Fisika nuklir

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Fisika nuklir yaiku ngèlmu kang nyinaoni babagan inti atom, sarta owahing wujud ning inti atom. Ning fisika nuklir, tuladhané reaksi nuklir yaiku prosès nalika ana nuklei utawa partikel nuklir kang tubrukan, kanggo mroduksi kasil kang béda-béda saka kaanan sadurungé. Sajatiné ning prinsipe reaksi bisa nglibataké luwih saka rong partikel kang tubrukan, nanging kadadéan mau uga arang banget. Manawa partikel-partikel mau tabrakan lan misah tanpa owah (kejaba manawa ning level ènergi), prosès iki karan tabrakan lan dudu réaksi.

Dikenal ana rong jinis réaksi nuklir, yaiku reaksi fusi nuklir lan réaksi fisi nuklir. Reaksi fusi nuklir yaiku reaksi peleburan rong artikel utawa luwih inti atom dadi atom anyar lan ngasilaké ènergi, uga diarani reaksi kang resik. Reaksi fisi nuklir yaiku reaksi pembelahan inti atom akibat tubrukan inti atom liyané, lan ngasilaké ènergi lan atom anyar kang kang massa luwih cilik, sarta radhiasi elektromagnetik. Reaksi fusi uga ngasilake radhiasi sunar alfa, beta lan gamma kang mbebayani banget kanggo manungsa.

Tuladhané reaksi fusi nuklir yaiku reaksi kang kadadéan ning meh kabèh inti lintang ning dunya semesta. Senjata bom hidrogen uga manfangataké prinsip réaksi fusi kang dikendaleni. Tuladhané reaksi fisi yaiku ledakan senjata nuklir lan pembangkit listrik tenaga nuklir.

Unsur kang sok digunakaké ning reaksi fisi nuklir yaiku Plutonium lan Uranium (Plutonium-239, Uranium-235), nanging ning reaksi fusi nuklir yaiku Lithium lan Hidrogen (kaya ta Lithium-6, Deuterium, Tritium).