Kendhil

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Kendhil ( aksara jawa ꦏꦼꦤ꧀ꦝꦶꦭ꧀) ya iku pot cilik kang digawé saka lemah lan digunakaké kanggo nyimpen lan masak panganan. Panganan kang umumé dimasak nganggo kendhil ya iku nasi liwet, janganan anget utawa bisa kagunakaké kanggo nggodhok jamu. Ukuran kendhil beda-beda miturut mumpangaté. Sawetara kendhil kang cilik mung dienggo kanggo nyimpen panganan kayata iwak lan petis . [1] [2]

Guna sakliyané piranti masak[besut | besut sumber]

Ngingu tawon migunakaké sarang kendhil dianggep bisa nggawé hawa ing tawon luwih adhem. Sakliyané iku, bahan kasebut ora nggawé sukeré asil madu. Kendhil uga bisa njaga supaya aman saka udan lan keluk. [3]

Crita ing masarakat[besut | besut sumber]

Jaka Kendhil minangka judhul cerita rakyat Jawa Tengah kanthi lakon utama lan jeneng kang padha. Dijenengi Jaka Kendhil amarga priyanggané padha karo kendhil kang cendhak lan bunder. [4] [5]

Piranti Warisan budaya[besut | besut sumber]

Kendhil Dalung ya iku jeneng piranti warisan budaya kang disimpen ing Museum Benteng Vredeburg. Piranti iki gadhahé Ibu Mertopawiro ing Kecamatan Paliyan, Gunung Kidul. Ibu Mertopawiro masrahaké obyek kasebut menyang Museum Vredeburg minangka barang koléksi. Kendhil biyén digunakaké kanggo nggodhok endhog nganti telung endhog kanggo Panglima Jendral Sudirman . [6]

Cathethan[besut | besut sumber]

  1. Atmojo, Wahyu Tri (2017). Keramik Tiga Karakter. Perdana Mulya Sarana. 
  2. "Mencicipi Gudeg Yu Jum Asal Jogja Yang Legendaris". www.adira.co.id. Dijupuk 2019-11-24. 
  3. "Beternak Lebah Trigona, Peluang Bisnis Sampingan yang Menjanjikan". Pak Tani Digital (ing basa Indonesia). 2019-07-19. Dijupuk 2019-11-24. 
  4. * DNB :Alpin Penyy Dua Minggu (ing basa Indonesia). Grasindo. ISBN 978-979-695-198-7. 
  5. Rakyat, Dongeng Cerita (2015-07-14). "Cerita Rakyat Jawa Tengah : Joko Kendil". Cerita Rakyat Nusantara | Kumpulan Dongeng Anak Anak Sebelum Tidur (ing basa Inggris). Dijupuk 2019-11-24. 
  6. "Data Pokok Kebudayaan". dapobud.kemdikbud.go.id. Dijupuk 2019-11-24.