Balèt Ramayana Prambanan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Pagelaran binuka kanggo balèt Ramayana Prambanan. Tontonan ing pagelaran binuka mung ginelar saka sasi Mèi tekan Oktober.

Balèt Ramayana Prambanan iku tontonan kang nggabungaké jogèd lan sandiwara tanpa pacelathon, ingusung saka carita Ramayana lan ginelar ing cedhak Candhi Prambanan ing Pulo Jawa, Indonésia.[1][2] Balèt Ramayana Prambanan minangka balèt kang ajeg dhéwé mitontonaké balèt Ramayana wiwit taun 1961.[3][4] Pamilihé wujud balèt kanggo mitontonaké wiracarita Ramayana iku amarga balèt nengenaké obahing awak kanggo mahyakaké surasa, tanpa pacelathon, mula ingajab bisa dingertèni para kang nonton kang saka manéka latar wuri budaya lan basa.[1] Carita Ramayana isi bab lelakoné Rama nylametaké Sinta kang dibedhog ratu Alengka, ya iku Rahwana.[1] Balèt Ramayana Prambanan lumrah kagelar saben dina Selasa, Kemis, lan Sabtu. Gelaran ing pagelaran binuka mung ing mangsa katiga. Kajaba iku, gelaran katindakaké ing pagelaran tinutup.[5]

Wiracarita Ramayana[besut | besut sumber]

Réliyèp ing Candhi Prambanan nuduhaké Sinta nalika dibedhog Rahwana kanthi nunggangi raseksa mawa swiwi, déné manuk Jatayu ing sisih kiwa ngupaya nulungi Sinta

Balèt Ramayana Prambanan iku sumberé carita saka Serat Rama, ya iku carita Ramayana ing sastra Jawa Anyar.[6] Serat Rama iku anggitané Yasadipura I (1729-1802).[6] Miturut Purbacaraka, Serat Rama wujudé macapat lan minangka buku basa Jawa Anyar kang prayoga dhéwé. Mangkonoa, Purbacaraka uga nyruwé manawa kang nganggit Serat Rama kurang nguwasani basa Jawa Kuna amarga pérangan-pérangan kang ora dingertèni kerep dibusek utawa dilintu.[6][7]

Carita Ramayana ing Serat Rama béda saka carita mawa irah-irahan kang padha anggitané Walmiki kang ingaran carita Ramayana kang mulabuka (orisinil). Minangka gubahan, Serat Rama iku karya kang sumberé saka babon Ramayana kang tuwa dhéwé ing Indonésia, ya iku Kakawin Ramayana, kang tinulis ing basa Jawa Kuna mawa wujud kekawin.[6] Kakawin Ramayana sumberé dudu saka carita Ramayana anggitané Walmiki, nanging saka Ravanavadha anggitané Bhatti saka Indhu.[6] Ing Kakawin Ramayana saha balèt Ramayana Prambanan ora ana kāṇḍa (bab) kang kapisan, Balakāṇḍa, lan kang kapitu, Uttarakāṇḍa. Mula, caritané rampung sawisé Sinta ngambah geni saperlu nélakaké yèn dhèwèké iku suci.[6] Purbacaraka wènèh panemu manawa Kakawin Ramayana inganggit sawisé Candhi Prambanan kayasa amarga kang nulis anggoné nulis ngangen-angen pacandhèn Siwah ing sangarepé.[6]

Saliyané iku, carita réliyèp ing Candhi Prambanan ora mirib carita ing Kakawin Ramayana, nanging luwih mirib carita ing Hikayat Seri Rama kang tinulis ing basa Malayu.[6] Serat Rama ana bédané saka carita ing réliyèp. Serat Rama kawiwitan mawa latar ing kraton lan carita bab mulabukané kulawarga Rahwana. Carita bab kulawargané Rahwana mau minangka cuwilan saka layang Arjuna Wijaya anggitané Empu Tantular.[6] Réliyèp carita Ramayana ing Candhi Siwah lan Candhi Brahma nyaritakaké saka lairé Rama nganti adegé Kusa, anaké Rama kang lanang, minangka ratu ing Ayodya.[8] Réliyèp Ramayana ing Candhi Siwah pinahat ing 24 babagan lan ngemu 42 jejer, déné ing Candhi Brahma pinahat ing 21 babagan lan ngemu 30 jejer.[8]

