Bakso: Béda antara owahan
c éjaan, replaced: yaiku → ya iku (5) using AWB |
c éjaan using AWB |
||
Larik 32: | Larik 32: | ||
*[[Bakso kotak]]<ref name="internet1"/> |
*[[Bakso kotak]]<ref name="internet1"/> |
||
Bakso kotak ya iku bakso kang bentuké kotak utawa ''persegi empat''.<ref name="internet4"/> Bakso kotak bahané kaya bakso bunder biyasa, ananging bentuké digawé kotak.<ref name="internet4">{{id}}[http://www.republika.co.id/berita/gaya-hidup/kuliner/11/01/16/158870-bakso-kotak-terinspirasi-program-komputer http://www.republika.co.id/](dipunundhuh tanggal 9 Mei 2011)</ref> |
Bakso kotak ya iku bakso kang bentuké kotak utawa ''persegi empat''.<ref name="internet4"/> Bakso kotak bahané kaya bakso bunder biyasa, ananging bentuké digawé kotak.<ref name="internet4">{{id}}[http://www.republika.co.id/berita/gaya-hidup/kuliner/11/01/16/158870-bakso-kotak-terinspirasi-program-komputer http://www.republika.co.id/](dipunundhuh tanggal 9 Mei 2011)</ref> |
||
Bakso kothak idéné éntuk saka program komputer kang diarani [[Auto-Cad]].<ref name="internet4"/> Yèn bakso bunder digawé bunder-bunder nganggo tangan, bakso [[coklat]] dibentuk nganggo cithakan dhéwé.<ref name="internet4"/> Bakso kothak |
Bakso kothak idéné éntuk saka program komputer kang diarani [[Auto-Cad]].<ref name="internet4"/> Yèn bakso bunder digawé bunder-bunder nganggo tangan, bakso [[coklat]] dibentuk nganggo cithakan dhéwé.<ref name="internet4"/> Bakso kothak nduwèni ukuran kurang luwih [[5]]x[[2]]x[[2]] [[cm]].<ref name="internet4"/> |
||
*[[Bakso gepeng]]<ref name="internet1"/> |
*[[Bakso gepeng]]<ref name="internet1"/> |
||
Larik 48: | Larik 48: | ||
==Bahan nggawé bakso== |
==Bahan nggawé bakso== |
||
Bakso bisa digawé saka bahan-bahan kayata daging sapi, [[iwak]] (iwak kang dagingé putih kayata [[tengiri]], [[kakap]], [[kerapu]], [[tuna]], utawa [[iwak gabus]]), [[urang]], unus ( |
Bakso bisa digawé saka bahan-bahan kayata daging sapi, [[iwak]] (iwak kang dagingé putih kayata [[tengiri]], [[kakap]], [[kerapu]], [[tuna]], utawa [[iwak gabus]]), [[urang]], unus (nus), lan iwak pitik.<ref name="internet5">{{id}}[http://bos.fkip.uns.ac.id/pub/ono/pendidikan/materi-kejuruan/pertanian/teknologi-hasil-pertanian-dan-perikanan/pengolahan_bakso_ikan.pdf http://bos.fkip.uns.ac.id/](dipunundhuh tanggal 9 Mei 2011)</ref> |
||
Jenengé bakso biyasané padha kaya daging kang dadi bahané.<ref name="internet5"/> Umpamané bakso kang digawé saka iwak, diarani bakso iwak, bakso kang digawé saka sapi diarani bakso sapi, bakso kang diiséni buah, diarani bakso buah, lan liya-liyané.<ref name="internet5"/> |
Jenengé bakso biyasané padha kaya daging kang dadi bahané.<ref name="internet5"/> Umpamané bakso kang digawé saka iwak, diarani bakso iwak, bakso kang digawé saka sapi diarani bakso sapi, bakso kang diiséni buah, diarani bakso buah, lan liya-liyané.<ref name="internet5"/> |
||
Révisi kala 4 Maret 2016 02.14
Panggonan asal | China |
---|---|
Woworan pokok | daging dicampur glepung |
Buku masakan: Bakso Médhia: Bakso |
Bakso utawa baxo[1] iku sawijining panganan Indonésia. Bakso iku rupané awujud daging sing dicampur glepung kanji sithik lan dibentuk bundher-bundher.[2]
Sajarah
Bakso iku asalé saka basa China kang kasusun saka rong tembung, ya iku bak lan so.[2] Bak tegesé daging babi, déné so tegesé mi lan sop.[2] Ing Indonesia dhéwé daging babi diganti nganggo daging sapi, nanging tetep diarani bak.[2] Crita ngenani bakso ana wiwit abad 17, nalika pungkasané Dinasti Ming.[3] Ing sawijining désa ing Fuzhou ana priya jenengé Meng Bo kang banget ngabekti mring ibuné.[3] Nalika ibuné tuwa, dhéwéké nggawé daging giling kang digodhog kanggo ibuné amarga ibuné seneng dhahar daging.[3] Bakso iki rasané jebul énak lan tangga teparoné padha ngerti banjur njaluk tulung supaya diajari nggawé.[3] Wiwit saka iku bakso kawentar tekan ngendi-endi.[3].
