Kembang mlathi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Mlathi
Jasmine 0003.JPG
Jasminum polyanthum
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Lamiales
Famili: Oleaceae
Génus: Jasminum
Spésies: J. sambac
Jeneng binomial
Jasminum sambac
(L.) Aiton

Kembang mlathi (Jasminum sambac), iki kalebu kaluwarganing Jasminum, ing Basa Inggris diarani Jasmine.[1] Tanduran iki kasebar ing saindhenging dunya, ing tlatah tropis nganti tlatah sub-tropis.[1] Lan dhuluré uga ana 300 rupa sing dikénal ing dunya.[1] Iki kalebu jinis tetanduran sing thukulé ngerambat lan bisa ditandhur ning endhi-endhi papan panggonan.[1]

Kembang mlathi lumrahé wernané putih, lan ana sing rada semu kuning.[1] Mlathi ana sing makutané manunggal uga ana kang makutané rangkep dhadi katone kaya tumpuk tinumpuk.[1] Karana ambuné sing arum lan kuwat, mila kembang iku akèh gunané.[1] Saliyané kanggo wangen-wangen, mlati uga didadhèkaké rerenggan kanggo temantén wadon ing Asia Kidul lan Asia Tenggara, kalebu Tanah Jawa. Mlathi lumrahé urip ing laladan tropis.[1]

Nanging saliyané iku, mlati uga didhadékaké campuran kanggo unjukan Tèh, sing lumrahé dijupuk saka Tèh ijo.[1]

Puspa Bangsa[besut | besut sumber]

Jaman pamaréntahan Présidhèn Soeharto, pamaréntah ngukuhaké Surat Dudutan Présidhèn Nomor 4 taun 1993.[1] Ing surat iki ngukuhaké Hari Cinta Puspa dan Satwa Nasional tanggal 5 November 1993.[1]

Dina iku uga, ana telung kembang kang dikukuhaké dadi idéntitas Bangsa Indonésia.[1] Puspa (tanduran utawa flora) kang dikukuhaké ya iku Puspa Bangsa, Puspa Pesona, lan Puspa Langka.[1] Déné kang dikukuhaké dadi Puspa Bangsa ya iku kembang mlathi utawa kang duwé jeneng latin Jasminum sambac.[1]

Kagunan[besut | besut sumber]

Kembang mlathi bisa kanggo bunga tabur lan indhustri tèh.[2] Saliyané iku kembang mlathi uga bisa dadi farfum, pengharum ruangan, bahan kosmétik, obat utawa farmasi, lan dadi aroma terapi.[2]

Tèh Mlathi[besut | besut sumber]

Tèh mlathi uga diarani tèh wangi.[3] Diarani tèh wangi amarga ambuné kang wangi amarga duwé aroma saka godhong tèh kang pancén wis wangi lan ketambahan aroma kembang mlathi kang sangsaya wangi.[3] Tèh mlathi kalebu tèh kang populér ing Indonésia.[3] Tuladhané tèh ijo kang dicampur kembang mlathi lan kembang gambir saéngga wangi mlathi lan wangi kang kas sangsaya krasa nalika tèh digawé wédang tèh lan dicongi banyu panas.[3]

Saka hasil riset nerangaké yèn tèh mlathi bisa ngurangi kolésterol lan nggawé seger awak.[3]

Minyak Mlathi[besut | besut sumber]

Mlathi bisa didol dadi kembang roncén utawa didol nalika kembang isih seger.[4] Didol roncén lumrahé kanggo rerenggan ngantén lan kanggo asesoris tari.[4] Yèn didol nalika dadi kembang kang isih séger iku lumrahé kanggo kembang tabur.[4]

Saliyané iku, mlathi uga bisa diolah dadi Essential Jasmine Oil.[2] Kanggo nyuling kembang mlathi mbutuhaké tèknologi mirunggan.[4] Kembang mlathi ora kena diékstrak ing suhu kang dhuwur, amarga ékstrak kembang mlathi gampang nguap.[4]

Kembang mlathi kang diolah kudu kembang mlathi kang isih seger.[4] Mulané indhustri kanggo ngolah mlathi supaya bisa dadi ekstrak kudu cerak karo sentra budidaya mlathi.[4]

Ékstraksi lenga mlathi ya iku prosés kanggo ngéntoké lenga mlathi saka kembang mlathi.[5] Ana rong cara utawa métodhe ékstraksi kanggo njupuk ékstrak mlathi.[5] Kang sepisan kanthi cara nglarutaké ing pelarut kang gampang nguap utawa kang diarani solvent extraction lan ekstraksi nganggo lemak padat kang diarani enfleurasi.[5]

Teknologi ekstraksi duwé divérsifikasi aji tambah tumprap pamanfaatan kembang mlathi.[2] Mlathi ora mung bisa didol nalika dadi kembang kang isih seger nanging uga bisa diolah lan bisa awét suwé.[2] Saliyané iku mlathi luwih migunani.[2] Mlathi kang bisa diolah dadi ékstrak mlathi kanggo digawé lenga mlathi utawa farfum ya iku kembang melati putih utawa kang duwé jeneng latin Jasmimum sambac.[2] Kejaba iku kembang melati gambir utawa Jasmimum officinale uga kena diolah dadi lenga atsiri kembang mlathi.[2] Indonésia dadi nagara kang mroduksi lenga atsiri kanggo nagara-nagara donya cacahé 60 persén kanggo kabéh panduduk sadonya.[6]

Jinising mlathi[besut | besut sumber]

Gladri Mlathi[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n Disiniada.info(dipunundhuh tanggal 2 Mèi 2011)
  2. ^ a b c d e f g h Situs Deptan(dipunundhuh tanggal 2 Mèi 2011)
  3. ^ a b c d e Situs Sosro(dipunundhuh tanggal 2 Mèi 2011)
  4. ^ a b c d e f g Saptamitra Pantura(dipunundhuh tanggal 2 Mèi 2011)
  5. ^ a b c Situs ITB(dipunundhuh tanggal 2 Mèi 2011)
  6. ^ Trubus Online(dipunundhuh tanggal 2 Mèi 2011)

Pranala njawa[besut | besut sumber]