Lyndon B. Johnson
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 96 dinten 523 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Lyndon B. Johnson | |
|
|
|
|---|---|
| Masa jabatan 22 November 1963 – 20 Januari 1969 |
|
| Wakil Presiden | Ora ana (1963–1965), Hubert Humphrey (1965–1969) |
| Sadurungé | John F. Kennedy |
| Pengganti | Richard Nixon |
|
|
|
| Masa jabatan 20 Januari 1961 – 22 November 1963 |
|
| Presiden | John F. Kennedy |
| Sadurungé | Richard Nixon |
| Pengganti | Hubert Humphrey |
|
|
|
| Mangsa jabatan 3 Januari 1949 – 3 Januari 1961 |
|
| Sadurungé | W. Lee O'Daniel |
| Pengganti | William Blakley |
|
|
|
| Lahir | 27 Agustus 1908 Stonewall, Texas |
| Meninggal | 22 Januari 1973 (umur 64) Stonewall, Texas |
| Kebangsaan | Amerikas |
| Partai politik | Demokrat |
| Suami/Istri | Lady Bird Johnson |
| Anak | Lynda Bird Johnson Robb Luci Baines Johnson Turpin |
| Almamater | Southwest Texas State Teachers' College |
| Profesi | Pendidik |
| Agama | Disciple of Christ |
| Tanda tangan | |
Lyndon Baines Johnson (lair ing Stonewall, Texas, 27 Agustus 1908 – tilar donya ing Stonewall, Texas, 22 Januari 1973 kanthi yuswa 64 taun) kang diparabi LBJ yaiku Présidhèn Amérika Sarékat ka-36 (1963–1969). Sawisé ngléwati salah sijining karir sing dawa ing Kongrès Amérika Sarékat, Johnson njabat minangka Wakil Presiden Amérika Sarékat sing ka-37. Ing taun 1963, panjenengané nggantekaké John F. Kennedy sing tilar donya amarga dipejahi.
Panjenengané uga pernah njabat Ketua Minoritas Partai Demokrat ing Senat. Minangka presidhèn, panjenengané tanggungjawab kanggo pengesahan sapropirané undang-undang sing ambuné liberal, kamasuk Gerakan Hak Sipil Amerika taun 1955-1968, Medicare, program "War on Poverty". Kuwi kabeh ènèk ing program Great Society. Kanthi urut, LBJ ningkataké pasukan AS ing Perang Vietnam, saka 16,000 ing taun 1963 dadi 550,000 ing awal 1968, nalika luwih saka 1000 tentara AS mati per wulan. LBJ dipilih menèh ing taun 1964, ananging pencalonané ing taun 1968 gagal minangka kasil gejolak ing njero partainé, banjur panjenengané ngumumaké menawa panjenengané ora gelem melu pamilihan. Johnson dikenal jembar amarga kapribadian sing sok kuasa lan nyerang para politikus utama. Warisané angèl diukur, amarga kemajuan sing digawé ing bidang hak-hak sipil lan program "Great Society", dikisruhaké dening masalah Perang Vietnam.
Amarga nggantekaké Presidhèn Kennedy, ing mangsa jabatan kapisan panjenengané ora dikancani dening wakil presidhèn. Salanjuté kapilih nalika nglakokaké mangsa jabatan keloro, panjenengané dikancani dening Wakil Presidhen Hubert H. Humphrey. Garwa saka Lady Bird Johnson iki tilar donya ing peternakan LBJ ing Stonewall, Texas, tanggal 22 Januari 1973.
Referensi[sunting]
- Buku Presiden - Presiden Amerika Serikat, diterbitake dening Dinas Penerangan lan Kebudayaan Amerika Serikat, Jakarta (2003)
- White House Biography
|
|||||||