Panyakit njero
Panyakit njero iku cawang lan spesialisasi kedhokteran sing nangani diagnosis lan penanganan organ njero tanpa bedhah ing pasien diwasa.
Kanggo dadi dhokter panyakit njero, uga disebut "internis", dhokter kudu ngrampungna pendhidhikan spesialis sajroning 4-5 taun kanggo nyinaoni cara ndiagnosis, lan ngrawat panyakit sing nyerang wong diwasa. Dhokter panyakit njero ing Indonesia diwènèhi gelar SpPD.
[sunting] Perawatan
Dhokter panyakit njero dilatih kanggo njawab teka-teki masalah diagnosis lan nangani panyakit lan kahanan kronis parah nalika sawetara panyakit sing béda-béda bisa kedadéyan bebarengan.
[sunting] Subspesialisasi
Dhokter panyakit njero bisa milih praktèk ing panyakit njero sacara umum, utawa njupuk pelatihan tambahan kanggo "subspesialisasi" (superspesialisasi) marang salah siji saka 13 dhaerah panyakit njero, umumé disusun miturut sistem organ. Contoné, spesialisasi jantung, dhokter panyakit njero sing mligi ngenani panyakit jantung. Pelatihan subspesialisasi (biasa disebut "fellowship") biasané merlokaké pelatihan tambahan 1-3 taun sadurungé dadi residen panyakit njero 4-5 taun sing standar.
Ana badan sing ngatur subspesialisasi panyakit njero ing Indonesia, yakuwi Persatuan Ahli Panyakit njero Indonesia.
Ing ngisor iki subspesialisasi sing diakoni déning American Board of Internal Medicine[1].
- Kardiologi, ngurusi gangguan jantung lan pembuluh getih
- Endokrinologi, ngurusi dengan gangguan sistem endokrin lan sekresi spesifiknya sing disebut hormon
- Gastroenterologi, magepokan karo bidhang panyakit sistem pencernaan
- Hematologi, magepokan karo getih, organ pembentuk lan gangguané
- Panyakit nular, magepokan karo panyakit sing disebabaké agen biologis kaya virus, baktèri utawa parasit
- Onkologi medhik, ngurusi studi lan perawatan kanker
- Nefrologi,ngurusi studi fungsi lan panyakit ginjal
- Pulmonologi, ngurusi panyakit paru-paru lan jalur pernafasan
- Rematologi, mligi babagan diagnosis lan terapi panyakit rematik.
uga ngakoni kualifikasi tambahan ing tlatah iki
- Kedhokteran remaja
- Elektrofisiologi jantung klinik
- Kedhokteran perawatan gawat dharurat
- Geriatri
- Kardiologi intervensi
- Kedhokteran olahraga
- Hepatologi cangkok
Dhokter panyakit njero uga duwé spesialisasi ing babagan alergi lan imunologi. American Board of Allergy, Asthma, and Immunology minangka badan gabungan antara panyakit njero lan pediatri.
American College of Osteopathic Internists ngakoni subspesialisasi-subspesialisasi ing ngisor iki.[2]
- Alergi/Imunologi
- Kardiologi
- Kedhokteran perawatan gawat dharurat
- Endokrinologi
- Gastroenterologi
- Geriatri
- Hematologi/Onkologi
- Panyakit nular
- Kedhokteran nuklir
- Nefrologi
- Pulmonologi
- Rematologi
[sunting] Pranala njaba
- Persatuan Ahli Panyakit njero Indonesia
- Hematologi Onkologi Medik Panyakit njero Indonesia
- cell research - Pusat Riset Sel Sabit Dunia di Burla, Orissa, India
- American College of Physicians - perkumpulan dhokter spesialis panyakit njero terbesar di dunia
- Doctors for Adults.com - The American College of Physicians' patient education Web site, dengan banyak info tentang panyakit njero lan dokternya
- On-line Internal Medicine Journal Club (lewat JournalReview.org)
- The American Board of Internal Medicine - Badan sertifikasi panyakit njero terbesar lan subspesialisasi terkait di AS
- Canadian Society of Internal Medicine
- The American College of Osteopathic Internists
- The American College of Osteopathic Internists
- Internal Medicine positions - posisi panyakit njero sing tersedia
|
|||||||||||