Psikiatri
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Psikiatri iku sawijining cawang èlmu kedhokteran sing nyinaoni aspèk kaséhatan jiwa sarta pengaruh timbal balik marang fungsi-fungsi fisiologis organo-biologis awak manungsa. Minangka sawijining cawang èlmu kedhokteran, èlmu psikiatri ora madeg dhéwé, nanging tansah kolaborasi lan kabèh aspèké tansah magepokan karo cawang-cawang èlmu kedhokteran liyané, umpamané karo cawang èlmu saraf (Neurologi) lan èlmu panyakit njero (Internal Medicine).
Èlmu psikiatri dibangun ing 4 fondasi dhasar, yaiku:
- Dimensi Organo-biologis yaiku aspèk kawruh ngenani organ-organ awak sarta fungsi fisiologis awak manungsa khususnya sing berkaitan langsung dengan aspèk kaséhatan jiwa (seperti Sistem Susunan Saraf Pusat)
- Dimensi Psiko-edukatif yaiku aspèk kawruh ngenani perkembangan psikologis manungsa sarta pengaruh pendidikan-pengajaran marang manungsa wiwit lair nganti tuwa.
- Dimensi Sosial-Lingkungan yaiku aspèk kawruh ngenani pengaruh kondisi sosial-budaya sarta kondisi lingkungan kauripan marang derajat kaséhatan jiwa manungsa.
- Dimensi Spiritual-Religius yaiku aspèk kawruh ngenani pengaruh taraf penghayatan lan pengamalan nilai-nilai spiritual-religius marang derajat kaséhatan jiwa manungsa.