Artika Sari Devi
Artika Sari Devi yaiku Putri Indonesia 2004 saka Bangka Belitung.[1] Dhéwéké lair ing Bangka Belitung, 29 November 1979.
Bab lan Paragraf |
Kariér [sunting]
Wanita kang nduwé bobot 48 lan dhuwur 168 cm iki dadi jawara Putri Indonesia taun 2004 makili Bangka Belitung.[1] Ora mung Pemilihan Putri Indonesia, dhéwéké uga mèlu ajang Miss Universe kang kalaksanan ing Bangkok, Thailand, 30 Méi 2005 kepungkur.[1] Nalika semana, dhéwéké dadi siji-sijiné wanodya Asia kang bisa mlebu 15 'besar' lan bisa ngèntukake Kristal Miss Universe kanggo Indonesia.[1] Saliyané mèlu kontes kecantikan, Artika uga ngrambah jagading hiburan.[2] Dhéwéké wus tau mèlu dadi paraga ing film Opera Jawa (2006) lan ''Planet Mars'' (2008)[3]
Pribadhi [sunting]
Artika Sari Devi dhaup karo Ibrahim Imran utawa dikenal kanthi jeneng Baim (vokalis Ada band) nalika Sabtu, 23 Agustus 2008 kepungkur ing Balai Samudra, Jakarta.[4] Sawisé setaun dhaup, Artika nglairaké anaké kang angka siji kanthi normal nalika Rebo, 21 Oktober 2011 ing RSIA Kemang Medical Care. [5] Anaké dijenengi Sarah Ebiela Ibrahim.[5]
Filmografi [sunting]
Film-film kang tau dibintangi Artika antarané:
- Roman picisan (2010)
- Planet Mars (2008) minangka Jasmine
- Opera Jawa (2006) minangka Siti
Cathetan suku [sunting]
Cathetan suku:
- ^ a b c d (id)Artika Sari Devi(dipunundhuh 12 Maret 2011)
- ^ (id)Artika Sari Devi, Ingin Ijazah Sebelum 'Ijab Sah'(dipunundhuh 12 Maret 2011)
- ^ (id)'PLANET MARS', Keabadian dan Kesetiaan Mars
- ^ (id)Pernikahan Baim Artika tanpa Bulan Madu (dipunundhuh 12 Maret 2011)
- ^ a b (id)Acara Aqiqah Anak Baim dan Artika Sari Devi (dipunundhuh 12 Maret 2011)