Idep
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Idep ( basa Indonesia: Bulu mata), iku bagéan saka tlapukan (klopak mata) sing arupa ler rambut-rambut.Ing basa krama asring kasebut Imba.Rambut-rambut iki nduwèni fungsi kanggo nglindhungi supaya awu, kringet utawa banyu sing nètès saka bathuk ora mlebu menyang mata. Idep minangka rambut sing lembut banget.
Alat kanggo nglentikaké lan ngandelaké idep diarani maskara.
Kaséhatan [sunting]
A stye
Sawetara panyakit sing magepokan karo idep yaiku antara liya:
- Madarosis yaiku rontoké idep.
- Blepharitis yaiku iritasi ing pinggir klopak mata yaiku ing papan thukulé idep. Klopak mata katon abang lan krasa gatel.
- Distichiasis iku idep sing tuwuh ora normal ing panggonan klopak mata.
- Trichiasis iku idep sing thukulé manjero.
Pranala njaba [sunting]
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
|
|||||||||||