Istana Fontainebleau

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Sana Warisan Donya UNESCO
Pura Fontainebleau
Janeng ing Pratélan Warisan Donya
The central range of Fontainebleau: patterned parterres have been replaced with lawn.
JinisBudaya
Wewatonii, vi
Rujukan160
Tlatah UNESCOÉropah
Sujarah prasasti
Prasasti1981 (Sési 5th)
Masalah Lua ing Modhul:Location_map larik 501: Unable to find the specified location map definition. Neither "Module:Location map/data/Prancis" nor "Template:Location map Prancis" exists.

Pura Fontainebleau utawi Château de Fontainebleau inggih punika salah satunggalipun pura ingkang wonten ing Prancis.[1] Tebihipun watawis 40 mil saking Kutha Paris.[2] Pura Fontainebleau sampun dipun-ginakaken raja-raja Prancis awit abad angka 12.[1] Pura punika mapan ing satengahing wana Fontainebleau ingkang wiyaripun 17 hèktar.[1] Sadèrèngipun dipunéwahi, pura punika mapan ing wana ingkang wiyar ing Île-de-France, salajengipun dipunéwahi lan dipunwiyaraken malih déning François I ing abad angka 16.[1] François I gadhah pikajeng badhé damel pura kasebat saéngga mémper kados pura-pura ing Kutha Roma.[1]

Pura Fontainebleau ingkang asring sinebat Pura Italianate punika dipunkupengi taman ageng.[3] Wangunan punika nggabungaken seni arsitèktur Renaisans lan tradisi artistik Prancis.[3] Pura lan taman Fontainebleau sampun kadhaptar minangka situs warisan donya UNESCO awit taun 1981.[3]

Arsitèktur lan dhékorasi Pura Fontainebleau kalebet karya ageng artistik Prancis-Éropah.[4] Dipundamel kanthi pambiyantu seniman saking Italia, ingkang nepangaken éstetika rénaisans dhateng Prancis.[4] Pura punika dados salah satunggaling situs paling wigati lan merbawani ing Prancis.[4] Pambangunan pura karajan dipunwiwiti saking pamaréntahan François I.[4] Modhifikasi pura salajengipun dipunterasaken ing abad angka 19.[4] Wonten ing wekdal samangké Pura Fontainebleau kapérang dados gangsal latar lan dipunkupengi taman lan wangunan sanès ingkang dipuntata kanthi saé.[4]

Sajarah[besut | besut sumber]

Wangunan punika dipunyasa antawisipun taun 1528 ngantos 1540 kanthi pangawasan arsitèk Gilles le Breton, ingkang nyepeng tanggel jawab damel wangunan Pengadhilan Oval, sapunika mapan ing sawétaning kompléks pura.[4] Awit taun 1533-1540 Rosso Fiorentino damel dhékorasi lukisan témbok lan mléster.[4] Francesco Primaticcio nyepeng tanggel jawab kanggé pangecoran prunggu ingkang wonten ing pura punika.[4]

François I saking Prancis, pangadeg Pura Fontainebleau

Taun 1530 Rosso Fiorentino (1494-1540) seniman saking Florentine, Perino del Vaga (1501-1547) saking Roma, lan tukang lukis Francesco Primaticcio (1504-1570) saking Mantua dugi dhateng Prancis.[5] Kanthi arahan Rosso Fiorentino, para seniman punika yasa wangunan tambahan ing kompléks pura wujud wangunan sekolah Fontainebleau.[5] Tigang seniman punika damel karya wangunan kanthi tambahan seni lukis lan dhékorasi interior ing Pura Fontainebleau.[5]

François I nyuwun pambiyantunipun seniman Italia kados Leonardo da Vinci lan Benvenuto Cellini kanggé ndamel éndahing pura Fontainebleau.[6] Benvenuto Cellini damel reca Diane, Vénus lan Jupiter.[6] Tukang lukis Italia Rosso Fiorentino lan Primatice (1504-1570) rawuh ing Prancis kanggé ndamel rerenggan kamar ing pura punika.[6] Tembok-témbok ing sacaketipun monumen dipuntambahi rerenggan wujud tokoh/paraga-paraga mitologi.[6] Galéri Castle lan Galéri François I, dipunparingi pamanis (rerenggan) kanthi lukisan karyanipun Rosso Fiorentino ingkang nggambar Déwa Olympus.[6] Pamanis permadani lan karpèt karyanipun Primatice ugi dipunpasang ing Pura Fontainebleau.[6]

