Emilio G. Segrè

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Emilio Gino Segrè
Lair (1905-02-01)1 Fèbruari 1905
Tivoli, Itali
Pati 22 April 1989(1989-04-22) (umur 84)
Institusi Laboratorium Los Alamos National
Universitas California, Berkeley
Universitas Palermo
Universitas Rome La Sapienza
Alma mater Universitas Rome La Sapienza
Doctoral advisor Enrico Fermi
Misuwur amarga Penemuan antiproton
Penemuan technetium
Penemuan astatine
Notable awards Nobèl Kima (1959)

Emilio Gino Segrè (lair ing Tivoli, Itali, 1 Fèbruari 1905 – pati 22 April 1989 ing yuswa 84 taun) inggih punika salah satunggaling fisikawan Italia-Amérika ingkang sesarengan kaliyan Owen Chamberlain, menangaken Bebungah Nobèl babagan Fisika wonten ing taun 1959 kanggé "penemuan kekalihipun wonten ing antiproton."[1]

Piyambakipun miyos wonten ing laladan Tivoli, Italia, mlebet wonten ing Universitas Roma minangka salah satunggaling mahasiswa teknik mesin. Piyambakipun lajeng pindhah dhateng fisika rikala taun 1927 lan pikantuk gelar dhoktoripun nalika taun 1928, sinau wonten dhumateng Enrico Fermi.[2]

Sabibaripun ngayahi tugas wonten ing Militer wonten ing Italia (dados Tentara Italia) nalika taun 1928 lan 1929, piyambakipun makarya sesarengan kaliyan Otto Stern wonten ing kutha Hamburg lan kaliyan Pieter Zeeman wonten ing kutha Amsterdam minangka salah satunggaling anggota saking Yayasan Rockefeller nalika taun 1930. Emilio Segrè dipuntunjuk minangka lektor fisika wonten ing Universitas Roma nalika taun 1932 lan njabat dumugi taun 1936. Antawis taun 1936 dumugi taun 1938 piyambakipun minangka Direktur Laboratorium Fisika wonten ing Universitas Palermo. Sabibaripun ngunjungi dhateng Laboratorium Radiasi Berkeley Ernest Lawrence, piyambakipun dipunkirimi satunggal potong molibdenum saking deflektor siklotron laboratorium nalika taun 1937 ingkang dipuncaraken wujud radioaktivitas. Sabibaripun analisis kimia lan teoretis ingkang ngatos-atos, Emilio Segrè saged mbuktikaken bilih sapérangan radiasi saweg dipunwedalaken unsur kimia ingkang sadéréngipun boten dipunkenal, technetium ingkang dipunparingi, lan minangka unsur kimia ingkang dipunmanunggalaken kanthi damelan ingkang boten kadadosan wonten ing alam.[3]

Sadangunipun Emilio Segrè ngawontenaken satunggaling kunjungan musim panas wonten ing laladan California rikala taun 1938, pamaréntahan fasis Benitto Mussolini ngesahaken hukum antisemit ingkang ngalangi tiyang-tiyang yahudi saking kalungguhan universitas. Minangka salah satunggaling Yahudi, Emilio Segrè wekdal punika dipundamel bingung. Wontwn ing Laboratorium Radiasi Berkeley, Lawrence nawakaken pedamelan minangka Asisten Riset (kalungguhan ingkang lumayan andhap kanggé salah satunggaling tiyang ingkang sampun saged manggihaken sawijining unsur) kanggéé bayaran $300 satunggal wulan. Kados pundi kémawon, wonten ing élinganipun Emilio Segrè, nalika Lawrence mireng bilih Emilio Segrè kanthi resmi kajebak wonten ing California, piyambakipun mandhapekan bayaranipun dumugi $116 satunggal wulan (ingkang kathah tiyang, kalebet Segrè, ningali punika minangka salah satunggaling eksploitasi kahanan). Segrè ugi manggihaken pakaryan minangka penceramah wonten ing jurusan fisika ing Universitas California, Berkeley. Sadangunipun wonten ing Berkeley, piyambakipun mbiyantu manggihaken unsur astatin lan isotop plutonium-239 (ingkang salajengipun dipun-ginakaken kanggé damel bom atom ingkang dipun-ginakaken kanggé ngrisak kutha Nagasaki, Jepang).[4]

Saking taun 1943 dumugi taun 1946, piyambakipun kerja wonten ing Laboratorium Nasional Los Alamos minangka pamimpin kelompok kanggé Proyek Manhattan. Piyambakipun dipunnaturalisasikaken minangka warga nagara Amérika Sarékat nalika taun 1944. Nalika wangsul malih dhateng Berkeley wonten ing taun 1946, piyambakipun lajeng dados guru besar fisika, njabat dumugi ing taun 1972. Nalika taun 1974, piyambakipun wangsul malih dhateng Universitas Roma minangka guru besar fisika nuklir.[5]

Emilio Segrè ugi aktif minangka photographer, lan mendhet kathah photo ingkang ndokuméntasikaken prastawa lan tokoh wonten ing sajarah ngèlmu kawruh modern. Institut Fisika Amérika maringi nama arsip photographi sajarah fisikaipun saperlu maringi pakurmatan.

Emilio Segrè tilar donya nalika yuswanipun ngancik angka 84 taun amargi serangan jantung.

Cathetan suku[besut | besut sumber]