Amarga asalé saka sumber kang béda, balèt Ramayana kang sumberé saka Serat Rama déné réliyèp Candhi Prambanan dinuga saka Hikayat Seri Rama, mungguh ing gelaran ana béda mligi ing pérangan pungkasan.[6] Ing pérangan pungkasan, balèt Ramayana Prambanan béda saka carita Ramayana anggitané Walmiki. Balèt Ramayana Prambanan rampung mawa jejer temuné manèh Rama lan Sinta.[6] Ing carita anggitané Walmiki, buku angka pitu nyaritakaké yèn wong Ayodya durung pracaya marang Sinta yèn dhèwèké isih suci. Rama kandha yèn Sinta kudu nuduhaké manawa dhèwèké isih suci ing arepé wong akèh kanthi ngucapaké sumpah.[6] Wusana, Sinta kandha, "Ora kawayang wong lanang liya ing pangangenku, kajaba Rama. Muga Dèwi Pratiwi karsaa paring paseksèn lan ngulu ingsun. Ingsun kandha kang temen ing kéné lan ora ana garwa kang liya kajaba Rama. Muga Dèwi Pratiwi karsaa paring paseksèn lan ngulu ingsun." Bubar kandha mangkono, lemah banjur sigar lan muncul Dèwi Pratiwi kang ngrangkul Sinta lan nggawa dhèwèké mlebu ing jero bumi.[6] Upayané Rama nyuwun Sinta dibalèkaké ora kasil. Ing pungkasé carita, Rama sèlèh kaprabon lan tanggenah Kusa lan Lawa dadi ratu Ayodya. Dhèwèké banjur bali menyang swarga dadi Wisnu.[6]

Gelaran pratama[besut | besut sumber]

Dhokumèntasi watak baku balèt Ramayana Prambanan, Rama (Tunjung Sulaksono) lan Sinta (Sumaryaning) karo Charlie Chaplin lan GPH Suryohamijoyo (1961).

Gagasan kawitan bab balèt Ramayana muncul saka GPH Djatikoesoemo kanggo ngundhakaké pariwisata Indonésia ing tataran donya.[1] Ing taun 1960-an, Jatikusuma nonton gelaran balèt praja Kamboja kang ginelar ing arepé Angkor Wat. Nalika iku, dhèwèké lagi wisata menyang sawenèh nagara saperlu nekani panggonan-panggonan kang pamrihé bisa njiwani dhèwèké. Sapulihé menyang Indonésia, Jatikusuma sedya nggelar siji balèt kang katontonaké ing arepé Candhi Prambanan.[1] Proyèk kapisan balèt Ramayana iku langsung digarap Kementrian Perhubungan Darat, Pos, dan Telekomunikasi minangka proyèk nasiyonal mawa ragad 20 yuta rupiyah, lan katindakaké saka sasi April 1961.[1]

Sadurungé gelaran pratama, gladhi resik katindakaké 3 wengi lumintu ing tanggal 23 nganti 25 Juli 1961. Warga sakiwatengené Prambanan nalika iku kalilan nonton kanthi lelahanan.[9] Ing taun 1965, gladhi resik kang binuka mau dadi tinutup, ora kanggo tontonan warga kanthi lelahanan manèh.[9]

Balèt Ramayana Prambanan sipaté kolosal, kang ngatutaké akèh wong kang njogèd. Gelaran kawitan ing taun 1961 ngatutaké wong 865, kalebu anggota panitya, jagabaya, lan narausada.[1][9] Kang njogèd baku ana wong 55. Saben watak dimainaké wong 3 nganti 4 supaya siji kang njogèd ora perlu njogèd terus saben wenginé.[9] Kang njogèd ramèn-ramèn ana wong 400, niyaga pélog ana wong 33, niyaga sléndro ana wong 33, kang nggerung ana wong 60, juru paès ana wong 27, juru busana ana wong 11, lan juru ladi dalah juru dang ana wong 7.[9] Karcis mlebu payu kabèh nalika gelaran pratama ing panggung kang momot wong nonton 2.000-3.000.[9] Gelaran pratama lumaku ing tanggal 26 Juli 1961 kanthi dikepyakaké Menteri Perhubungan Darat, Pos, Telekomunikasi, dan Pariwisata (PDPTP), Mayor Jèndral GPH Jatikusuma.[9] Gelaran kawiwitan kanthi sesorah pambuka déning Prof. Dr. Suharsa, makili panitya kang nggelar uga sutradarané.[9] Dhayoh kang kaundhang rawuh ing acara kepyakan iku kaya ta Sri Sultan Hamengkubuwana IX, Mochtar (Gubernur Jawa Tengah), Dr. Sukahar (Mantri Pulisi Jawa Tengah), lan Mayor Petut Suharta (Asistèn Mantri PDPTP).[9] Gelaran ing tembé kang ingaran wigati katindakaké ing tanggal 25 Agustus 1961. Gelaran iku dirawuhi Présidhèn Sukarna, mantri cacah 5 saka Kabinèt RI, duta agung nagara manca cacah 16, sarta sawenèh dhayoh undhangan VIP liyané cacah 50, kalebu aktor Charlie Chaplin.[9] Ing gelaran iku, Présidhèn Sukarna nulis ing prasasti ukara:

