Wong Dayak Mualang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Wong Mualang)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Suku Dayak Mualang

Suku Dayak Mualang inggih punika salah satunggaling sub suku Dayak Ibanic ingkang dumunung ing Kabupatèn Sekadau lanKabupatèn Sintang ing Kalimantan Barat, Indonesia, inggih punika ing Kacamatan[1]:

  1. Belitang Hilir, Sekadau
  2. Belitang, Sekadau
  3. Belitang Hulu, Sekadau
  4. Sepauk, Sintang lan sakanan kiringipun.[1]

Ciri Fisik[besut | besut sumber]

Miturut Prof. Lambut saking Universitas Lambung Mangkurat, kanthi rasial, manungsa Dayak saged dipungolongaken dados:

  • Dayak Mongoloid
  • Dayak Malayunoid
  • Dayak Autrolo-Melanosoid
  • Dayak Heteronoid[2]

Salah satunggaling ciri ingkang katingal ing tiyang Mualang inggih punika ciri fisik ingkang mongoloid, praupan bunder, kulit pethak utai kuning langsat, mripat radi sipit, rékma lurus, ugi wonten ingkang kriting sarta relatif bote inggil sanget, ugi misuwur amargi ramah-tamahipun, tiyang mualang gampil sanget bebrayan kaliyan sub suku sanès. Amargi punika, wonten kathah sanget tiyang-tiyang saking pulo sebrang ingkang pados pakaryan ing tlatah mualang. Tuladhanipun tiyang-tiyang lokal/ tempatan / Dayak sanèsipun, lajeng saking pulo jawa, sumatera (Melayu, Batak lan sanèsipun).[2]

Basa[besut | besut sumber]

Basa ingkang dipuginkaken kalebet ing golongan kelompok Ibanic group kados déné kelompok Ibanic sanèsipun: Kantuk, bugao, désa, seberuang,Ketungau, sebaruk lan kelompok Ibanic sanèsipun. Bedanipun wonten ing pangucapanipun utawi logat ing ukara kaliyan suku ingkang satunggal rumpun inggih punika pangucapan ukara ingkang migunakaken pungkasan tembung i lan e, i lan y, kados ta: Kediri” lan Kedire”, rari lan rare, lajeng inai lan inay, pulai lan pulay lan panyebutan ukara ingkang migunakaken huruf r (R kanthi karat), sarta logat pangucapanipun, éwadéné ngemu teges ingkang sami.[3]

Legenda[besut | besut sumber]

Langkung saking 2.000 taun kapengker, pagesangan masarakat ingkang sapunika sipunsebut minangka Mualang gegeyutan sanget kaliyan legenda asal usul suku mualang saking sawijining papan utawi wewengkon ingkang dipunwastani Temawai/Temawang Tampun Juah, inggih punika sawijining wewengkon ingkang subur ing hulu kali Sekayam kabupatèn Sanggau Kapuas, papanipun ing hulu kampung Segomun, Kacamatan Noyan.[4]

Urang Panggau[besut | besut sumber]

Nalika jaman rumiyin masarakat ingkang sapunika dipunsebut Mualang punika gesang lan manunggal kaliyan kelompok ingkang satunggal rumpun Iban sanèsipun lan nalika jaman punika kagabung minangka masarakat Pangau Banyau (kempalan tiyang-tiyang khayangan lan manungsa) lajeng sedayanipun punika dipunsebut minangka Urang Negeri Panggau/Tiyang Menua tegesipun toyang ingkang asalipun saking tanah punika (Borneo).[1]

Lagu Laladan Dayak Mualang[besut | besut sumber]

Jogèd Dayak Mualang[besut | besut sumber]

Pratélan Pustaka[besut | besut sumber]

  • Drake Allen Richard. “Waktu dan Keterpisahan: Suatu Metanarrative Sajarah Lisan Mualang”. Dalam Kalimantan Review. Pontianak: LP3S – IDRD, 1995.
  • Dunselman, Donatus. Uit De Literatuur Der Mualang – Dajaks. Nederland:Koninklijk Instituut Voor Taal-,Land- En Volkenkunde, 1959.
  • Lontaan, J. U. Sajarah Hukum Adat dan Adat Istiadat Kalimantan Barat. Jakarta: Pamaréntah Laladan TK.I Kalimantan Barat, 1975.
  • Marie Jeanne. Penelitian Struktur Basa Mualang, Proyek Penelitian Sastra dan Basa Indonesia dan Laladan Pusat Pembinaan dan Pengembangan Basa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. Yogyakarta: Dep P dan K, 1975/1976.
  • Paternus. Ngelala Adat Basa Dayak Mualang. Pontianak: Pemberdayaan Pengelolaan Sumbar Daya Alam Kerakyatan (PPSDAK) Pancur kasih. 2001.
  • Werry, SKM. Bebutie' aba'k sama dire'k. Belitang: Persatuan Pejuang Keséhatan Mualang (PPKM). 2007.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c [1]
  2. a b [2]
  3. [3]
  4. [4]