinhg ékonomi paling dhuwur ing donya wiwit taun 1985 nganti 1995-rata-rata 9% per taun-tekanan spekulatif kang mundhak marang dhuwit Krajan Thai, Baht, ing taun 1997 njalari krisis kauangan lan meksa pamaréntah ngambangaké Baht. Sawisé dipathok ing aji 25 Baht kanggo satu dolar AS, Baht nggayuh titik paling cendhèk ing kisaran 56 Baht ing sasi Januari 1998 lan ékonominé mudhun nganti 10,2% ing taun kang padha. Krisis iki sabanjuré sumrambah menyang kawasan Asia.
Krajan Thai miwiti babak pemulihan ing taun 1999; ékonominé dadi kuwat watara 4,2% lan tuwuh 4,4% ing taun 2000, wujud asil saka èkspor kang kuwat-kang mundhak watara 20% ing taun 2000. Tuwuhing ékonomi ing taun 2003 dikira-kira 6,3%, lan 8% sarta 10% ing taun 2004 lan 2005.
Sèktor pariwisata mènèhi sumbangan kang gedhé marang ékonomi Krajan Thai. Rawuhé wisatawan ing taun 2002 (10,9 yuta) nuduhaké angka kang mundhak 7,3% saka taun sadurungé (10,1 yuta).
Pamérangan administratif[besut | besut sumber]
Krajan Thai dipérang dadi 76 provinsi (changwat), kang diklompokaké sajeroning 5 golongan provinsi. Jeneng saben provinsi asal saka jeneng kutha krajan propinsiné.
Provinsi-provinsi mau sabanjuré dibagi manèh dadi 795 dhistrik (Amphoe), 81 sub-dhistrik (King Amphoe) lan 50 dhistrik Bangkok (khet) (gunggung nganti taun 2000), lan dibagi-bagi manèh dadi 7.236 komunitas (Tambon), 55.746 désa (Muban), 123 kotamadya (Tesaban), lan 729 dhistrik sanitasi (Sukhaphiban) (gunggung nganti taun 1984).
Pranala njaba[besut | besut sumber]
| Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Category:Thailand. |
- Pamaréntah Kerajaan Thailand-Situs resmi pamaréntah
- Thai Radio
- Thai TV
- Otoritas Pariwisata Thailand-Situs resmi pariwisata
| Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Thailand. |

