Menyang kontèn

Pasujudan Sunan Bonang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pasujudan Sunan Bonang

Pasujudan Sunan Bonang iku ana ing dhusun Bonang, Kacamatan Sluké, Kabupatèn Rembang[1].Dohé 17 km saka kutha Rembang kanthi tekan arah timur jurusan Surabaya[1]. Sunan Bonang (Raden Maulana Makdum Ibrahim) séda taun 1525 ing yuswa 60 taun[1]. Nanging, ana penemu liyané, ya iku makam utawa pêtilasané panjênêngané ana ing Tuban utawa Madura, Jawa Timur[1]. Persisé ana ing sangarepé pasisir Binangun[1]. Yèn arep tindak mrana, kudu munggah dhisik amarga panggonané rada dhuwur[1]. Pasujudan Sunan Bonang iku wujudé watu kang ana tipak sujudané Sunan Bonang[1]. Miturut critané masarakat kana, pasujudan Sunan Bonang jaman biyèn iku watu kang dienggo sujud Sunan Bonang kanggo nyedhakaké panjenengané dhateng Allah[1]. Sujudé Sunan Bonang iku suwi banget saéngga watu iku nipak palarapané Sunan Bonang[1]. Saiki pasujudan Sunan Bonang iku dikramataké karo masarakat skitar kana[1].

Sajarah

[besut | besut sumber]

Sunan Bonang utawa mau Raden Makdum Ibrahim (Ampèl Denta, Surabaya 1465-Tuban 1525)ya iku putrané Sunan Ampèl saka garwa kang jenengé Dwi Candrawati.[1][2].Sunan Boanang (Maulana Ibrahim) ya iku sepupuné saka Sunan Kalijaga kang dikenal karo sebutan kang ngréka gending kang kapisan[1].Sadurungé ana ing babagan dakwah, Sunan Bonang kerep nuntut ngèlmu (sinau) ana ing Pasai, banjur sabanjuré saka Pasai [2].Sunan Bonang ngadegaké pondok pesantren ana ing tlatah Tuban[1][2].Santri kang sinau ing pesantren Maulana Makdum Ibrahim (Sunan Bonang), asalésaka tlatah ing Nusantara [3]. Ing nglakoni sajeroning dakwahé Maulana Makhdum Ibramim (Sunan Bonang) duwé ciri, ya iku karo cara ngrubah jeneng-jeneng Dèwa karo jeneng-jeneng malaékat kang dikenali ing sajeroning ajaram Islam [3].Sajeroning ana pesantrèn bisa ngupaya bisa pengatuté jarang ing agama Hindhu lan Buda kang dikenal wis dianut sadurungé [1]

Tempat pasujudan sunan bonang.jpg
Pintu menuju pasujudan sunan bonang.jpg
makam putri cempa

Ing Pasujudan Sunan Bonang, ana mushola karo kamar kang isiné watu gedhé kang biyasa digunakaké Sunan Bonang kanggo alas salat (sajadda) lan panggonan maca (shalawwat) prentahé Nabi Haidir [4].Watu mau dikenal karo jeneng watu pasujudan lan ana bekas anggota awaké Sunan Bonang[4]. Uga ana makam Putri Cempa, ya iku Dewi Indrawati (ibu)né (Raden Patah) (Sultan) (Demak) kang dadi mubalighah ing Bonang kanthi pungkasan hayaté [4]. Uniké makam iku ya iku ana alas cagak kang wujud umpak saka balung iwak paus.[4]. Saben tanggal 10 Dzulhijjah (Dina idul Adha) jam 09:00 WIB mesthiu diadaaké ritual upacara penjamasan pusaka Sunan Bonang wujud “bende” kang diarani nama bende becak[4].

Karyané

[besut | besut sumber]

Nggubah Gamelan

[besut | besut sumber]

Sunan Bonang nggubah gamelan Jawa kang wektu iku kentel banget karo estetika Hindhu, uga wènèhi nuansa anyar [5]. Panjenengané iku dadi kreator gamelan Jawa nganti kaya saiki, uga nambahaké instrumen bonang[5]. Gubahané wektu iku duwé nuansa dzikir kang ndorong kecintaan marang panguripan transedental (alam malakut)[5].

Tembang "Tombo Ati" iku karya Sunan Bonang[5].

Pentas Pewayangan

[besut | besut sumber]

Ing peméntasan pewayangan, Sunan Bonang iku dhalang kang piawai mbius penontoné [5]. Karemenané iku nggubah lakon lan ngleboaké tapsir-tapsir khas Islam[5]. Kisah perseteruan Pandhawa lan Kurawa ditafsiraké Sunan Bonang minangka perang antarané nafi (peniadaan) lan isbah (peneguhan)[5].

Suluk-suluk kang ngungkapaké pengalamané nempuh dalan tasawuf lan manéka pokok ajaran tasawufé kang disampèkaké liwat ungkapan-ungkapan simbolik kang ana ing kabudayan Arab, Pèrsi, Melayu lan Jawa[6].Suluk-suluk iku antarané:

  1. Suluk Wujil [6]
  2. Suluk Khalifah [6]
  3. Suluk Kaderesan [6]
  4. Suluk Regol [6]
  5. Suluk Bentur [6]
  6. Suluk Wasiyat [6]
  7. Suluk Pipiringan [6]
  8. Gita Suluk Latri [6]
  9. Gita Suluk Linglung [6]
  10. Gita Suluk ing Aewuh [6]
  11. Gita Suluk Jebang [6]
  12. Suluk Wregol [6]

Karangan prosa kaya ta: Pitutur Sunan Bonang kang ditulis ing wujud dialog antarané guru sufi lan murid kang tekun [6]. Wujud kaya iki akèh ditemoni sastra Arab lan Pèrsi [6].

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n Bolland, BJ.1985.Pergumulan Islam di Indonésia.Jakarta:Grafiti Press.(halaman 123) Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  2. a b c A.Aziz Salim Basyarahil.2005.Hikmah dalam Humor Kisah dan Pepatah, Gema Insani, Cet.VII,.Jakarta.(halaman 64) Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku2" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  3. a b . A.Jamil, dkk, Sajarah Kebudayaan Islam, CV. Toha Putra.Semarang.hal 27.1998.
  4. a b c d e diundhuh tanggal 31 Mei 2011
  5. a b c d e f g diundhuh tanggal 31 Mei 2011[pranala mati permanèn]
  6. a b c d e f g h i j k l m n o "diundhuh tanggal 31 Mei 2011". Diarsip saka sing asli ing 2011-07-13. Dibukak ing 2011-05-31.