Laring
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Potongan posterior ligamen-ligamen jroning laring.
Laring, utawa kothak swara (voicebox), iku organ ing gulu mamalia sing nglindhungi trakea lan kanggo prodhuksi swara. Laring ngandhut pita swara (vocal cord) lan dumunung ing dhaérah rongga ndhuwur kapisah dadi trakea lan esofagus. Struktur laring umumé dumadi saka balung enom (basa Indonesia: tulang rawan), sing kaiket déning ligamen lan otot.
Peradhangan utawa infèksi laring disebut laringitis
| Sistem ambegan - sunting |
|---|
|
Irung | Rongga irung | Faring | Laring | Trakea | Paru-paru | Zona pangubung | Zona respiratori |