Menyang kontèn

WOSM

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gendéra WOSM

WOSM singkatan saka World Organization of the Scout Movement ya iku organisasi internasional non-pamaréntahan kang ngayomi obahan kepandhuan sadonya.[1][2] WOSM ngadheg ing taun 1920, lan duwé kantor pusat ing Jenewa, Switserlan.[1] Anane WOSM uga ora bisa dipisahake saka kancane Asosiasi Kepandhuan Putri Sadonya utawa World Association of Girl Guides and Girl Scouts kang disingkat WAGGGS.[2] Tujuane WOSM ya iku ngewenehi pendhidhikan kanggo nom-noman mawa sistim aji dhedhasar Satya Pramuka lan Dharma Pramuka, supaya saben wong duwé peran kontstruktif ing masarakat saéngga bisa mbyantu yasa donya kang luwih apik.[3] Mawa organisasi internasional, WOSM diatur dhedhasar region, konferènsi, komite lan biro.[3]

Tegesé Lambang WOSM

[besut | besut sumber]
Lambang WOSM
  1. Kompas: mralambangi salah sawijining peringatan kanggo Pandhu utawa Pramuka supaya tansah nglakoni kabecikan lan bisa diprecaya kaya déné fungsine kompas, sarta ajeg njaga pangareb-arebe lan tugase mawa panunjuk dhalan.[4]
  2. Treefoil/kembang kan pucuke telu: mralambangi telung janji pandu/Scout promise.[4]
  3. Bintang Loro: mralambangi anggota Pandhu/Pramuka tansah usaha supaya bisa madhangi lan ngewenehi pitulungan ing babagan kabecikan lan ngèlmu kawruh.[4]
  4. Tali kang mubeng lan pucukke mbentuk simpul mati: mralambangi manawa sapadha Pandhu/Pramuka nganakake gayutan kekancan raket lan sedhuluran antawise Pramuka ing donya.[4]
  5. Werna: Putih mralambangi jiwa kang suci, déné warna dhasar ungu mralambangi manawa Pandhu/Pramuka duwé katrampilan mimpin lan seneng ngewenehi pitulungan marang wong liya.[4]

Konferensi Kepandhuan Sadonya

[besut | besut sumber]

Konferensi Kepandhuan Sadonya utawa luwih misuwur diarani The World Scout Conference (WSC) ya iku pepanggihan kang ajeg dianakake saben telung taun pisan lan ditekani déning kabèh organisasi lan asosiasi kepandhuan sadonya.[5] Pepanggihan iki duwé ancas kanggo ngorodinasi kabèh sesuluh kepandhuan saka saben nagara kelebu mbasa tujuan lan prinsip-prinsip Organisasi Kepandhuan Dunia lan kamardikan saka pulitik saben organisasi utawa Asosiasi anggotane.[5]

TanggalKonferensi ke- Lokasi NagaraNagara Peserta
1920Konferensi Kepanduan Dunia ke-1 London Cithakan:Country data Inggris Raya 33
1922Konferensi Kepanduan Dunia ke-2 Paris  Prancis 32
1924Konferensi Kepanduan Dunia ke-3 Copenhagen  Dhènemarken 34
1926Konferensi Kepanduan Dunia ke-4 Kandersteg   Switserlan29
1929Konferensi Kepanduan Dunia ke-5 Birkenhead Cithakan:Country data Inggris Raya33
1931Konferensi Kepanduan Dunia ke-6 Baden bei Wien  Ostenrik44
1933Konferensi Kepanduan Dunia ke-7 Gödöllő  Hungaria31
1935Konferensi Kepanduan Dunia ke-8 Stockholm  Swèdhen28
1937Konferensi Kepanduan Dunia ke-9 Den Haag  Nèderlan34
1939Konferensi Kepanduan Dunia ke-10 Edinburgh  Inggris27
1947Konferensi Kepanduan Dunia ke-11 Château de Rosny-sur-Seine  Prancis27
1949Konferensi Kepanduan Dunia ke-12 Elvesaeter  Nurwègen25
1951Konferensi Kepanduan Dunia ke-13 Salzburg  Ostenrik34
1953Konferensi Kepanduan Dunia ke-14 Vaduz  Liechtenstein35
1955Konferensi Kepanduan Dunia ke-15 Niagara Falls, Ontario  Kanadha44
1957Konferensi Kepanduan Dunia ke-16 Cambridge Cithakan:Country data Inggris Raya52
1959Konferensi Kepanduan Dunia ke-17 New Delhi  India35
1961Konferensi Kepanduan Dunia ke-18 Lisbon  Portugal50
1963Konferensi Kepanduan Dunia ke-19 Rhodes  Yunani52
1965Konferensi Kepanduan Dunia ke-20 Mexico City  Mexico59
1967Konferensi Kepanduan Dunia ke-21 Seattle  Amérikah Sarékat70
1969Konferensi Kepanduan Dunia ke-22 Otaniemi  Finlan64
1971Konferensi Kepanduan Dunia ke-23 Tokyo  Jepang71
1973Konferensi Kepanduan Dunia ke-24 Nairobi  Kenya77
1975Konferensi Kepanduan Dunia ke-25 Lundtoft  Dhènemarken87
1977Konferensi Kepanduan Dunia ke-26 Montreal  Kanadha81
1979Konferensi Kepanduan Dunia ke-27 Birmingham Cithakan:Country data Inggris Raya81
1981Konferensi Kepanduan Dunia ke-28 Dakar  Senegal74
1983Konferensi Kepanduan Dunia ke-29 Dearborn Amérikah Sarékat 90
1985Konferensi Kepanduan Dunia ke-30 München Cithakan:Country data Jerman Barat93
1988Konferensi Kepanduan Dunia ke-31 Melbourne  Ostrali77
1990Konferensi Kepanduan Dunia ke-32 Paris  Prancis
1993Konferensi Kepanduan Dunia ke-33 Sattahip  Thailand
1996Konferensi Kepanduan Dunia ke-34 Oslo  Nurwègen108
1999Konferensi Kepanduan Dunia ke-35 Durban  Afrika Selatan116
2002Konferensi Kepanduan Dunia ke-36 Thessalopunika  Yunani126
2005Konferensi Kepanduan Dunia ke-37 Hammamet  Tunisia122
2008Konferensi Kepanduan Dunia ke-38 Jeju-do  Koréa Kidul150
2011Konferensi Kepanduan Dunia ke-39 Curitiba  Brazil
2014Konferensi Kepanduan Dunia ke-40 Ljubljana  Slowén

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 WOSM (dipunundhuh tanggal 4 Januari 2013)
  2. 1 2 WOSM Agen Perdamaian (dipunundhuh tanggal 4 Januari 2013)
  3. 1 2 ATASAPR Archived 2012-12-04 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 4 Januari 2013)
  4. 1 2 3 4 5 arti lambang WOSM Archived 2009-06-21 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 4 Januari 2013)
  5. 1 2 Jumpa di Jeju Archived 2016-03-05 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 4 Januari 2013)