Tungkai
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Tungkai iku bagéyan saka awak tambahan (extremites) ing sato kéwan (lan uga ing manungsa), sing obah ing dharatan lan biasané dipigunakaké minangka alat pindhah panggonan. Istilah sadina-dina tumrap tungkai nyakup tangan, sikil, utawa swiwi, gumantung fungsiné. Tungkai biasané ana sepasang. Tungkai sing mligi dianggo pindhah panggonan (lokomosi) biasa diarani sikil. Tungkai sing dianggo njupuk samubarang diarani tangan, déné tungkai sing dipigunakaké kanggo pindhah panggonan liwat udhara ("mabur") diarani swiwi.