Balet Ramayana Prambanan adalah satu pertjobaan (good effort) untuk membawa seni-pentas Indonesia ke taraf yang lebih tinggi
(Balèt Ramayana Prambanan minangka upaya kang becik kanggo mikul luwih dhuwur gelaran kagunan Indonésia)

— Sukarna[10]

Charlie Chaplin uga wènèh panemu:[9]

Yèn wong sajagat weruh Karaméan Ramayana iki, wong mesthi bakal ramé-ramé teka menyang Indonésia. Aku bakal nyaritakaké marang wong sajagat yèn ing Jawa Tengah ana kagunan kang ngédab-édabi kang njalari aku gumun banget.

— Charlie Chaplin[9]

Gelaran pratama isih nganggo jeneng "Ramayana Ballet", nanging juru kagunan Anjar Asmara, kang uga rawuh ing gelaran mau, nyalin jeneng "Ramayana Ballet" dadi "Sendratari Ramayana".[9] Ing taun-taun candhaké, "Sendratari Ramayana" dadi jeneng resmi. Kajaba iku, taun gelaran pratama mau kinepyakaké dadi taun lairé balèt ing Indonésia.[9]

Gelaran[besut | besut sumber]

Jejer ing pérangan 1, Rama lan Sinta kang dikancani Laksmana nalika ing Alas Dandaka

Kawitané, tontonan wiracarita kapérang enem: (1) Ilangé Sinta, (2) Anoman Duta, (3) Anoman Obong, (4) Yasa Wot menyang Alengka, (5) Sédané Kumbakarna, lan (6) Pacoba marang Kasetyaning Sinta utawa Sinta Obong.[11] Pérangan cacah enem iku wis kaanggo kawit taun 1961. Wiwit taun 1967, pérangan cacah enem mau karingkes dadi papat amarga pérangan 2 lan 4 rinasa kurang narik kawigatèné para kang nonton.[12] Pérangan 1 nganti 5 karingkes dadi 3 pérangan, déné pérangan 6 tetep wutuh lan dadi pérangan 4.[12] Saben pérangan kawiwitan ing tembang kang ngandhani para kang nonton manawa Ramayana pijer ginelar ing saben purnama.[11] Sadurungé caritané lekas, tinontonaké arak-arakan prajurit Karaton Surakarta cacah wolu ngiringi wong wadon cacah pitu nggawa sesajèn.[11] Satekané arak-arakan mau ing tengahé pagelaran, prajurit mau nindakaké jogèd gagah, déné para wadon ndokok sesajèn dalah kutugé (dupané) ing cedhak piranti gamelan.[11] Wong-wong wadon kang nggawa sesajèn mau banjur lungguh ing antarané niyaga lan tumindak minangka waranggana, déné prajurit mau banjur metu pagelaran.[11] Siji panatacara ing buriné panggung bakal macakaké isiné carita miturut pérangan kang bakal tinontonaké lan nganggo basa Inggris mawa iringan gamelan.[11] Saben pérangan lumrahé lekas jam 19.00 lan rampung jam 21.00.[11]

Pérangan 1: Ilangé Sinta[besut | besut sumber]

Pérangan 1 katata saka 3 babak lan kapérang ing 57 jejer.[12] Babak siji nggambaraké Praja Alengka, tekané Sarpakenaka lan pawartané, tuwin rancangané Rahwana mbedhog Sinta kanthi dikanthèni Marica.[12] Babak loro nyaritakaké Rama, Sinta, lan Laksmana ing Alas Dandaka. Sinta digodha Kidang Kencana kang minangka silumané Marica, banjur Rama lunga mburu kidang mau. Sabanjuré, Sinta kang ditinggal Laksmana banjur dibedhog Rahwana. Jatayu ngupaya nulungi Sinta, lan Rama mrangguli Jatayu kang mèh mati.[11][12] Babak telu nggambaraké perang antarané Subali lan Sugriwa nganti patiné Subali.[12]

Pérangan 2: Anoman Duta[besut | besut sumber]

Jejeré Anoman ngobong praja Alengka.

