Musik ing Indonesia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Musik saka Indonésia
Gong saka Jawa
Garis wektuContoh
Jinising
Klasik • Kecak • Kecapi suling • Tembang Sunda • Pop • Dangdut • Hip hop • Keroncong • Gambang keromong • Gambus • Jaipongan • Langgam Jawa • Pop Batak • Pop Minang • Pop Sunda • Qasidah modern • Rock • Tapanuli ogong • Tembang Jawa
Wujud tartamtu
Angklung • Beleganjur • Calung • Gamelan • Degung • Gambang • Gong gede • Gong kebyar • Jegog • Joged bumbung • Salendro • Selunding • Semar pegulingan
Musik dhaérah
Bali • Kalimantan • Jawa • Kepulauan Maluku • Papua • Sulawesi • Sumatera • Sunda

Musik ing Indonésia inggih punika sadaya jinis musik ingkang wonten ing Indonésia ingkang wujudipun inggih sanget manéka warna, ingkang prakawis punika dipunjalari amargi suku-suku ing Indonésia ingkang ugi manéka warna kawontenanipun, saéngga saged dipunsebat bilih sadaya wewengkon Indonésia ingakng kaperng saking 17.508 pulonipun gadhah budaya lan seni piyambak - piyambak ingkang béda- béda.[1] Indonésia piyambak gadhah éwon jinis musik lan padatanipun dipunsertani kaliyan jogèd- tarinan lan pentas. Musik tradhisional ingkang kathah piyambak dipunrmeni inggih punika gamelan lan keroncong, déné musik modhèren ingkang kathah piyambak dipunremeni inggih punika musik pop lan dangdut.[2]

Instrumen musik[besut | besut sumber]

Idhentitas musik Indonésia wiwit sepisnan dipunbentuk nalika budaya jaman perunggu pindhang ngalami imigrasi dhateng nuswantara wonten ing abad kaping tiga lan kaping kalih saderenipun Masehi. Musik- musik suku tradhisional Indonésia padatanipun ngginakaken instrumen perkusi, mliginipun kendhang lan gong. Sapérangan instrumen inggih ngrembaka dados musik ingan saged langkung ruwet lan béda- béda, kados piranti musik petik, sasando saking Pulo Rote, angklung saking Jawa Kulon, lan musik orkestra gamelan ingkang kompleks sanget saking Jawa lan Bali.

Gamelan[besut | besut sumber]

gamelan
Artikel utama: Gamelan

Salh satunggaling wujud musik ingakng paling misuwur inggih punika gamelan. Musik punika dipunmainake déning kathah tiyang sesarengan kaliyan piranti musik perkusi, kados ta metalofon, gong, lan rebab sesarengan kaliyan suling bambu. Pagelaran ingkang kados makaten inggih sampun asring dipunpentasaken wonten ing kathah nagara kados ta Indonésia lan Malaysia, nanging gamelan piyambak asalipun inggih saking Pulo Jawa, Bali, lan Lombok.

Kecapi suling[besut | besut sumber]

Artikel utama: Kacapi suling

Kecapi suling inggih punika satunggaling jinis instrumen musik ingkang gumantung kaliyan improvisasi lan samppun populer ing provinsi Jawa Kulon ingkang ngginakaken kalih piranti musik langsung inggih punika kecapi lan suling. Kecapi suling inggih taksih wonten gegayutan kaliyan tembang Sunda.

Angklung[besut | besut sumber]

Artikel utama: Angklung

Angklung inggih punika piranti musik ingkang kanthi tradhisional saged ngrembaka wonten ing masrakat padattanipun ing masarakat ingkang ngginakaken basa Sunda ing Pulo Jawa sisih kulon. Angklung ingih dipundamel saking tabung bambu ingakn dipunhubngaken kanthi rangka pring. Angklung inggih dipunmainaken kanthi cara dipungoyang- goyangaken saéngga saged ngasilaken unen- unen kanthi susunan nada wonten ing saben ukuranipun, saé punika ageng menapa alit.

Kolintang[besut | besut sumber]

Artikel utama: Kolintang

Kolintang (utawi kulintang) inggih punika salah satunggaling piranti musik perkusi ingkang dipundamel kanthi ngginakaken kayu lan prunggu ingkang asalipun saking Indonésia sisih wétan lan Filipina. Ing Indonésia, kolintang inggih dipungayutaken kaliyan suku Minahasa saking Sulawesi Utara, nanging kolintang ugi misuwur winten ing Maluku lan Timor.

Aliran[besut | besut sumber]

Aliran musik Indonésia inggih manéka warna ingkang saged ngasilaken kreativitas musikal kanggé tiyang Indonésia ppiyambak lan ugi kénging pangaribawa saking musik ing njawi nagari saking wontenipun pethukan- pethukan kaliyan budaya musik njaban rangkan ingkang mlebet wonten ing nuswantara. Kajawi punika, wujud - wujud musik asli Indonésia, sapérangan aliran inggih saged dipuntliti saking wontenipun pangaribawa saking njawi, kados ta kanthi wontenipun ambus lan qasidah saking musik Islam Timur Tengah, keroncong saking pangaribawa Portugis, lan dangdut ingkang kénging pangaribawa musik Indi.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]