Pusaka

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
tuladhané bandha kang dianggep Pusaka

Pusaka ya iku sesebutan kanggo barang kang duwèni kagunan mirunggan kanggo njaga dhiri, utawa bisa uga kanggo kagunan liyané. Miturut Kamus Besar basa Indonesia kang diarani pusaka ya iku harta bandha tinggalaning wong kang wis pejah; utawa warisan, lan bisa uga sinebut apa-apa kang ditinggalakè marang anak putunè; barang kang dimudhunake saka mbah buyutè (keris).[1] Nanging ana pangertén liya manèh babagan tembung Pusaka iki.[2] Pusaka miturut konsép karaton tegesè bedha karo konsép pusaka ing jaba karaton.[2] Ing lingkungan karaton, Pusaka artinè paninggalan para leluhur Ratu Jawa Karaton kang diwarisakè saka Ratu marang Ratu liyanè kang mrentah karaton utawa Ingkang Jumeneng Nata.[2] Manawa pusaka miturut konsép ing jaba karaton diartékakè minangka sejata.[2] Konsép pusaka mau ing antaranè kalebu wangkingan(keris), tumbak, pedhang, wayang, jogedan, kereta, lan bandha liyanè kang warisan saka leluhur.[2] Pusaka kang dianggep tinggalan mau duwé ateges historis utawa sajarah kang akèh, duwé teges magis, saéngga nggawé prabawa utawa duwé Prabawa.[2] Pusaka kang duwé prabawa mengkone bakal kinurmatan minangka pepundhen.

Minangka wujud pakurmatan marang pusaka, ana tata carané lan racaké uga ana ritual-ritual mirunggan kang kudu dilakoni. Tata cara iki padatan ana ing lingkungan karaton. Tuladhanè:

  1. Pusaka duwé sebutan utawa èmbèl-èmbèl ing ngarep jenengè. Sesebutan kang paling umum ya iku Kyai, contonè Kanjeng Kyai Singkir, kanjeng Kyai Slamet, Kanjeng Kyai Tulak riwis, Kanjeng Kyai Baro, Kanjeng Kyai Pulanggeni, Kanjeng Kyai Sanamaya lan sapiturutè.
  2. Ana wayahè rikala pusaka mau kudu dicaosi dhaharan wujud kemenyan lan kembang.
  3. Pusaka diwènèhi sajèn pepak ageng utawa sajèn pepak alit.
  4. Ing tatacara tartamtu, biyasanè ana pambiwara kang ngucapake tetembungan: Hawit saking berkah pusaka-pusaka dalem.....

Gegandhengan karo sikeping wong-wong kang ngajeni marang sabarang pusaka, mligi wong karaton (wujud bandha, gaman utawa kéwan) iki kacermin saka tembang Dhandhanggula iki:

Ugemana pepelinge Gusti,

Yèn budaya iku ora béda,

Lan pusaka Kedhatone

Manawa dipunrengkuh,

Dipunpepundhi hambarkahi,

Lamun siniya-siya,

Tuwuh haladipun,

Marma pra setyeng budaya

Pepetrinen uwohing pangolahing budi

Tembang Dhandhanggula iku mau duwé ateges yèn ana kawajiban dhumateng abdi dalem Karaton saperlu ngrumati pusaka Karaton. Kuwi kabèh wis dibuktèkakè kanthi ananè upacara Kirab Pusaka ing tata cara Murwa warsa.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

  1. http://www.artikata.com/arti-346528-pusaka.html
  2. a b c d e f "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2011-09-07. Dibukak ing 2011-07-26.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)