Pérangan 2 katata saka 7 babak lan kapérang ing 71 jejer.[12] Babak siji nggambaraké Guwa Kiskendha kang ditekani Sugriwa, Rama, Laksmana, lan pamatahé duta 4 kang dipandhégani Anoman kanggo ngluru Sinta.[12] Babak loro nyaritakaké rombongané Anoman kang kapusan Sayempraba nganti njalari wutané.[12] Babak telu nyaritakaké Ratu Garuda Sempati nambani Anoman lan rombongané uga mènèhi pituduh carané ngener Alengka.[12] Babak papat nyaritakaké Sinta kang digodha Rahwana ing Taman Argasoka.[12] Babak lima isi carita bab temuné Anoman karo Sinta ing Argasoka lan tarungé Anoman lumawan Indrajit kang wusana Anoman dadi parèsan.[12] Ing babak enem, Indrajit nggiring Anoman menyang arepé Rahwana. Rahwana kang muntab ngampleng Anoman nganti tiba. Wibisana ngélikaké Rahwana yèn ora patut mulasara duta kang wis ora kuwawa. Nanging, paméliké malah njalari dhèwèké katundhung saka Alengka.[11][12] Ing babak pitu, Anoman kasiksa kanthi cara kaobong. Nanging, Anoman malah njupuk sacuwil geni kanggo ngobong mau lan mlayu marani tumpukan damèn, minangka tironé omah-omah ing Alengka, banjur ngobong iku.[11] Anoman lunga saka Alengka saperlu ngabari Rama.[11]

Pérangan 3: Sédané Kumbakarna[besut | besut sumber]

Pérangan 3 katata saka 4 babak lan kapérang ing 42 jejer.[12] Babak siji nggambaraké rékadayané Rama lan wadyabala kethèké yasa wot kang nyambungaké Indhu Kidul karo Alengka.[12] Babak loro nyaritakaké tekané Anggada minangka utusan menyang Alengka. Rahwana kang nedya matèni Anggada dicandhet Kumbakarna lan tundhoné Kumbakarna katundhung saka Alengka.[12] Babak telu nggambaraké perang antarané wadya Alengka lumawan wadya kethèk. Indrajit nglepasi panah Nagapaksa kang wujudé ula kang bisa neluk wadya kethèk.[11][12] Nagapaksa ing balèt Ramayana Prambanan katontonaké ing wujud wong wadon njogèd cacah lima mawa busana kaya ula.[11] Wibisana males mawa panah Garudha lan kasil nglerem dayané Nagapaksa.[12] Panah Garudha katontonaké ing wujud sawatara wong njogèd mawa busana manuk garudha.[11] Jejer candhaké ya iku tarung Indrajit lumawan Laksmana.[12] Babak papat nggambaraké tarungé Kumbakarna lumawan Sugriwa. Sugriwa kang kadhesek olèh pitulungan Laksmana. Laksmana wusana matèni Kumbakarna lan para widadari mapag sukmané Kumbakarna.[12]

Pérangan 4: Geni Suci Sinta[besut | besut sumber]

Pérangan 4 katata saka 4 babak lan kapérang ing 48 jejer.[12] Babak siji nggambaraké Rahwana kang nggodha Sinta, nanging Sinta suthik. Rahwana banjur salin rupa mirib Rama lan Laksmana, nanging Sinta semaput.[11][12] Babak loro isi carita perang antarané Rama lan Rahwana. Rahwana mlebu palagan lan dipatèni Rama.[12] Babak telu isi carita Rama dikepyakaké Wibisana minangka ratu Alengka. Tekané Sinta ditolak Rama. Sinta dianggep ora suci amarga wis didemok Rahwana.[11] Sinta nuduhaké yèn dhèwèké suci kanthi mlebu ing geni kang murub. Sinta wusana ditulungi Bathara Brama (déwa geni). Sinta banjur mudhun saka prapèn kanthi panuntuné Brama lan mapag Rama.[11] Jejer rampung nalika Rama, Sinta, Laksmana, dalah panggedhé wadyabala kethèk metu panggung.[11]

