Prostat
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Kelenjar prostat)
Prostat iku kelenjar eksokrin jroning sistem réprodhuksi mamalia jantan. Fungsi utamané yakuwi kanggo ngetokaké lan nyimpen sajinis cairan sing dadi rong protelon bagéan saka mani. Prostat béda-béda saka siji spesies lan spesies liyané ing babagan anatomi, kimia lan fisiologi.
Prostat sing tansaya gedhé (pembesaran) iku gejala umum sing diderita wong lanag sadhuwuré umur 50 taun. Pembesaran dumadi ing bagéan tengah saka kelenjar prostat sing ngubengi saluran uyuh (uretra). Pembesaran kelenjar prostat sing sinambung bisa nyebabaké tahap sing luwih serius nganti dadi kanker prostat.
