Perang Vietnam

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Perang Vietnam
Bagéan saka Perang Dingin
Tanggal 1957 – April 30, 1975
Papan Asia Kidul-Wétan
Asil Kakalahan pulitis lan militer Amérika Sarékat
Owah-owahan wilayah Manunggalé Vietnam.
Pihak sing kalibat
Flag of South Vietnam.svg Républik Vietnam
Bendera_Amerika Serikat Amerika Serikat
Bendera_Koréa Kidul Koréa Kidul
Bendera_Thailand Thailand
Bendera_Australia Australia
Bendera_Selandia Baru Selandia Baru


Bendera_Filipina Filipina

Flag of Vietnam.svg Républik Demokratik Vietnam
FNL Flag.svg Front Nasional Kamardikan Vietnam Kidul
Bendera_Republik Rakyat Cina Republik Rakyat Cina
Bendera_Korea Utara Korea Utara
Kakuwatan
~1.200.000 (1968) ~520.000 (1968)
Cacahé korban
Flag of South Vietnam.svg RV
mati: 230.000
cidra: 300.000
Bendera_Amerika Serikat Amerika Serikat
mati: 58.209
cidra: 153.303
Bendera_Koréa Kidul Koréa Kidul
mati: 5.000
cidra: 11.000
Bendera_Australia Australia
mati: 520
Flag of Vietnam.svg FNL Flag.svg RDV/FNKV
mati: 600.000
cidra: 600.000
Bendera_Republik Rakyat Cina Republik Rakyat Cina
mati: 1.100
cidra: 4.200
Sipil (warga Vietnam): 1.000.000

Perang Vietnam, uga disebut Perang Indochina Kapindho, yaiku sawijining perang sing dumadi antarané taun 1957 lan taun 1975 ing Vietnam. Perang iki arupa bagéan saka Perang Dingin.

Rong kubu sing perang yaiku Républik Vietnam (Vietnam Kidul) lan Républik Demokratik Vietnam (Vietnam Lor). Amérika Sarékat, Korea Kidul, Thailand, Australia, Selandia Anyar lan Filipina sekuton kaliyan Vietnam Kidul, éwadéné USSR lan Tiongkok ndhukung Vietnam Lor sing arupa negara komunis.

Cacahing korban sing mati diprakiraaké 280.000 ing pihak Kidul lan 1.000.000 ing pihak Lor.

Perang iki njalari eksodus gedhé-gedhéan warga Vietnam nuju negara liya, utamané Amérika Sarékat, Australia lan negara-negara Kulon liyané, saéngga ing negara-negara kasebut bisa ditemokaké komunitas Vietnam sing cukup gedhé.

Sawisé perang iki rampung, kaloro Vietnam kasebut manunggal taun 1976.

Salah siji korban paling misuwur saka Perang Vietnam yaiku Kim Phuc

Latar wuri[sunting | sunting sumber]

Vietnam dijajah déning Tiongkok wiwit taun 110 SM nganti mardika taun 938. Sawisé bébas saka wewengkon panjajahan Tiongkok, Vietnam ora mandheg nentang serangan pihak asing.

Ing abad kaping 19, Vietnam dadi wilayah jajahan Prancis. Prancis nguwasani Vietnam sawisé nglakoni sapérangan perang kolonial ing Indochina wiwit saka taun 1840-an. Ekspansi kakuwasaan Prancis amarga pepénginan kanggo nyaingi kabangkitan Britania Raya lan kabutuhan kanggo ngèntuki asil bumi kaya rempah-rempah kanggo nggerakaké indhustri ing Prancis kanggo nyaingi panguwasan indhustri Britania Raya.

Samngsa pamréntahan Prancis, golongan rakyat Vietnam diobong semangat nasionalisme lan péngin kamardikan saka Prancis. Sapérangan pambrontakan dilakokaké déning akèh klompok-klompok nasionalis, nanging upaya iku gagal. Ing taun 1919, samangsa Prajanjèn Versailles dirundhingaké, Ho Chi Minh njaluk bebarengan nggawé perundhingan supaya Vietnam bisa mardika. Panjalukké ditolak lan Vietnam sarta kabèh Indochina terus dadi jajahan Prancis.

Klompok Viet Minh pungkasané antuk dhukungan populér lan kasil ngusir Prancis saka Vietnam. Sakwéné Perang Donya II, Vietnam dikuwasani déning Jepang. Pamréntah Prancis Vichy bekerjasama kaliyan Jepang lan ngeteraké tentara nuju Indochina minangka pasukan sing kuwasa sacara de facto ing kawasan kasebut. Pamréntah Perancis Vichy tetep nglakokaké pamaréntahan kaya biasa nganti taun 1944 nalika Perancis Vichy tiba sawisé tentara sekutu naklukaké Prancis lan jendral Charles de Gaulle diangkat minangka pamimpin Prancis.

Sawisé pamaréntah Perancis Vichy ambruk, pamaréntah Jepang nggalakaké kebangkitan pergerakan nasionalis ing kalangan rakyat Vietnam. Ing pungkasané Perang Donya II, Vietnam diwènèhi kamardikan déning pihak Jepang. Ho Chí Minh bali manèh ing Vietnam kanggé mbébasaken negarané supaya ora dijajah déning kakuwasaan asing. Panjenengané nampa bantuan klompok OSS (sing bakal malih dadi CIA mengkoné).

Ing pungkasané Perang Dunia II, pergerakan Viet Minh sangisoré pimpinan Ho Chí Minh kasil mbébaskan Vietnam saka tangan panjajah, nanging mangsané mung singkat. Pihak Jepang nyekel pamréntah Prancis lan mènèhi Vietnam sawijining bentuk “kamardikan” minangka sabagéan saka rancangan Jepang kanggo "mbébasaké" bumi Asia saka panjajahan kulon. Akèh bangunan dipasrahaké dhateng klompok-klompok nasionalis. Nalika Prancis nyoba ngrebut manèh kakuwasan sawisé Jepang takluk, Prancis dilawan déning pasukan Vietnam yaiku Vietminh. Vietminh diadegaké ing taun 1941 déning partai komunis lan dipimpin déning Hồ Chí Minh. Ing sasi Juli 1954, Prancis lan Vietminh napak astani Pasetujon damai Jenewa. Vietminh dadi pamaréntah Vietnam Lor lan klompok Vietnam sing anti komunis, utamané kaum katulik, "nglompok" ing kidul dipimpin déning Bao Dai, tilas kaisar Vietnam sing wis dicopot ing taun 1945.

Amérika Sarékat ndhukung pamaréntahan anti-komunis ing Vietnam Kidul, lan wiwit ngirim penasihat militer kanggo mbiyantu nglatih lan ndhukung pasukan Vietnam Kidul. Vietnam Kidul wiwit merangi Viet Cong ing taun 1957. Ing taun1959, Vietnam Lor sacara gedhèn-gedhènan mbantu Vietcong, lan wiwit nyerang satuan-satuan militer Vietnam Kidul.

Sapérangan prastawa[sunting | sunting sumber]

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Perang_Vietnam&oldid=813905"