Menyang kontèn

Lesung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
     
Lasung digawé nutu jagung

Lesung yaiku piranti tradhisional kanggo ngolah pari utawa gabah supaya dadi beras. Mupangaté piranti iku kanggo misahaké kulit gabah (berambut) saka pari, yaiku carané kanthi ditutu utawa didheplok alon-alon. Gabah kang diolah dilebokaké ing pérangan sing bolong. Lesung racaké didèlèh ing pawon. Lesung iku sabeneré mung wujud wadhah kang cekung, racaké digawé saka kayu jati kang gedhé lan dibolongi pérangan tengah utawa dibuwang pérangan tengahé (digrowongi) nganti jero. Pari utawa gabah di tutu (didheplok) nganggo alu, cagak utawa tongkat sing digawé saka kayu, bola-bali lan beras banjur bisa pisah saka sekam (berambut).

Wujud lesung rupa-rupa, saka lonjong, bunder, pesagi uga segi telu.

Lumpang

[besut | besut sumber]
Gambar lumpang lan cowèk

Ana piranti sajinis lesung sing racaké wujudé cilik lan biyasa kanggo ndheplok bahan-bahan sing luwih alus utawa kanggo ngalusaké obat-obatan diarani lumpang, déné sing biyasa kanggo nguleg sambel diarani cowèk lan pasangané uleg-uleg.

Lesung bisa uga dianggo nutu (ndheplok) bumbu pawon kaya ta lombok, kacang, wiji kopi, gemblong, gendar, gethuk, lan uga barang-barang kang atos banjur dilembutaké sing cacahé akèh.

Lesung uga bisa dadi piranti kanggo ngetokaké suara kang pénak dirungu yaiku wujud kothèkan. Nalika nutu bebarengan, wong padésan nuthuk aluné nganggo irama lan senggakan kaya déné nabuh tetabuhan dadi banjur ngasilaké swara sing harmoni kanggo nambah semangat nyambutgawé.

Tumpukan lumpang kayu

Amarga perkembangan jaman, lesung ing jaman maju wis ora kanggo nutu pari manèh, nanging wis akèh owah-owahan kagunané. Ing jaman maju iki lesung kerep dimupangataké kanggo pajangan ana ing omah utawa diolah dadi bakalan kang luwih mupangati, kaya ta : digawé papan, kusèn, méja, lawang utawa wayang golèk.

Amarga kayu jati sing tuwa saiki wis arang ditemoni lan regané larang banget mula ing mata para kolèktor banjur dadi barang kang aji lan antik sing duwé seni.

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]