Ernest Lawrence

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Ernest Lawrence

Ernest Orlando Lawrence inggih punika salah satunggaling fisikawan Amérika Sarékat.

Piyambakipun miyos ing tanggal 8 Agustus 1901 ing Canton, South Dakota. Piyambakipun pikantuk gelar sarjana babagan kimia saking Universitas South Dakota taun 1922, gelar master nalika taun 1923 saking Universitas Minnesota, lan Ph.D. saking Universitas Yale taun 1925. Lawrence mendhet kadudukan lektor kepala wonten ing fisika ing Universitas California, Berkeley, nalika taun 1928 lan dados profesor paling éném wonten ing fakultas punika rikala taun 1930.[1]

Nalika taun 1929, Lawrence manggihaken siklotron, piranti ingkang saged mecahaken atom, kemajuan ageng wonten ing pengembangan bom atom. Mesin punika migunakaken elektromagnet kanggé nambahi rikat partikel nuklir wonten ing titik ingkang lajeng saged damel njeblug, mroduksi unsur énggal lan isotop radioaktif unsur ingkang sampun wonten.[2]

Lawrence dipunangkat minangka direktur ing laboratorium radiasi universitas punika rikala taun 1936 lan dipunanugrahi Penghargaan Nobèl babagan Fisika taun 1939 saking penemuan siklotron. Kanthi rikat piyambakipun dados tokoh publik ingkang misuwur ing Berkeley lan saking nominasi ing Bebungah Nobèl, majalah Time nampilaken pasuryanipun ing kaca ngajeng kanthi seratan, "Ingkang nyiptakaken lan ngrisak." Kasuksesan punika njamin Lawrence pikantuk dana saking Berkeley kanggé nglajengaken panaliténipun. Punika ugi nandhani gayutan awal jangka panjang antawis pengawas universitas lan militèr Amérika Sarékat.[3]

Nalika musim panas taun 1939, Présidhèn AS Franklin D. Roosevelt pikantuk sawijining serat ingkang dipunserat Szilard Leo lan dipuntapakasmani déning Albert Einstein ingkang nedahaken kawigatosan ing kamungkinan Jerman ngembangaken bom atom, ingkang dipunsengkuyung déning Présidhèn Amérika Sarékat Franklin Roosevelt madegaken Komite Uranium, éwadéné prioritasipun andhap kangg dipuntindakaken 2 taun. Fisikawan Britania Raya, Mark Oliphant, dugi ing Berkeley taun 1942 lan maringi pengetan babagan ancaman bom atom Jerman dhateng Ernest Lawrence, ingkang kanthi cepey maringi kabar dhateng Présidhèn Franklin Delano Roosevelt.

Lawrence lan Laboratorium Radiasiipun kagungan akses saperlu pendenaan fédheral ingkang boten winates amargi pencapaian awalipun, ingkang mungkinaken damel mesin énggal "kalutron", ingkang ngubah siklotron sangga saged misahaken uranium-235 saking uranium heksaflorida ingkang bergas. Salah satunggaling kalutron, ingkang nama "Alpha-1," dipunarahaken saperlu mrodhuksi uranium tingkat senjata ingkang dipunprelukaken kanggé inti bom atom.[4]

Sabibaripun PD II, Lawrence nglajengaken panaliténipun ing babagan teknologi senjata nuklir lan dados pamaring pamanggih pengembangan bom hidrogen. Dhukunganipun kanggé senjata nuklir damel piyambakipun pikantuk kedudukan bergengsi ing militèr AS. Kejawi punika, 2 laboratorium nasional dipunsukani nama miturut namanipun. Nalika taun 1958, Lawrence ngrawuhi Konferensi Jenewa saperlu nangguhaken uji coba bom atom minangka anggota wakil saking Amérika Sarékat.

Ernest Orlando Lawrence séda tanggal 27 Agustus 1958 ing Palo Alto, California, ananging piyambakipun ninggalaken warisan kanthi wujud gayutan antawis U.S. military lan perguruan tinggi wonten ing mrika.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]