Ana béda carita antarané balèt Ramayana lan carita ing pawayangan Jawa.[11] Bédané ana ing pérangan 4 nalika Rahwana mati. Ing pawayangan Jawa, Rahwana ora bisa mati amarga duwé aji Pancasona kang njalari Rahwana bisa urip manèh nalika jisimé kena lemah.[11] Nalika panah sektiné Rama kena awaké Rahwana, Anoman ngoyak lan njepit awaké Rahwana nganggo gunung kang gedhé supaya Rahwana ora bisa obah manèh. Balèt Ramayana ngowahi bab iku kanthi cara Rahwana bisa dipatèni Rama.[11]

Carita wutuhan[besut | besut sumber]

Wiwit taun 1996, tontonan balèt Ramayana uga ginelar kanthi carita kang wutuh.[11] Tontonan mawa carita kang wutuh iku digarap Yayasan Roro Jonggrang lan grup-grup jogèd kaya déné Kasanggit lan Cahya Gumelar.[11] Tontonan wutuhan iku suwéné rong jam. Papat pérangan carita karingkes sarta kawiwitan jejer pasanggiri ngrebut Sinta kang dimenangi Rama. Yayasan Roro Jonggrang bisa mitontonaké carita baka pérangan utawa carita wutuhan, déné grup mung bisa mitontonaké carita wutuhan.[13] Grup kang main ganti-ganti. Liyané Yayasan Roro Jonggrang, kang main ana grup Cahya Gumelar, Kasanggit, Guwawijaya, Sekar Puri, Wisnu Murti, lan OMM.[11]

Ciri jogèdan[besut | besut sumber]

Ciri obahan ing jogèd balèt Ramayana Prambanan sumberé saka ciri obahan ing wayang wong.[14] Ing mangsa kawitané balèt Ramayana Prambanan, gagrag jogèdané akèh-akèhé saka gagrag Surakarta, lan mung sathithik kang saka gagrag Ngayogyakarta.[14][15] Gagrag Ngayogyakarta lan Surakarta béda sathithik. Gagrag Surakarta ndhoyong marang gagrag romantik, déné gagrag Ngayogyakarta ndhoyong marang gagrag klasik.[15] Gedhéné daya gagrag Surakarta ing mangsa kawitané balèt Ramayana Prambanan amarga koréyografer kang mèlu ing proyèk kawitan asalé saka Surakarta. Salah siji lurahé proyèké ya iku GPH Surya Amijaya, nimpuna jogèd lan karawitan ing Surakarta.[15] Saliyané iku, salah siji kang nggladhi iku RT Atmakesawa kang uga nimpuna jogèd ing Surakarta.[15] Kawit anané kang jogèd saka Akademi Seni Tari Indonesia (ASTI) Ngayogyakarta, alon-alon gagrag Ngayogyakarta lan liyané mlebu ing balèt mau.[15] Kasilé, saiki ana gagrag balèt cacah telu ing Jawa Tengah, ya iku gagrag Prambanan, gagrag Surakarta, lan gagrag Ngyogyakarta.[14][15]

Pagelaran[besut | besut sumber]

Pagelaran binuka ing Candhi Prambanan kang sadurungé kayasa kanggo gelaran ing taun 1961 isih kapernah ing jero Pacandhèn Prambanan. Ing tembé, pagelaran binuka kayasa ing jaba pancandhèn.[1] Pagelaran binuka kang anyar bisa ngamot wong 991 lan manggon ing kuloné Pacandhèn Prambanan. Pernahé ing kuloné Kali Opak.[16] Tribun kanggo kang nonton ngadhep wétan supaya latar wuriné panggung yeyasan Candhi Siwah, Candhi Wisnu, lan Candhi Brahma.[16] Nalika wengi, candhi-candhi mau kasorot soklé, mula katon sumunar.[16] Tontonan ing pagelaran binuka mung bisa kagelar ing mangsa katiga, antarané sasi Mèi-Oktober. Gelarané lekas udakara jam 19.30 nganti jam 21.30 gumantung kaanané langit.[1][5] Gedhong pagelaran tinutup aran Trimurti kapernah ing kidulé pagelaran binuka lan bisa ngamot wong 300 nganti 400. Balèt Ramayana ing gedhong Trimurti ginelar mawa format carita wutuhan, kawit Rama mèlu pasanggiri tekan temuné manèh Rama karo Sinta.[1]

