Agni Pratistha
| Agni Pratistha | |
|---|---|
![]() |
|
| Lair | Agni Pratistha Arkadewi Kuswardono 8 Desember 1988 (umur 23) |
| Jeneng liya | Agni |
| Taun aktif | 2003 |
Agni Pratistha Arkadewi Kuswardono (lair ing Canberra, Australia, 8 Desember 1988; umur 23 taun, nginggil 178 cm).[1] Agni Pratistha menika tiyang putri ingkang pikantuk gelar Puteri Indonesia 2006. Asma Agni Pratistha nggadhahi teges Perapian wonten ing Basa Sangskerta.[2] Sadèrèngipun pikantukgelar Putri Indonésia 2006, Agni naté ndhèrèk Cosmogirl of the Year taun 2003 saha dados juwara nomer kalih.[2] Agni ugi naté akting wonten ing film ingkang irah-irahanipun Mengejar Matahari. [1]Tiyang èstri ingkang asalipun saking Jawa Tengah menika lajeng dados Putri Indonésia 2006 wonten ing Teater Tanah Airku (TMII), Jakarta.[2] Nalika wonten ing lomba, Agni Pratistha bisa ngalahaken Ananda saking Kalimantan Selatan saha Rahma M. Landy saking Jakarta.[2] Penobatan Puteri Indonesia dipunwontenaken nalika tanggal 25 Agustus 2006.[2] Agni Pratistha menika nggadhahi sedhérék ingkang asmanipun Sigi Wimala.[2] Sigi Wimala menika ugi salah satunggaling aktris Indonésia.[2]
[sunting] Miss Universe 2007
Ingpungkasan wulan April 2007, Agni Pratistha ndhérèk salah setunggaling lomba Miss Universe 2007. [2]Puncak acara menika dipunwontenaken ing Auditorium National, Mexico City nalika 28 Mei 2007. [2]Nalika dipunkarantina, Agni Pratista latian nari Dayak saha ngginakaken busana saking pitu perancang busana Indonesia.[2]
[sunting] Cathetan suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
