Suku Dayak Banyadu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Suku Dayak Banyadu
Dayak Banyadu
Seorang Imam Dayak sedang memimpin ritual agama Kaharingan
Wewengkon Penyebaran

Kabupatèn Landak Kabupatèn Bengkayang Kabupatèn Sanggau Republik Indonesia Dan Republik Taiwan

Dialek Banyadu
Agama Katolik 60 %, Protèstan30 % & Sisanya Agama Adat Kaharingan
Kelompok Dialek Terdekat Dialek Suku Dayak Bakati, Dialek Suku Dayak Kanayatn & Dialek Suku Dayak Bidayuh

Suku (Wong) Dayak Banyadu utawi Dayak Banyuke inggih punika salah satunggalih sub-suku Dayak ingkang papan dunungipun ing wewengkon Provinsi Kalimantan Barat, Indonesia. Tembung "Suku Dayak Banyadu" kapendhet saking tembung ing basa sukunipun inggih punika tembung " Nyadu" ingkang tegesipun " Boten" tembung punika dipun-ginakaken minangka istilah pembeda dhialèk kaliyan dhialèk Dayak sanèsipun, dné tembung "Dayak Banyuke"[1] kapendhet saking nama Bandong tiyang Banyadu Jaman rumiyin ingkang nalika sapunika namung wujud sawijining kampung ingkang dumunung ing désa Samade kacamatan Banyuke hulu. Dayak Banyadu piyambak minangka salah satunggaling anal suku ing kulawarga Suku (Wong) Dayak Kanayatn. Manawi dipun-gantos saking basanipun Dayak Banyadu kaliyan Dayak Bakati minangka transisi antawisipun kulawarga Wong Dayak kanayatn kaliyan kulawarga Dayak Bidayuh in pundi sapérangan basanipun mirib utawi sami kaliyan basa kanayatn lan sapérangan malih mirib utawi sami kaliyan basa bidayuh. Umumipun unen-unen vokal basa banyadu ingkang sami kaliyan basa kulawarga Wong Dayak Kanayatn sanèsipun langkung kamireng vokal " U " kados ta tembung " ada " ing basa kanayatn sanèsipun, Kanayatn Banyadu dados "Adu" tembung " sama" dados "Samu" tembung "Datakng" dados "Dutukng", "pesan' dados "pesun', "beluk' dados "asup", "dalam" dados "dalum/darupm", "malam' dados "malum/ marupm", lan sanès-sanèsipun.[2]

Agama[besut | besut sumber]

Sistem religi tiyang Banyadu inggih punika agama adat utawi ing salebeting istilah masarakat Dayak Kalimantan tengah dipunsebut Kaharingan. Sistem kepercayaan punika sampun monoteis ing pundi pusatipun namung satunggal Gusti ingkang dipunsebut Jubata. Ing ngendhalikaken dunya Jubata dipunbiyantu déning sangiakng-sangiakng utawi sajinis malaékat ing agama samawi. Nalika imam Banyadu nindakaken ritual agama adat asring nama Jubata dipunsebut-sebut minangka jubata ingakng wonten ing gunung punika, utawi gunung ingkang wonten ing daerah pundi, bab punika boten ateges bilih Jubata mau cacahipun kathah nanging langkung ateges bilih sang kuwasa (Gusti) wonten ing pundi kemawon utawi kuawos ing sedayanipun. Jubata ing masarakat Dayak Banyadu kados déné ingkang wonten ing masarakat Suku Dayak kanayatn sanèsipun dipunsebut-sebut dumunung ing swarga nginggil (saruga samo) utawi ing lapisan langit kapitu utawi ingkang mligi dipunsebut minangka Sabayatn. Ing wekdal sapunika tiyang Banyadu minangka penganut Kristen Katholik, Kristen Protèstan lan sanèsipun pengikut agama adat (Kaharingan).[3]

Tokoh-Tokoh Dayak Banyadu[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]