Patologi
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Patologi iku cawang kedhokteran sing magepokan karo ciri-ciri lan perkembangan panyakit liwat analisis owah-owahan fungsi utawa kahanan bagéan awak.
Bidhang patologi dumadi saka patologi anatomi lan patologi klinik. Ahli patologi anatomi gawé kajian kanthi neliti organ déné ahli patologi klinik neliti owah-owahan fungsi sing nyata ing fisiologi awak.