Jinis
Bakso umumé digawé saka daging lan uga ana kang diisi daging kang wis dialusaké.[4] Ananging saliyané iku ana uga bakso kang diisi lombok rawit.[4] Bakso iki diarani bakso mercon.[4] Diarani bakso mercon amarga rasané kang pedes amarga lombok rawit.[4] Ana uga bakso coklat, ya iku bakso kang diisi coklat.[4] Saliyané iku ana uga bakso buah, bakso buah ya iku bakso kang diisi buah, kayata nanas, stroberi, tomat.[4] Kéju uga bisa dadi isi bakso, biyasané diarani bakso kéju.[4] Supaya rasané bisa nyampur, buah kang wis dikethok kothak cilik-cilik bisa disisipaké ing bakso kang satengah mateng.[4] Bakso banjur digodhog maneh nganti mateng.[4]
Bentuk
Bakso kotak ya iku bakso kang bentuké kotak utawa persegi empat.[5] Bakso kotak bahané kaya bakso bunder biyasa, ananging bentuké digawé kotak.[5] Bakso kothak idéné éntuk saka program komputer kang diarani Auto-Cad.[5] Yèn bakso bunder digawé bunder-bunder nganggo tangan, bakso coklat dibentuk nganggo cithakan dhéwé.[5] Bakso kothak nduwèni ukuran kurang luwih 5x2x2 cm.[5]
Bakso ing nagara-nagara liya
Bakso utawa dikenal nganggo jeneng meatball nduwé jeneng lan cara anggoné nyuguhaké kang séjé ing saben-saben nagara.[2]
- Indonésia. Bakso padatan disuguhaké ing wadhah mangkok kaya sup, nganggo mi, tahu, endhog, siomay.[2]
- Ing Afganistan, bakso dianggo minangka panganan tradhisional karo sop gawéyan omah.[2]
- Albania. Bakso iku digoréng (Qofte të fërguara).[2]
- Belgia. Bakso diarani ballekes utawa bouletten ing Flanders lan Brussels, lan boulettes utawa boulets ing Wallonia.[2] Padatan disuguhaké karo saos tomat utawa saos sambel, lan kenthang goréng, krokèt kenthang (kenthang croquettes) utawa kenthang kukus (steamed potatoes).
- Portugal lan Brazil. Bakso diarani almôndegas lan padatan digoreng lan disuguhaké bebarengan karo spaghetti.[2]
- China. Bakso kang paling kerep digawé iku saka daging babi lan padatan digodhog (kadhang ditambahi kecap).[2]
- Denmark. Bakso dikenal kanthi jeneng frikadeller lan padatan digorèng, digawé saka daging sapi, babi, bawang, endhog, uyah, lan mrica dibentuk kaya bal.[2]
- Jerman. Bakso diarani Frikadellen utawa Fleischpflanzerl utawa Fleischküchle.[2] Kang paling misuwur ya iku bakso Jerman Königsberger Klopse kang isiné anchovy utawa gerèh lan dipangan nganggo saos caper.[2]
- Austria. Bakso gorèng diarani Fleischlaibchen utawa Fleischlaberl.[2]
Bahan nggawé bakso
Bakso bisa digawé saka bahan-bahan kayata daging sapi, iwak (iwak kang dagingé putih kayata tengiri, kakap, kerapu, tuna, utawa iwak gabus), urang, unus (nus), lan iwak pitik.[6] Jenengé bakso biyasané padha kaya daging kang dadi bahané.[6] Umpamané bakso kang digawé saka iwak, diarani bakso iwak, bakso kang digawé saka sapi diarani bakso sapi, bakso kang diiséni buah, diarani bakso buah, lan liya-liyané.[6]
Kaséhatan
Yen nggawé bakso ana uga kang dicampur karo boraks utawa bleng.[7] Gunané kanggo nggawé bakso luwih kenyal kaya daging lan luwih awét.[7] Iki ndadekake bakso tau dianggep panganan kang kurang aman karo BPOM.[7] BPOM ngélingaké yen ngonsumsi jajanan kang ngandhut boraks kang akéh nganti 5 nganti 10 taun bisa ningkataké resiko penyakit kanker hati.[8] Mulané bakso kang didol ing pasar tradisional lan pasar swalayan diwajibké bébas boraks.[8]
Galeri
-
penthol bakso
-
bakso kuah
-
panci bakso
-
bakso daging sapi
-
bakso mi bihun
-
mi bakso bali
-
bakso mi
-
bakso urat asli Solo
-
bakso iwak
-
mie ayam bakso
-
bakso malang karapitan
Cathetan suku
- ↑ Cara panulisan sing kerep ditemoni ing tlatah Semarang
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r (ing basa Indonésia)Bakso (diaksès tanggal 13 Maret 2011)
- ↑ a b c d e (ing basa Indonésia)Sejarah Bakso (dipunundhuh 13 Maret 2011)
- ↑ a b c d e f g h i (ing basa Indonésia)http://berita.liputan6.com/(dipunundhuh tanggal 9 Mei 2011)
- ↑ a b c d e (ing basa Indonésia)http://www.republika.co.id/(dipunundhuh tanggal 9 Mei 2011)
- ↑ a b c (ing basa Indonésia)http://bos.fkip.uns.ac.id/(dipunundhuh tanggal 9 Mei 2011)
- ↑ a b c (ing basa Indonésia)Boraks Ada dalam Makanan Kita, Suara Merdeka http://www.suaramerdeka.com/(dipunundhuh tanggal 9 Mei 2011)
- ↑ a b (ing basa Indonésia)[cite web|url=http://www.suaramerdeka.com/English/index.php?page=infodtl&InfoID=8&dtl=1%7Ctitle=Watch Out For The Food We Consume|last=Staff writer|year=2006|publisher=Directorate of Consumer Protection, Jakarta, Indonesia|accessdate=2009-02-10 http://www.suaramerdeka.com/](dipunundhuh tanggal 9 Mei)