Wong Ternaté

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Wong Ternate)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Pulo Ternate, minangka papan dunungipun Suku Ternate

Suku Ternate kanthi populasi 50.000 jiwa dumunung wonten ing Pulo Ternate. Pulo punika kalebet ing wewengkon provinsi Maluku Utara kanthi kutha krajanipun Kota Ternate. Kajawi dumunung ing pulo asalipun, tiyang Ternate ugi dumunung ing laladan sanès, kados ta wonten ing pulo Bacan lan pulo Obi ingkang kalebet ing wewengkon kabupatèn Halmahera Tengah, sarta wewengkon sanès ing lebet lan njawi Provinsi Maluku Utara.[1]

Basa Ternate[besut | besut sumber]

Tiyang Ternate gadhah basa piyambak, inggih punika basa Ternate. Para ahli gadhah pamanggih bilih basa punika kalebet ing rumpun basa Halmahera Utara, ingkang minangka kelompok basa non-Austronesia. Basa Ternate kathah maringi prabawa basa Melayu Maluku Utara, basa Melayu ing Tidore lan basa Melayu ing Tanah Minahasa (Manado).[2] Tembung-tembung wonten ing basa Melayu Maluku Utara kados ta: ngoni,ngono lsp, kapendhet saking basa Ternate

Mata Pencaharian[besut | besut sumber]

Mata pencaharian tiyang Ternate dados wong tani lan warigaluh. Wonten ing babagan tetanen sami nanem pantun, sayur, kacang-kacangan, tela, lan pala pendhem sanèsipun. Taneman keras ingkang dipunusahakaken inggih punika cengkeh, klapa lan pala. Cengkeh minangka taneman bumbon crakèn ingkang sampun gadhah sajarah ingkang dangu wonten ing Ternate. Cengkeh minangka daya tarik ingkang ngundang rawuhipun bangsa Éropah ing laladan punika. Kajawi punika, tiyang-tiyang Ternate ugi misuwur minangka pelaut-pelaut ingkang ulung.[3]

Pola Pemukiman[besut | besut sumber]

Pemukiman penduduk limrahipun jejer wonten ing garis pasisir. Griya-griyanipun dipunbangung ing pinggir margi-margi lan sejajar kaliyan garis pasisir ing laladan perkotaan. Struktur bangunanipun manéka jinis sami kaliyan gaya para pendatang saking njawi Halmahera ing pedesaan. Wonten ing pedesaan, griya-griya penduduk kadamel saking suket ilalang.[3]

Agama[besut | besut sumber]

Saderengipun agama Islam mlebet ing Pulo Ternate, suku punika kapérang ing kelompok-kelompok masarakat. Kelompok kerabat suku Ternate dipunpimpin déning mamole. Sesarengan kaliyan mlebetipun Islam. Mamole punika kagabung dados satunggal konfederasi ingkang dipunpimpin déning kolano. Lajeng, sasampunipun Ilsam dados langkung mantep, struktur kepemimpinan kolano éwah dados kesultanan. Wonten ing struktur kolano, ikatan genealogis lan teritorial gadhah peran minangka faktor pemersatu, déné wonten ing kesultanan agama Islam ingkang dados faktor pemersatu. Wonten ing struktur kesultanan, kejawi lembaga tradhisional ingkang sampun wonten, dumadi ugi lembaga keagamaan. Kesultanan Ternate taksih wonten dumugi sapunika déné namung simbolik. Nanging wekdal punika, kesultanan Ternate katingal bangkit malih.[4]

Cathetan suku[besut | besut sumber]