Kategori klas: A. Klas VIP; B. Klas mirunggan; C. Klas pokok; D. Klas 1; E. Klas 2; F. Klas 3; G. Lawang mlebu kanggo kang nonton; H. Lawang mlebu kanggo kang manggung; I. Undhakan mlebu pokok kanggo kang manggung; J. Pagamelan.

Busana lan paès[besut | besut sumber]

Rahwana nganggo busana kang mung dianggo para ratu, kaya ta: makutha lan jarit bathik mawa cakrik parang rusak barong.

Balèt Ramayana Prambanan duwé cakrik busana kang isih ndhoyong marang cakrik wayang wong Surakarta, nanging luwih prasaja supaya kang njogèd bisa luwes obahé.[17][18] Salah siji contoné iku piranti wujud rerenggan endhas kang sumberé saka réliyèp Ramayana ing Candhi Prambanan.[17] Wadya kethèk nganggo cèt tumrap warna ulesé.[17] Warna abang mungguh ing sléndang, sampur, lan paès dianggo para raseksa utawa watek-watek kang ala.[11] Rama nganggo busana warna loro.[18] Ing pérangan siji nalika ngumbara ing alas, dhèwèké nganggo topong ireng kang nggambaraké rambut gelungan mandhuwur, samono uga Laksmana.[18] Ing pérangan loro lan bacuté, Rama nganggo makutha kang adaté kaanggo ing ratu.[18]

Jarit kang kaanggo pérangan gedhéné bathik cakrik parang nanging uga ana kang nganggo cakrik kawung.[17] Panganggoné cakrik parang rusak barong mung kanggo ratu, cakrik parang rusak gendrèh kang gedhéné sedhengan kanggo para satriya, déné cakrik parang rusak klithik kanggo para wanita.[17] Ing jejer Kumbakarna maju ing palagan, dhèwèké nganggo jarit putih kang kasampiraké ing pundhaké minangka lambang suciné dhèwèké lan satriya kang luhur budiné. Kang mangkono nuduhaké yèn Kumbakarna maju ing palagan saperlu mbéla praja Alengka, dudu mbéla Rahwana.[11]

Paèsé balèt lumrahé ora akèh bédané saka paèsé wayang wong. Paès kaanggep ora akèh mrabawani obahan awak, obahan rai, lan polatan ing pagelaran binuka kang gedhé amarga kang nonton ing kadohan angèl weruh polatané kang njogèd kanthi cetha.[18] Paès dadi ciriné watak. Ing Indonésia, rainé Rama lan Laksmana warna kuning, déné ing ing Myanmar, Thailan, Kamboja, lan Malaysia rainé Rama warna ijo semu biru, lan rainé Laksmana warna kuning.[18]

Owah-owahan[besut | besut sumber]

Sapréné, kang ngopèni balèt Ramayana Prambanan wis ganti ping telu.[19] Kang ngopèni kapisan iku panitya nasiyonal kang langsung kabawah Departemen Perhubungan Darat, Pos, Telekomunikasi dan Pariwisata.[19] Ing tanggal 28 Mèi 1964, Paku Alam VIII yasa Yayasan Roro Jonggrang kang kapatah ngopèni lan nggelar balèt Ramayana Prambanan. Ing taun 1988, kang ngopèni balèt Ramayana Prambanan ganti dadi PT. Taman Wisata Candi Borobudur dan Prambanan kang tembayatan karo Yayasan Roro Jonggrang minangka kang ngopèni babagan gelaran balèt.[19] Sarampungé rèstorasi Candhi Brahma, Candhi Wisnu, lan Candhi Wahana, serta Candhi Sèwu lan Candhi Baka kang pernahé ing jaba Pacandhèn Prambanan, ing taun 1992, jenengé perseroan mau kalintu dadi PT. Taman Wisata Candi Borobudur, Prambanan & Ratu Boko.[19] Kawitané, balèt Ramayana ginelar patang pérangan ing pagelaran binuka saben sasi saka Mèi tekan Oktober suwéné patang wengi urut-urutan, ya iku ing dina Jumuwah, Sabtu, Minggu, lan Senin.[19] Éwadéné, ing pagelaran tinutup balèté ginelar saben Selasa sadawané taun kanthi wujud carita wutuhan.[19] Ing taun 1990, gelaran ing pagelaran binuka kaundhakaké dadi 2 ping 4 wengi lan panggah ing patang pérangan, déné ing pagelaran tinutup, gelaran kaundhakaké dadi saben Selasa, Rebo, lan Kemis.[19]

