Klitoris

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Klitoris
VaginalOpening.png
Posisi klitoris dan selubung klitoris (clitoral hood) di alat kelamin wanita
Clitoris inner anatomy.gif

Klitoris iku organ sèksual wanita sing dunungé ana ing sisih ndhuwur ing antarané kaloro labia minora (bibir vagina njero).

[sunting] Wangun

Klitoris dumadi saka siji dhaérah bunder sing diarani kelenjar, lan bagéyan sing luwih dawa, disebut batang, sing nduwèni wangun-wangun cekungan mèmper karo sing diduwèni penis. Jaringan bibir bagéan njero biasané nutupi batang klitoris, sing dadi tutup kanggo nglindhungi. Siji-sijiné bagéan klitoris sing bisa dideleng langsung yakuwi kelenjaré, sing katon kaya kancing cilik gilap. Ukuran lan wanguné béda-béda ing saben wong. Klitoris bisa dideleng kanthi nyingkap kulit selubung klitoris menyang mburi. Ana akèh banget pucuk saraf jroning klitoris lan ing tlatah saubengé.

[sunting] Fungsi

Akèhé ujung saraf jroning klitoris nyebabaké dadi sènsitif banget marang sénggolan utana penetan langsung utawa ora langsung. Bab iki mèmper karo penis ing pria. Rangsangan ing dhaérah klitoris bisa nekakaké rasa nikmat, lan dadi siji-sijiné fungsi organ iki sing wis kinawruhan. Klitoris ora ana hubungané karo mbobot, menstruasi, utawa uyuh.

[sunting] Pranala njaba

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Klitoris&oldid=659976"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès