Gejog Lesung
Gejog Lesung inggih punika kagunan tradhisional ingkang awujud dolanan pirantos musik perkusi kanthi ngginakaken lesung kaliyan alu. Gojeg Lesung kathah dipun wontenaken masarakat agraris ing sawetawis kapanewon ing Daérah Istiméwa Yogyakarta, kadosta ing Kabupatèn Bantul, Kabupatèn Gunungkidul, Kabupatèn Kulon Praga, kaliyan Kabupatèn Sleman.[1][2][3]
Gejog Lesung dipun mainaken 4-5 tiyang utawi langkung gumantung saking ukuran lesung ingkang dipun ginakaken. Lesung dipun thuthuk selang-seling nganggé alu ing bagéan ngajeng, pinggir, tengah, utawi tengen ing ledhokan supados saged ngasilaken suwanten “thok thek thok thek” ingkang saut-sautan kanthi irama ingkang unik kaliyan éndah.[1][3][4][5] sesarengan kaliyan iramanipun, para pemain lesung utawi grup sanesipun bakal nembangaken lagu utawi tembang Jawi sinambi njogèd.[1][3][6] Tembang-tembang ingkang dipun tembangaken biyasanipun ngewrat bab tetanèn, kadosta Wulung Kelalang, Caping Gunung, Emprit Neba, kaliyan Ayam Ngelik.[1][6]
Asal-usul
[besut | besut sumber]Ing basa Jawi, "gejog" utawi "kothèkan" tegesipun nuthuk. Déné “lesung” inggih punika pirantos tetanèn ingkang awujud wadhah kanggé pari ingkang badhe dipun tumbuk utawi dipun tutu. Lesung dipun damel saking kayu ingkang dipun ukir dados alur utawi rongga kados wujud prau. Alu inggih punika pirantos ingkang dipun anggé numbuk pari ingkang wujudipun kayu dawi kanthi dhiameter astanipun tiyang dewasa. Dolanan lesung wau lajeng dipun arani "gejog" utawi "kothèkan".[1][7][8]
Kagunan Gejog Lesung Ngayogyakarta ingkang sampun dipun tepang turun-temurun ngantos atusan warsa punika dipun pitados asalipun saking mitos utawi legéndha ingkang wonten ing masarakat agraris Yogyakarta. Paling boten wonten kalih folklor lokal ngenani mitos utawi legéndha ingkang gegandhengan kaliyan dolanan Gejog Lesung.
Kaping sepisan, mitos babagan raseksa jahat ingkang namanipun Lembu Culung (Bathara Kala) ingkang dipun hukum déning Bathara Wisnu. Gembung (badan) kaliyan sirah raseksa dipun pisahaken déning Cakra, senjata ampuh Bathara Wisnu. Badanipun dhawah ing siti lajeng ebah dados lesung. Déné sirahipun malah dhawah ing toya suci saengga gesang salaminipun lajeng kumambang ing awang-awang nguntal maneka barang. Dipun cariyosaken menawi grahana punika kedadosan amargi srengéngé/rembulan dipun untal déning cangkemipun sirah raseksa kasebat. Tiyang-tiyang lajeng nggebuki "badan dedadosan" raseksa ing lesung supados piyambakipun ngedalaken srengéngé/rembulan supados grahananipun rampung.[1][3][9][8]
Kaping kalih, legéndha kadadosan Candhi Sèwu kaliyan Candhi Prambanan. Kanggé nolak usulipun Bandung Bandawasa, Rara Jonggrang nyuwun supados ndamel sèwu candhi ing setunggal dalu. Amargi kakiyatan gaib kaliyan pitulunganipun bangsa jin, Bandung Bandawasa meh kasil ngrampungaken sèwu candhi, nanging gagal amargi dumadakan swasana ketingal padhang kaliyan kapireng suwanten gejogan lesung dipun iringi suwanten jago ingkang nandakaken sampun wanci enjang sanadyan sejatosipun taksih dalu. Swasana enjang kadadosan amargi muslihat Rara Jonggrang ingkang ngejak para tani mbakar damèn kaliyan numbuki pari utawi dolanan Gejog Lesung.[1][10]
Gejog Lesung Ngayogyakarta ugi dipun gandhengaken kaliyan sajarah mlebetipun kagunan kethoprak dhateng Yogyakarta sawetawis abad kaping 20. Amargi dipun mainaken kanthi iringan “gejog lesung” mila kethoprak ingkang dipun damel déning Pangeran Wreksadiningrat (Kabupatèn Surakarta) dipun arani “Kethoprak Lesung”. Kagunan Kethoprak Lesung lajeng ngrembaka dados Kethoprak Mataram ingkang dipun iringi gamelan Jawi jangkep.[1]
Wekdal pertunjukan Gejog Lesung
[besut | besut sumber]Kawit jaman riyin, natkala lesung namung satunggalipun pirantos kanggé numbuk pari, dolanan lesung biyasanipun dipun mainaken déning masarakat agraris,[11] kalebet masarakat Yogyakarta ingkang ngarani Gejog Lesung.[1] Dolanan lesung mujudaken raos bingahipun para tani amargi kathahipun kasil panen (pari) kaliyan minangka wujud raos sukur dumateng Dewi Sri ingkang dipun pitados minangka Dewi Pari.[1][3][6][9] Ing antawisipun utawi salajengipun kagiyatan numbuk pari, para tani dolanan lesung sinambi nembangaken tembang Jawi.[1] Gesangipun desa kanthi suwantenipun lesung ingkang rame kaliyan bingahipun para tani ingkang sami gotong-royong numbuk pari dipun gambaraken déning Ki Narto Sabdo, seniman wayang, ing tembang “Lesung Jumengglung” ingkang dipun anggit ing warsa 70-an.[12]
Ing jaman riyin, tiyang padésan ugi dolanan gejog lesung kanggé kaliyan bebagyan wonten dalu, kususipun natkala padhang bulan. Tabuhan lesung ugi dipun mainaken laré-laré minangka hiburan kaliyan ugi ngiringi manéka warni dolanan ing padhang bulan.
Dipun wiwiti saking mitos Bathara Kala ingkang dipun warisaken turun-temurun, tiyang-tiyang sami dolanan Gejog Lesung natkala wonten grahana rembulan utawi grahana srengéngé. Nanging, sesarengan kaliyan perkembangan tingkat pendhidhikan umum, mitos ing dolanan Gejog Lesung sampun kathah dipun tilaraken. Sapunika dolanan Gejog Lesung natkala wonten grahana punika murni kagiyatan seni kaliyan namung kanggé hiburan.[2]
Gejog Lesung ugi dipun mainaken minangka iringan musik ing macem-macem tradhisi Jawa ing Yogyakarta, kadosta ruwatan kaliyan saparan. Contonipun, Gejog Lesung dipun mainaken minangka pangiring ing tradhisi “Saparan Bekakak” ing Désa Ambarketawang, Kapanéwon Gamping, Kabupatèn Sleman, inggih punika upacara ngurmati kasetyanipun Ki kaliyan Nyi Wirasuta dumateng Sri Sultan Hamengkubuwana I.[13][14]
Kagunan Gejog Lesung ing daérah sanèsipun
[besut | besut sumber]Seni Gejog Lesung kados ingkang wonten ing masarakat Yogyakarta, sejatosipun ugi sampun ngrembaka ing manéka daérah ing Indonesia, ingkang kondhang minangka negari agraris.[11] Nanging, nama ingkang dipun ginakaken bènten-bènten midherek basa lokal.
Ing Kabupatèn Klathèn, Jawa Tengah, ingkang taksih caket kaliyan Daérah Istiméwa Yogyakarta, nama ingkang dipun ginakaken sami, inggih punika "Gejog Lesung".[15] Ing Kabupatèn Kendhal, Jawa Tengah, kagunan punika dipun tepang kanthi nama "Gejlok Lesung".[16] Ing Jawa Kilèn dipun arani "Lisung"; ing Jawa Wétan dipun arani "Seni Lesung"; ing Sumatra Kulon namanipun "Gandang Lasuang"; déné masarakat Bugis ing Wajo, Sulawesi Kidul nyebatipun musik "Padéndang Ogi".[11]
Upaya palestarèn
[besut | besut sumber]Modernisasi tetanèn mliginipun kathi wontenipun mesin "selèp" (panggiling/pangoncek pari) ndadosaken para tani ing padésan sampun boten nindakaken kegiyatan numbuk pari malih. Sawetawis tani malah nyadé lesungipun dhateng kolektor barang antik. Akibatipun, dolanan Gejog Lesung ingkang limrahipun wonten ing mangsa panèn sekedhik-sekedhik dipun tilar kaliyan saged punah.[7]
Pamaréntah daérah kaliyan maneka klompok masarakat ing Daérah Istiméwa Yogyakarta sampun nindakaken macem-macem upaya kanggé nguri-uri kagunan Gejog Lesung Ngayogyakarta. Anatawis sanesipun kanthi nggugah minat umum, utaminipun golongan mudha, miyos panyuluhan kaliyan pelatihan.[5] Salah satunggaling maestro Gejog Lesung ingkang asring dipun rawuhaken wonten macem-macem latihan kaliyan acara ingkang gegandhengan kaliyan Gejog Lesung inggih punika Raijo, warga Dukuh Panggang, Desa Giriharjo, Gunungkidul.[1][6]
Upaya palestaren sanèsipun inggih punika ngawontenaken sayembara utawi fèstival Gejog Lesung ngantos tingkat kabupatèn kaliyan provinsi, kanthi periodik utawi rutin (setaun sepisan). Upaminipun “Fèstival Padhang Bulan” ing Kabupatèn Kulon Praga[17] kaliyan “Fèstival Gejog Lesung (Istiméwa)” sak-DIY ingkang dipun wontenaken kaliyan Kundha Kabudayan DIY.[2][18]
Sapunika Gejog Lesung Ngayogyakarta dipun mainaken minangka kagiyatan kabudayan utawi kagunan kapan mawon -- nyambut mangsa panen; natkala padhang rembulan utawi wonten grahana; ing fèstival kagunan daérah; acara bersih désa; upacara adat; upacara sambutan tamu; lsp.[6] Gejog Lesung ugi sampun dados salah satunggaling kagunan ingkang dipun pamèraken ing désa-désa wisata ingkang nembé mawon dipun rembakakaken ing Daérah Istiméwa Yogyakarta.[9] Contonipun, pagelaran Gejog Lesung ing Musiyum Tani Jawa Indonesia ing Désa Wisata Kebonagung, Kapanéwon Imagiri, Kabupatèn Bantul.[7][19]
Ing warsa 2018 "Gejog Lesung Ngayogyakarta" ditetepaken minangka salah satunggaling Warisan Budaya Takbenda Indonesia déning Dirjen Kebudayaan Kamentrian Pendhidhikan lan Kabudayan Republik Indonesia kanthi nomer registrasi 201800705.[1]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g h i j k l m Paluseri, Dais Dharmawan, dkk (2018). Penetapan Warisan Budaya Takbenda Tahun 2018. Jakarta: Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya, Direktorat Jenderal Kebudayaan, Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. kc. 176-177.
