Anatomi
Anatomi (asalé saka basa Yunani ἀνατομία anatomia, saka ἀνατέμνειν anatemnein, tegesé ngiris) iku cabang biologi kang gegandhéngan karo struktur lan organisasi saka makluk urip. Ana uga anatomi kéwan utawa zootomi lan anatomi tetanduran utawa fitotomi. Sapérangan cabang èlmu anatomi yaiku anatomi perbandhingan, histologi, lan anatomi manungsa.
Bab lan Paragraf |
Anatomi kéwan [sunting]
Anatomi kéwan iku sinebut anatomi perbandhingan utawa morfologi kéwan. Menawa arep nyinaoni struktur manéka warna kéwan, lan sinebut anatomi khusus menawa mung nyinaoni sakjenis kéwan.
[sunting]
Saka kagunaané, bagéyan paling penting anatomi khusus iku nyinaoni menungsa kanthi manéka warna pendekatan kang béda.
Saka bagéyan medis, anatomi kapérang saka manéka warna pengetauan bab wangun, papan panggonan, ukuran, lan gandhéngan manéka warna struktur saka badan menungsa sehat saéngga asring kasebut anatomi deskriptif utawa topografis.
Karumitan badan menungsa njalari mung sithik ahli anatomi menungsa profesional kang bener-bener nguwasani bidang èlmu iki; sapérangan gedhé duwé spesialisasi ing bagéyan tartemtu kaya utek utawa bagéyan njero.
Anatomi topografi kudu disinaoni kanthi mbedhah lan mriksa makaping-kaping ing badan menungsa kang wus mati (kadaver).
Anatomi ora mung sakedhar èlmu biasa, nanging kudu bener-bener nduwèni kaakuratan kang dhuwur amarga bisa dipigunaaké ing situasi kang darurat.
Patologi anatomi iku èlmu bab organ kang duwé kelainan lan ana ing kaanan lara. Èlmu iki diterapaké kanggo manéka warna tujuan kaya bedhah lan ginekologi.
Anatomi modhérn [sunting]
Saiki anatomi dikenal dadi èlmu kang kasusun sistematis. Pendhak bagéyan anatomis (kaya saraf, arteri, lan liyané) diklumpukaké miturut sistem organé. Tujuanné yaiku kanggo nggampangaké pamahaman bagéyan kasebut ing èlmu liyané kaya fisiologi, bedhah, lan patologi.
Pirsanana uga [sunting]
- Istilah panggonan anatomi
- Istilah gerakan anatomi
- Sajarah anatomi
- Istilah bagéyan anatomi kang asalé saka jeneng wong
- Anatomi menungsa
- Organ (anatomi)
Pranala njaba [sunting]
- (en) Neuroanatomy iku situs jurnal taunan bab neuroanatomi klinis.
- (en) Atlas Otak Primata kanthi Résolusi Dhuwur
- (en) Atlas anatomi online gratis
- (en) NPAC Visible Human Viewer
- (en) Kamus kedhokteran online
- (en) Anatomy of the Human Body déning Henry Gray
- (en) Sumber Online Radiologi Anatomi
- (en) Gray's Anatomy wiki
- (en) http://immunity-info.net
- (en) Anatomy Atlases - Perpustakaan anatomi digital
- (en) Instant Anatomy - Website anatomi online