Sasampunipun Rosso Fiorentino tilar donya taun 1540, Francesco Primaticcio dados sesulihipun Rosso minangka pandheganing proyék Pura Fontainebleau.[5] Kanthi arahan saking Primaticcio, modhél interior pura dipuntambahi manéka tambahan kados warni-warni ingkang padhang, lan ing témbok dipunpajang gambar-gambar lukisan tokoh.[5]

Primaticcio lajeng nimbali seniman Niccolò dell'Abbate (1512-1571) saking Modena kanggé mbiyantu padamelanipun.[5] Nicollo paring pambiyantu wujud nambahi dhékorasi ing Galéri François I, Gladri d'Ulysse, lan Salle de Bal.[5] Nicollo nambahaken dhékorasi kanggé gendhung Gladri François dipunatur kanthi arsitèktur lan pajangan lukisan.[5] Modhél gladri dipunparingi pamanis wujud lukisan naratif, dipuntambah reca, lan dhékorasi sanèsipun ingkang taksih wonten ngantos samangke.[5]

Taun 1540-an, satunggaling golongan seniman ingkang dipunpandhégani Primaticcio damel téknik céthak énggal kanggé damel karya lukisan minangka pamanis pura Fontainebleau.[5] Ing golongan punika wonten tukang lukis Antonio Fantuzzi saking Bologna lan tukang lukis saking Prancis Jean Mignon, lan tukang ngukir Leon Davent.[5] Awit saking panjurung para seniman kalawau damel karya céthak lukis lan dhékorasi, Pura Fontainebleau saged nilaraken karya seni ingkang kathah.[5]

Wekdal Prancis dipunpandhégani Raja Napoléon (1769-1821), panjenenganipun maréntahaken supados sedaya piranti Pura Fontainebleau dipun-gantos piranti énggal.[7] Bab punika dipunsebabaken pura punika badhé dados papan jumenengan Raja Napoléon déning Paus taun 1804.[7] Pura Fontainebleau ugi dados papan klangenaning Raja Napoléon.[7] Panjenenganipun damel singgasana raja dados saé kanthi pamanis wujud karpet lan dhékorasi ingkang éndah.[7] Raja Napoleon ndadosaken pura punika minangka pralambanging kaagunganipun raja.[8]

Taun 1944 Pura Fontainebleau dipun-ginakaken basis koordinasi Sakuthu Komandho Inggris kanggé pambebasan Éropah.[9]

Konstruksi[besut | besut sumber]

Pura Fontainebleau dipunyasa lan dipunkembangaken saking satunggaling wangunan bètèng.[10] Bab punika dipunbuktékaken saking piagam ingkang dipunserat déning Louis VII taun 1137.[10] Saking satunggaling bukti wujud serat/layang saking Charles VII tanggal 1431 nedahaken bilih Pura Fontainebleau dipunyasa ing kawitaning abad kaping gangsal welas.[10]

Wekdal taun 1528, François I ngrobohaken sapérangan ageng saking wangunan bètèng lan dipunéwahi, lajeng dipundamel fondhasi énggal ingkang sapunika dados wangunan Oval.[10] Salajengipun dipunyasa galéri, menara, taman, lan kolam.[10] Sasampunipun pura dados lajeng dipunparingi pamanis (rerenggan) wujud lukisan lan ukiran karya seniman gaya rénaisans saking Italia.[10] Manéka piranti antik, lukisan, reca, lan seni kanthi kwalitas saé lajeng dipuntambahaken ing pura punika.[10]

Wangunan ing Kompléks Pura Fontainebleau[besut | besut sumber]

Galéri François I
Kapél Triniti
Kamar Napoléon I
Ruwang Throne
Ruwang de l'abdication

Galéri François I[besut | besut sumber]

