Suluk Wujil

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Serat Wujil punika ngemot wejanganipun Sunan Bonang dateng pun Wujil, tiyang cebol ingkang dipuncariosaken tilas kalangenanipun ratu ing Majapahit; ingkang kaping pinten utawi ingkang pundi, mboten dipunterangaken[1].

Sampun tamtu kémawon bilih wejanganipun wau bab ngélmu kasampurnan utawi mistik. Wondéné mistik ingkang dipun-wulangaken Sunan Bonang, punika inggih meh sami kemawon kaliyan mistik ingkang kagelaraken wonten ing serat sanès-sanèsipun kados ta Dewaruci, Nirathaprakreta, tuwin Suluk Sekarsa. Gesehipun namung san`es tembung ing raos sami kemawon.

Suluk Wujil punika gunggung ngemot 104 pada, pada angka 55 sekar ageng Aҫwalalita taksih, ingkang angka 55 Mijil; sanèsipun Dandang-gula sedaya.

Sekaripun Aҫwalalita taksih ceta lampahing guru lagu, anandalaken bilih sepuh. Awit sasumerep kula wiwit jaman Kartasura sapriki, tiyang Jawi sampun mboten ingkang saged andamel sekar ageng mawi guru lagu.

Ing salebeting serat wau wonten sengkalanipun taun: panerus-tingal-talaning nabi = 1529 taksih taun Ҫaka = 1607 tahun Masehi. Nanging angka wau katumrapaken pendamilipun punapa punapa panuranipun, punika boten ceta. Nanging kados-pundi kados-pundiya serat wau nalika taun punika sampun wonten. Awit bonten wonten titikipun bilih angka taun wau susulan enggal. Dados bilih makaten serat wau nalika jumenengipun Sunuhun Seda Krapyak, ingkang rama Sinuhun Sultan Agung ing Matawam, sampun wonten.

Petikan sakedik saking serat Suluk Wujil, kaaturaken kados ing ngandap punika:[besut | besut sumber]

19. Dipun-weruh ing urip sajati, lir kurungan raraga sadaya, becik dèn-wruhi manuké, rusak yen sira tan wruh, hih ra Wujil salaknuneki, iku mangsa dadiya, yen sira’jum weruh becikana kang sarira, aswesmaa ing enggon punang asepi, sampun kacakrabawa.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Poerbatjaraka, Ng. (1954). Kapustakan Jawi. Jakarta: Penerbit Djambatan. k. 98.