Ing dinané iki, gelaran ing pagelaran binuka katindakaké ing sasi Mèi tekan Oktober saben dina Selasa, Kemis, lan Sabtu lan lumrahé ing wektu purnama bakal katindakaké suwéné patang wengi urut-urutan. Ing pagelaran tinutup, gelarané katindakaké saben dina Selasa, Kemis, lan Sabtu sadawané taun ing jaba sasi Mèi tekan Oktober.[5] Balèt Ramayana Prambanan olèh pangaji Pacific Asia Travel Association (PATA) Gold Awards 2012 ing tanggal 21 April 2012 ing acara “PATA Annual Report Conference" kang kagelar ing Kuala Lumpur, Malaysia.[20]

Pérangan Geni Suci kolosal[besut | besut sumber]

Ing tanggal 15 Oktober 2012, balèt Ramayana Prambanan mitontonaké pérangan Geni Suci kanthi kolosal kang olèh pangaji Guinness World Records minangka gelaran jogèd kolosal Ramayana kang akèh dhéwé ngatutaké wong kanthi kang jogèd cacah 230 lan niyaga cacah 30, uga minangka balèt kang suwé lan ajeg dhéwé ginelar kawit taun 1961.[3][21] Pangaji mau diulungaké Lucia Sinigagliesi, Client Service Director minangka wakilé Guinness World Records.[22] Gelaran pérangan iki katindakaké nalika wengi ing pagelaran binuka lan suwéné udakara 25 menit.[21] Cepak-cepak kanggo gelaran iki suwéné rong sasi lan disutradarani Timbul Haryono kang uga minangka lurahé Yayasan Roro Jonggrang.[21][23] Alesan pamilihé pérangan Geni Suci iku kanggo minangkani akèhé kang jogèd ing panggung cacah siji.[21] Kang jogèd mau nglimputi 12 watek pokok lan réwang, 48 raseksa, 56 kethèk, 16 kang jogèd, 28 dhemit, lan 70 kang dadi geni.[23] Gelaran mawa kang jogèd akèh dhéwé ing siji panggung iki tembé katindakaké pisan kawit 1961. Lumrahé ing siji panggung kang jogèd ana wong cacah 100-150.[23]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j Soedarsono, R.M. dan Narawati, Tati (2011). "Sejarah Sendratari Ramayana Prambanan". Dramatari di Indonesia, Kontinuitas dan Perubahan. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. k. 260. ISBN 979-420-752-7. 
  2. ^ "Sendratari Ramayana". Indonesia Kaya. Dijupuk 2014-05-03. 
  3. ^ a b "Sendratari Ramayana Prambanan Tercatat dalam Rekor Dunia Guinness". Universitas Gadjah Mada. Dijupuk 2014-05-03. 
  4. ^ "‘Ramayana’ ballet breaks world records". Jakarta Post. Dijupuk 2014-05-03. 
  5. ^ a b c "Ramayana Ballet at Prambanan". Borobudur, Prambanan & Ratu Boko. Dijupuk 2014-05-03. 
  6. ^ a b c d e f g h i j k l m n Moehkardi (2011). "Epos Ramayana". Sendratari Ramayana Prambanan Seni dan Sejarahnya. Jakarta: Kepustakaan Populer Gramedia bekerja sama dengan PT. Taman Wisata Candi Borobudur, Prambanan, & Ratu Boko. k. 1-30. ISBN 978-979-91-0332-1. 
  7. ^ Sumarsih. "Kandungan Filosofis Dalam Serat Rama". Pusat Data Wayang Indonesia. Dijupuk 2014-05-13. 
  8. ^ a b "Mengikuti Kisah Ramayana Melalui Relief Prambanan". Kedaulatan Rakyat. Dijupuk 2014-05-15. 
  9. ^ a b c d e f g h i j k l m n Moehkardi (2011). "Pementasan Perdana dan Tanggapannya". Sendratari Ramayana Prambanan Seni dan Sejarahnya. Jakarta: Kepustakaan Populer Gramedia bekerja sama dengan PT. Taman Wisata Candi Borobudur, Prambanan, & Ratu Boko. k. 106-122. ISBN 978-979-91-0332-1. 