Galéri François I dados satunggaling wangunan renaisans misuwur ing Prancis.[11] Galéri François I dipunyasa taun 1528.[10] Wangunan galéri François I dipunrancang déning Rosso Primaticcio saking Italia.[12] Kanthi rancangan arsitèk Rosso dipunasilaken galéri kanthi pajangan lukisan lan panél kayu ingkang mujudaken modhél arsitèktur "à la française".[12] Lukisan karya Fiorentino dipunkombinasikaken kaliyan lukisan semèn, ukiran lan kajeng kanthi pikajeng damel gaya dhékoratif.[13] Ing galéri punika dipunpajang lukisan ingkang nggambaraken Déwa Olympus.[13] Sanèsipun lukisan Olympus, dipunpajang kalih welas lukisan naratif, réliéf, reca, lan ukir-ukiran.[13]

Musiyum Napoléon I[besut | besut sumber]

Ing musiyum ingkang manggén ing kompléks Pura Fontainebleau punika dipunsimpen piranti-piranti tilaranipun kaisar lan kulawarginipun.[12] Piranti tilaran kaisar kados furnitur, seni lukisan, reca, gaman, ageman, kramik lan dhokumén sajarah.[14] Kanggé damel musiyum punika, Napoléon nelasaken arta kalih welas yuta franc sadangunipun sedasa taun.[15] Wekdal Révolusi Prancis wangunan punika risak lan dipunyasa malih tanggal 20 April 1814.[15]

Kapél Triniti[besut | besut sumber]

Ing wangunan punika dipunpajang lukisan Henri IV karyanipun Martin Fréminet.[12] Taun 1725 ing kapél punika dipunwontenaken pahargyan palakraminipun Louis XV kaliyan Marie Leszczinska.[12] Taun 1810 Raja Napoleon III dipunbaptis ing kapél punika.[12] Taun 1605 Raja Henri IV nambahaken kubah ing wangunan punika.[16] Karya lukisan ingkang kawitan dipunpajang taun 1608.[16] Ing kubah kapél dipuntambahi manéka pamanis wujud dhékorasi, céthakan saking semén, lan dipuncat.[16] Wonten ing mimbar kapél wonten karya lukis ingkang nggambaraken: Madhepipun Allah dhateng Nuh ingkang nitih kapal, gambar-gambar malaékat, Yésus Kristus ing penghakiman ingkang pungkasan, lukisan malaékat jibril, wolung raja-raja Israèl lan Yahudi, para leluhur lan nabi.[16]

Apartemén Napoléon I[besut | besut sumber]

Apartemén punika dipunjangkepi kamar lan lukisan ingkang misuwur sasampunipun panjenenganipun mandhap keprabon (boten dados raja malih) ing taun 1814.[12] Sanèsipun punika, wangunan Apartemén Napoléon ugi taksih njagi karya dhékorasi tilaranipun Louis XVI.[17] Dhékorasi ruwangan dipuntambahi pamanis lan dhékorasi sanès déning Simon Frederick Moench taun 1811.[17] Ruwangan punika ugi dipunjangkepi karpét tenunan ing taun 1809.[17]

Ruwang de l'abdication[besut | besut sumber]

Satunggaling ruwang ing pura ingkang dipunyasa taun 1808.[18] April 1814 Napoléon napak asmani serat mandhap saking kalungguhan raja Prancis ing wangunan punika.[18] Piranti ruwangan tilaran Napoléon taksih dipunjagi ing ngriki ngantos dumugi sapunika.[18]

Wangunan Ballroom[besut | besut sumber]

Dipunwangun ing mangsa pamaréntahanipun François I lan purna wekdal jaman Henri II.[12] Ing wangunan punika dipunpajang lukisan karyanipun Primaticcio lan Nicollo dell'Abate, sarta ubin lan langit-langit ingkang dipunripta Louis Philippe.[12]

Wangunan Ratu Boudoir[besut | besut sumber]

Wangunan punika dados tandha kamajenganipun arsitèktur Prancis abad-18.[12] Dhékorasi wangunan punika dipunripta Marie-Antoinette.[12]

