Untu

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Bagéan saka untu molar manungsa

Untu (basa krama: waja) iku bagéan atos sing ana ing njeron tutuké akèh vertebrata. Untu duwé struktur sing akèh variasiné sing mungelaké untu-untu iki kanggo nglakoaké akèh tugas. Fungsi utamané untu iku kanggo nyuwèk lan mamah panganan lan ing sapérangan kéwan, utamané karnivora, minangka senjata. Oyoté untu katutup déning gusi. Untu duwé struktur pelindung sing disebut émail untu, sing mbiyantu nyegah bolongé untu. Pulp njeron untu nyiut lan dentin kadheposit ing papané.

Untu iku bagéan paling mbédaaké ing jenis mamalia sing béda, lan salah sawijiné sing bisa dadi fosil kanthi apik. Paleontologis migunnaké kanggo ngidhentifikasi jenis fosil lan asring gegandhéngan ing antarané. Wangun untu magepokan karo jenis panganan kéwan kasebut. Umpamané herbivora duwé akèh untu graham kanggo mamah amarga suket angel dicerna. Karnivora mbutuhaké taring kanggo matèni lan nyuwèk, lan amarga daging gampang dicerna, mila kéwan-kéwan iku bisa ngelek panganan kasebut tanpa mbutuhaké graham kanggo mamah panganan kasebut ndhisik.

[sunting] Pirsanana uga

[sunting] Pranala njaba

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Untu&oldid=635778"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès