Miss Universe
| Miss Universe | |
|---|---|
![]() Logo Miss Universe |
|
| Format | Kontès Kecantikan |
| Negara | Amérika Sarékat |
| Siaran | |
| Saluran asli | CBS |
| Tayang perdhana | 1952 – Saiki |
| Pranala jaba | |
| Situs resmi | |
Miss Universe iku sawijining kontès kecantikan sing wiwitané minangka cara Pacific Mills kanggo promosi prodhuk sandhangan nglangi (pakaian renang) Catalina ing taun 1952. Taun 1996, Donald Trump nuku hak kapemilikan kontès iki sing sabanjuré ditayangaké télévisi CBS lan taun 2003 ngalih menyang NBC. Miss Universe minangka acara sing prestisius utamané tumrap pedunung kawasan Amérika Latin.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Peserta pamilihan
Ing tahap wiwitan, peserta Miss Universe mèlu kontès ing negarané dhéwé-dhéwé lan sabanjuré nyandhang gelar Miss negara kasebut kaya Miss Canada utawa Miss U.S.A. lan banjur dikirim mèlu kontès Miss Universe sing dianakaké Organisasi Miss Universe (b. Inggris: Miss Universe Organization).
Amarga anané werna-werna situasi, jumlah negara peserta tansah owah; ana sing metu lan ana sing nembé mèlu. Sawetara peserta anyar antara liya:
| Miss Universe | Negara |
|---|---|
| 2004 | Ethiopia Georgia Vietnam |
| 2005 | Latvia |
| 2006 | Kazakhstan |
| 2007 | Montenegro Serbia Tanzania |
| 2008 | Kosovo |
Déné negara sing tansah mèlu wiwit 1952 yakuwi Prancis, Jerman, AS, lan Kanada.
Miturut penyelenggara, para peserta ing tataran negara utawa donya, dinilai ora mung saka kasulistyané nanging klebu uga kapinterané lan sopan santun sing dikenal uga kanthi sesanti 3B yaiku Brain, Beauty, lan Behavior (utek (kacerdhasan), kacantikan, lan solah bawa).
Ing ajang iki, kontèstan sing dipilih kanggo mlebu ing babak semifinal yaiku ana 15. Nanging ing taun 2006, cacahing kontèstan sing kapilih ana 20 orang.
[sunting] Pamenang
Pamenang pisanan yaiku Armi Kuusela saka Finlandia lan nganti wektu iki, Amérika Sarékat wis menang kaping 7; Venezuela kaping 6 lan Puerto Riko kaping 4 lan sawetara negara liya sing menang sepisan utawa kaping pindho.
Irene Sáez, Miss Universe 1981, mèlu pemilihan Presiden Venezuela ing taun 1998 nanging kalah karo Hugo Chávez déné Oxana Fedorova saka Rusia, Miss Universe 2002 amarga dianggep gagal nglaksanakaké tugas-tugas keratuané nyerahaké gelar marang Justine Pasek sakaari Panama sing dadi runner-up.
[sunting] Penghargaan khsusus
Saben taun, ora mung dipilih Miss Universe, nanging uga dipilih Miss atribut liya kayata Miss Photogenic wiwit taun 1956, Best in Swimsuit Award sing dianakaké wiwit taun 1992 nganti 2002, Best Hair/Style Award wiwit taun 1993 nganti 2001 lan Best National Costume wiwit taun 1962 nganti 2006, uga Miss Congeniality wiwit taun wiwitan nganti saiki.
[sunting] Wakil Indonesia
| Taun | Jeneng | Gelar Nasional | Prestasi |
|---|---|---|---|
| 1974 | Nia Kurniasi Ardikoesoema | Ora ana (pamilihan ditutup) | - |
| 1975 | Lydia Arlini Wahab | Ora ana (pamilihan ditutup) | - |
| 1976 | Juliarti Rahayu | Ora ana (pamilihan ditutup) | - |
| 1977 | Siti Mirza Nuria Arifin | Ora ana (pamilihan ditutup) | - |
| 1980 | Andi Nana Riwayati Basoamier | Ora ana (pamilihan ditutup) | - |
| 1982 | Sri Yulianti | Ora ana (pamilihan ditutup) | - |
| 1983 | Andi Botenri | Ora ana (pamilihan ditutup) | - |
| 1994 | Venna Melinda | Putri Indonesia 1994 | Minangka pengamat |
| 1995 | Susanty Manuhuttu | Putri Indonesia 1995 | - |
| 1996 | Alya Rohali | Putri Indonesia 1996 | - |
| 2005 | Artika Sari Devi | Putri Indonesia 2004 |
|
| 2006 | Nadine Chandrawinata | Putri Indonesia 2005 |
|
| 2007 | Agni Pratistha | Putri Indonesia 2006 |
|
| 2008 | Putri Raemawasti | Putri Indonesia 2007 | - |
| 2009 | Zivanna Letisha Siregar | Putri Indonesia 2008 | Peringkat Pisanan Polling Internet |
[sunting] Deleng uga
[sunting] Galeri
- Crowning Miss Universe
-
MU 2009.jpg
[sunting] Pranala njaba
- (en) Situs resmi
|
|||||