Wangunan Dhéwan[besut | besut sumber]

Wangunan punika dipundhékor lan dipunpajang lukisan déning Carl Van Loo lan Jean Baptiste Pierre.[12]

Wangunan Throne[besut | besut sumber]

Wangunan punika dados papan saré Raja Henri IV lan Louis XVI.[12]

Wangunan Pengadilan[besut | besut sumber]

Wangunan karya arsitèk Primaticcio punika dipunyasa ing taun 1750.[12] Wangunan Pengadilan dipunyasa ing mangsa pamaréntahanipun Henri IV lan Louis XIV.[12] Wangunan punika dipunjangkepi kolam ulam.[12]

Wangunan Oval[besut | besut sumber]

Wangunan Oval dipunyasa ing mangsa pamaréntahanipun Henri IV.[12] Wangunan punika dipunjangkepi kubah ageng ing taun 1601.[12] Raja Louis XIII dipunbaptis ing Gedhung Oval taun 1601.[12] Wangunan Oval dipunyasa kanthi arsitèktur gaya rénaisans.[10]

Musiyum Cina[besut | besut sumber]

Museum punika dipunyasa taun 1863 kanggé Ratu Eugenie.[12] Musiyum Cina ngempalaken manéka warni koléksi saking Cina klangenanipun Ratu Eugenie.[12] Musiyum Cina punika dipunrénovasi taun 1984.[12]

Sesawangan Pura Fontainebleau[besut | besut sumber]

Pura Fontainebleau, Prancis

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e castles.org. "Fontainebleau". castles.org. Dijupuk 6 April.  Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  2. buffaloah.com. "Exterior - Fontainebleau Palace". buffaloah.com. Dijupuk 13 April.  Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  3. a b c france.fr. "The Palace of Fontainebleau". france.fr. Dijupuk 6 April.  Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  4. a b c d e f g h i whc.unesco.org. "Palace and Park of Fontainebleau". whc.unesco.org. Dijupuk 8 April.  Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  5. a b c d e f g h i j k l metmuseum.org. "Fontainebleau". metmuseum.org. Dijupuk 11April.  Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  6. a b c d e f georgianindex.net. "Fontainebleau". georgianindex.net. Dijupuk 8 April.  Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  7. a b c d castles.org. "Fontainebleau". castles.org. Dijupuk 11April.  Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  8. buffaloah.com. "Fontainebleau". buffaloah.com. Dijupuk 13 April.  Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  9. buffaloah.com. "Exterior - Fontainebleau Palace". buffaloah.com. Dijupuk 13 April.  Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  10. a b c d e f g h i (ing basa Prancis)la-seine-et-marne.com. "Construction d'une résidence royale ". la-seine-et-marne.com. Dijupuk 17 April.  Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung) Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "KompleksIstana2" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "KompleksIstana2" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  11. panoramadelart.com. "Galerie François Ier". panoramadelart.com. Dijupuk 15 April.  Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  12. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v bonjourlafrance.com. "France Tourist Attractions - Fontainebleau Castle and Forest". bonjourlafrance.com. Dijupuk 11 April.  Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  13. a b c artble.com. "Galerie of Francois I". artble.com. Dijupuk 15 April.  Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  14. (ing basa Prancis)lankaart.orgmusee-chateau-fontainebleau.fr. "Le musée Napoléon Ier (1986)". musee-chateau-fontainebleau.fr. Dijupuk 15 April.  Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  15. a b (ing basa Prancis)la-seine-et-marne.com. "Fontainebleau Le Château". la-seine-et-marne.com. Dijupuk 17 April.  Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  16. a b c d archivesdefrance.culture.gouv.fr. "Martin Fréminet : décor de la chapelle de la Trinité". archivesdefrance.culture.gouv.fr. Dijupuk 15 April.  Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  17. a b c (ing basa Prancis)lankaart.org. "Fontainebleau - Napoléon et l'Empire". lankaart.org. Dijupuk 15 April.  Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  18. a b c (ing basa Prancis)lankaart.org. "Salon de l'abdication, Fontainebleau". lankaart.org. Dijupuk 17 April.  Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)

Pranala njawi[besut | besut sumber]