  10. ^ "Sendratari Ramayana Prambanan raih "PATA Gold Award"". Antara. 17 April 2012. Dijupuk 2014-05-14. 
  11. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z Soedarsono, R.M. dan Narawati, Tati (2011). "Pagelaran Sendratari Ramayana Prambanan Empat Episode di Panggung Terbuka Prambanan". Dramatari di Indonesia, Kontinuitas dan Perubahan. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. k. 274-310. ISBN 979-420-752-7. 
  12. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w Moehkardi (2011). "Pembagian lakon". Sendratari Ramayana Prambanan Seni dan Sejarahnya. Jakarta: Kepustakaan Populer Gramedia bekerja sama dengan PT. Taman Wisata Candi Borobudur, Prambanan, & Ratu Boko. k. 60-73. ISBN 978-979-91-0332-1. 
  13. ^ Nayati, Widya (2012). "Investarisasi Perlindungan Karya Budaya Sendratari Ramayana Provinsi DIY". Yogyakarta: Pusat Studi Kebudayaan UGM bekerja sama dengan Balai Pelestarian Nilai Budaya Yogyakarta. 
  14. ^ a b c Soedarsono, R.M. dan Narawati, Tati (2011). "Karakterisasi Gerak Tari Sendratari Ramayana Prambanan". Dramatari di Indonesia, Kontinuitas dan Perubahan. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. k. 269-271. ISBN 979-420-752-7. 
  15. ^ a b c d e f Moehkardi (2011). "Tari Jawa Gaya Surakarta dan Gaya Yogyakarta". Sendratari Ramayana Prambanan Seni dan Sejarahnya. Jakarta: Kepustakaan Populer Gramedia bekerja sama dengan PT. Taman Wisata Candi Borobudur, Prambanan, & Ratu Boko. k. 46-48. ISBN 978-979-91-0332-1. 
  16. ^ a b c Moehkardi (2011). "Panggung terbuka". Sendratari Ramayana Prambanan Seni dan Sejarahnya. Jakarta: Kepustakaan Populer Gramedia bekerja sama dengan PT. Taman Wisata Candi Borobudur, Prambanan, & Ratu Boko. k. 56-60. ISBN 978-979-91-0332-1. 
  17. ^ a b c d e Soedarsono, R.M. dan Narawati, Tati (2011). "Karakterisasi Busana dan Rias". Dramatari di Indonesia, Kontinuitas dan Perubahan. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. k. 271-273. ISBN 979-420-752-7. 
  18. ^ a b c d e f Moehkardi (2011). "Tata busana dan tata rias". Sendratari Ramayana Prambanan Seni dan Sejarahnya. Jakarta: Kepustakaan Populer Gramedia bekerja sama dengan PT. Taman Wisata Candi Borobudur, Prambanan, & Ratu Boko. k. 103-105. ISBN 978-979-91-0332-1. 
  19. ^ a b c d e f g Moehkardi (2011). "Perkembangan Sendratari Ramayana Prambanan". Sendratari Ramayana Prambanan Seni dan Sejarahnya. Jakarta: Kepustakaan Populer Gramedia bekerja sama dengan PT. Taman Wisata Candi Borobudur, Prambanan, & Ratu Boko. k. 123-151. ISBN 978-979-91-0332-1. 
  20. ^ "Long running Prambanan Ramayana Ballet wins PATA Gold Award 2012". Kementerian Pariwisata dan Ekonomi Kreatif Republik Indonesia. Dijupuk 2014-05-03. 
  21. ^ a b c d "Sendratari Ramayana Prambanan Tercatat dalam Rekor Dunia Guinness World Records". National Geographic Indonesia. Dijupuk 2014-05-15. 
  22. ^ "Sendratari Ramayana Prambanan Raih Rekor Dunia". Republika Online. Dijupuk 2014-05-15. 
  23. ^ a b c "Sendratari Prambanan Pecahkan Rekor Dunia". Kompas.com. Dijupuk 2014-05-15. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]