Wong Kaur

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Suku Kaur, Bengkulu

Suku Kaur inggih punika salah satunggaling golongan étnis ingkang dumunung ing laladan Bintuhan, Kacamatan Kaur Selatan, Tanjungiman, Kacamatan Kaur Tengah lan Padangguci, kacamatan Kaur Utara, ing pinggir pasisir samudra Indonésia, Provinsi Bengkulu.[1] Laladan papan dunungipun tiyang Kaur winatesan kaliyan papan dunungipun tiyang Serawai lan Pasemah. Suku punika ugi gadhah basa piyambak, inggih punika basa Kaur, ingkang kagolong rumpun basa Malayu.[2]

Sosial Budaya[besut | besut sumber]

Mata pencaharian pokok inggih punika nanem pantun. Kajawi punika, laladan punika misuwur kanthi kasiling cengkeh lan lada. Sapérangan usah tambahan inggih punika raja-kaya, njala iwak, lan dagang. Kaum kakung makarya ing ladang déné kaum wanita ngurus rumah tangga. Limrahipun, sasampunipun panén pantu, masyaraka nanem woh-wohan kados durèn lan pelem. Kaum wanita suku Kaur ing désa Gedung Sako Senahak, taksih nusoni bayinipun ing papan-papan umum. Dhasaripun tiyang-tiyang ingkang njaga karesikan lan busananipun ingkang patut. Suku Kaur mapan ing omah watu ingkang atepipun sèng. Listrik sampun wonten. Upunikapun griya-griya punika sadaya dipuncèt kanthi werni biru lan pethak. Perapian limrahipun kanggé masak lan sumur katingal ing wingking griya, makaten ugi ayam, bebek lan sapi katingal playon ing papan punika. "Gotong royong" lan pelayanan masarakat dipuntindakaken ing désa punika, tuladhanipun: panjenengan saged nyuwun tulung kanggé ngewangi panen lan bènten dinten panjenengan bandhe mbiyantu tiyang sanès.[3]

Tiyang Kaur boten angsal palakrama kaliyan tiyang saking klen sanès. Nanging saged palakrama kaliyan tiyang Kaur saking désa sanès. Palakrama namung saged dipunadani sasampunipun karaméan Panen Pantun. Umur palakrama limrahipun 20 taun kanggé kakung lan 15-16 taun kanggé wanita. Manawi penganten kakung kepéngin penganten putrinipun mapan sareng kaliyan kulawarganpun, penganten kakung kedah mbayar kulawarga penganten putri Rp. 50.000, lan manawi penganten kakung kedah mapan ing dalemipun penganten putri, tiyang sepuhipun penganten putri namung dipunwajibaken maringi kenang-kenangan dhumateng pihak kakung. Generasi sepuh suku Kaur limrahipun gadhah rata-rata 13 anak ing saben kulawarganipun nanging sapunika kanthi wontenipun program KB saking pamaréntah, namung patutan 3.[4]

Kapitadosan[besut | besut sumber]

Suku Kaur 100% penganut agama Islam. Ing saben désanipun paling boten wonten satunggal utawi kalih masjid. Putra-putra limrahipun sekolah ing sekolah Islam (madrasah). Ing sekolah pamaréntah dipunwulangaken basa Indonésia lan basa Inggris

Cathetan suku[besut | besut sumber]