Histologi
Histologi iku bidhang biologi sing nyinaoni struktur jaringan sacara detil migunakaké mikroskop marang cawisan (sediaan) jaringan sing dipotong tipis. Histologi bisa uga disebut minangka èlmu anatomi mikroskopis. Bidhang biologi iki migunani banget jroning kaakuratan diagnosis tumor lan manéka panyakit liya sing sampelé perlu pamriksaan histologis.
Cara gawé sediaan histologis disebut mikroteknik. Gawé sediaan saka sawijining jaringan diwiwiti kanthi operasi, biopsi, utawa autopsi. Jaringan sing dijupuk sabanjuré diprosès kanthi fiksatif sing bakal njaga supaya sediaan ora bakal rusak (gèsèr posisiné, bosok, utawa rusak). Fiksatif sing paling umum dipigunakaké yakuwi formalin (10% formaldehida sing dilarutaké jroning banyu). Larutan Bouin uga bisa dipigunakaké minangka fiksatif alternatif senadyan asilé ora bakal apik kaya formalin amarga bakal ninggalaké tilas warna kuning lan artefak. Artefak iku barang sing ora ana ing jaringan asli, nanging katon ing asil pungkasan sediaan. Artefak iki kabentuk amarga kurang sempurnané gawé sediaan.
Sampel jaringan sing wis kafiksasi direndhem jroning cairan etanol (alkohol) bertingkat kanggo ngilangaké banyu jroning jaringan (dehidrasi). Sabanjuré sampel dipindah menyang toluena kanggo ngilangaké alkohol (dealkoholisasi). Langkah pungkasan sing diayahi yakuwi nglebokaké sampel jaringan jroning parafin panas sing nginfiltrasi jaringan. Sajroning prosès sing lumangsung watara 12-16 jam iki, jaringan sing wiwitané lembek bakal dadi atos saéngga luwih gampang dipotong nganggo mikrotom. Pamotongan nganggo mikrotom iki bakal ngasilakén lapisan kanthi kandel 5 mikrometer. Lapisan iki sabanjuré didèlèh ing sadhuwuring kaca objek kanggo diwènèhi werna.
Pewarnaan perlu diayahi amarga objek kanthi kandel 5 mikrometer bakal katon transparan senadyan ing sangisoring mikroskop. Pewarna sing biasa dianggo yaiku hematoxylin lan eosin. Hematoxylin bakal mèhi werna biru ing nukelus, déné eosin mènèhi werna abang enom ing sitoplasma. Isih ana manéka dat werna liya sing biasa dipigunakaké jroning mikroteknik, gumantung marang jaringan sing kepingin diamati. Èlmu sing nyinaoni pewarnaan jaringan disebut histokimia.
[sunting] Klasifikasi histologis jaringan kéwan
- epitelium: nglapisi kelenjar, saluran pancernaan, kulit, lan sawetara organ kaya ati, paru-paru, ginjal
- endotelium: nglapisi pembuluh getih lan pembuluh limfa
- mesotelium: nglapisi rongga pleural, peritoneal, lan perikardial
- mesenkima: sèl sing ngisi ruangan antarorgan, umpamané sèl lemak, otot, lan tendon sèl getih: dumadi saka sèl getih abang lan getih putih, jroning limfa utawa limpa
- neuron: sel-sel sing mbentuk utek, saraf, lan sebagéan kelenjar kayadéné pituitari lan adrenal
- plasenta: organ terspesialisasi sing duwé peran jroning pertumbuhan fetus jroning rahim sang ibu
- sèl indhuk: sèl-sèl sing bisa berkembang dadi siji utawa sawetara jinis sèl ing dhuwur.
Jaringan saka tetanduran, jamur, lan mikroorganisme uga bisa disinaoni sacara histologis, nanging strukturé béda saka klasifikasi ing dhuwur.