- ↑ a b c "Festival Gejog Lesung Istimewa, Upaya Pelestarian Tradisi dan Budaya Masyarakat Agraris Yogyakarta". Tribun Jogja (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-04-09.
- ↑ a b c d e Aflakhah, Mutia Silviani. "Gejog Lesung, Musik Klasik Alat Tani". Good News From Indonesia (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-04-09.
- ↑ "√ Cara Memainkan Alat Musik Lesung, Alat Tradisional yang Multifungsi". Alat Musik Indonesia (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 2019-03-09. Dibukak ing 2019-04-09.[pranala mati permanèn]
- ↑ a b Suprapto, Wasis; Kariadi, Dodik (2018-07-17). "Pelatihan Gejog Lesung pada Pemuda Dusun Gunturan, Triharjo, Pandak, Bantul Sebagai Upaya Pelestarian Budaya Bangsa". Jurnal ABDINUS : Jurnal Pengabdian Nusantara. 2 (1): 51. doi:10.29407/ja.v2i1.11888. ISSN 2599-0764.
- ↑ a b c d e "Tradisi Gejog Lesung yang Terancam Punah - Semua Halaman - Nationalgeographic.grid.id". nationalgeographic.grid.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-04-09.
- ↑ a b c Fauzan, M. Romyan (2013). Perempuan dalam Bingkai Budaya Visual (catatan-catatan tentang fotografi, perempuan, dan budaya). Yogyakarta: Garudhawaca. kc. 50-55. ISBN 978-602-7949-020-7.
{{cite book}}
: Check|isbn=
value: length (pitulung) - ↑ a b Sosroharjo, Anom (1980). Lembu Culung - Cerita Rakyat Jawa Tengah:. Yogyakarta: Penerbit Yayasan Kanisius.
- ↑ a b c okw. "Gejog Lesung, Tradisi Sambut Gerhana di Yogyakarta". detiknews. Dibukak ing 2019-04-09.
- ↑ Suwandi (2018-02-13). "Koleksi Lesung dan Kisah Candi Rara Jonggrang". TeMBI (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2019-04-09.[pranala mati permanèn]
- ↑ a b c Agussalim AJ, Andi; Hastanto, Sri (1999). "Padéndang Ogi Musik Upacara Ritual Mappaléppé' Tinja Masyarakat Bugis Wajo Sulawesi Selatan". Sosiohumanika. 12 (3): 248, 252.[pranala mati permanèn]
- ↑ Panida, Imam; Luqman, Rendi (2018). "NIlai-Nilai Budaya Jawa dalam Syair-Syair Tembang Karya Ki Nartosabdo" (PDF). NOSI. 6 (2): 8–9. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2019-07-13. Dibukak ing 2023-02-05.
- ↑ Gardjito, Murdijati,. Kuliner Yogyakarta : pantas dikenang sepanjang masa. Jakarta. ISBN 9786020336275. OCLC 974026989.
{{cite book}}
: CS1 maint: extra punctuation (link) CS1 maint: multiple names: authors list (link) - ↑ "Tradisi Saparan Bekakak Simbol Kesetiaan Berbangsa Zaman Kini". Tribun Jogja (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-04-09.
- ↑ Kominfo. "Festival Gejog Lesung, Menjaga Aset Kebudayaan Bangsa – Klaten" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-04-09.
- ↑ "PELESTARIAN KESENIAN GEJLOK LESUNG DI DESA BOJONGGEDE KABUPATEN KENDAL | 123dok document". id.123dok.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-04-09.
- ↑ Harun, Susanto. "Melestarikan 'Gejog Lesung' yang Makin Punah". rri.co.id (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2019-04-30. Dibukak ing 2019-04-09.
- ↑ Kominfo. "Festival Gejog Lesung, Menjaga Aset Kebudayaan Bangsa – Klaten" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-04-09.
- ↑ Cahyadhi, Yogi. "Museum Tani Jawa Indonesia: Menampaki Sejarah Pertanian untuk Masa Depan". KotaJogja.com. Diarsip saka sing asli ing 5 February 2023. Dibukak ing 9 April 2019.