Kulawarga

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kulawarga yaiku masarakat cilik kang ing njeroné ana sapérangan wong kang isih kaiket. Kulawarga iku dibawahi bapak, lan sakabèhing wong manggon ana ing papan kang nyawiji lan padha nyengkuyungan.[1]

Manut aturé Salvicion lan Celis (1998) ing kulawarga iku ana wong loro utawa luwih kang dumadi saka paseduluran sadulur undha-undhi, sadulur kang nyeduluraké saka dedhaupan, ing uripé sajeroning bebrayan, urip bebarengan lan nglakokaké tugasé dhèwè-dhèwè lan nggawè sarta nguri-uri kabudayan.[2]

Jinis[besut | besut sumber]

Ana sapèrangan jinising kulawarga, yaiku: kulawarga utama kang dumadi saking kakung, èstri, lan para putra putriné, kang padha cecaturan saka salah siji utawa loroné wong tuwa.[3]: Saliyané iku uga ana kulawarga amba kang ditarik dhedhasar garis tedak turun ana dhuwuré kulawarga kang asli. Wong kang kalebu ana ing kulawarga amba yaiku pak Lik, buk Lik, kulawarga mbah kakung, lan kulawarga mbah putri.

Fungsi[besut | besut sumber]

Kulawarga iku duwé fungsi kang kudu dilakoni, yaiku.

  1. Fungsi Pendhidhikan saking carané kulawarga bisa ndhidhik lan nyekolahaké anak kanggo bèsuk gedhèné.[3]
  2. Fungsi Sosialisasi anak saking carané kulawarga nyiapaké anak dadi wong kang bisa sesrawungan ana ing masarakat kanthi becik.[3]
  3. Fungsi Pangayoman katingal saking kepriyé carané kulawarga ngayomi anak saèngga para brayat krasa ayem tentrém kartaraharja.[3]
  4. Fungsi Rasa ditingali saking kepriyé kulawarga kanthi cara tumemen mangerti lan ngrasakaké rasa lan kaanan anak lan sakabehé sajeroning cecaturan lan guneman sapadha anggota kulawarga. Saèngga ndadèaké rasa pangertèn marang liyan kanggo nuwuhaké katentreman ing kulawarga.[3]
  5. Fungsi Agama ditingali saking kepriyè carané kulawarga ngenalké lan ngajak anak lan anggota kulawarga sakabèhanè nanem rasa percaya yèn urip ing donya iki ana kang ngatur lan ana panggonan urip liayané sawisé urip iki.[3]
  6. Fungsi Ékonomi ditingali saking kepriye pangayoming kulawarga bisa golèk nafkah, ngatur ékonomine supaya bisa nutup apa-apa kang dibutuhake ana ing kulawarga.[3]
  7. Fungsi Rekreatif ditingali saking kepriye nggawe kaanan kang nyenengake lan nengsemake ana ing kulawarga, kaya ta nonton TV bareng, nyritakake kadadéan kang pernah dilakoni dhéwé-dhéwé, lsp..[3]
  8. Fungsi Biologis ditingali saking kepriye kulawarga nerusaké anak putu minangka génerasi salajenge.[3]
  9. Menehi rasa welas asih, migatosi, lan rasa ayem ing antarané kulawarga, sarta ndewasakake kapribaden saben anggota kulawarga.[3]

Wujud Kulawarga[besut | besut sumber]

Betuk kulawarga kang ditingali saking kepriyé cara ngukuhaké apa kang dadi karepé diperang dadi loro, yaiku dhedhasar papan lan dhedhasar pola otoritas.[4].

Subsistem sosial[besut | besut sumber]

Subsistem kang nèng jero kulawarga ana warna telu, yaiku subsistem kakung-èstri, subsistem wong tuwa-anak, lan subsistem sibling (raka-yayi).[5] Subsistem kakung-èstri kawujud saking kakung lan èstri kang padha urip bebarengan kanthi kekarepan kanggo yasa kulawarga.[5] Pacangan iki padha nyengkuyung bebarengan lan yasa talènan kang ngayomi subsistem mau saking gangguan kang ana saking kawigatèné wong akèh utawa kabutuhan saking subsistem-subsistem liyané.[5] Subsistem wong tuwa-anak dumadi wiwit lairé anak nèng kulawarga, subsistem iki isiné ngenani bab transfer nilèi lan kawruh uga ngenalke tanggeljawab ngenani sadulur Bapak Ibu lan anak.[5]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Sugeng Iwan, “Pengasuhan Anak dalam Keluarga” [pranala mati permanèn]
  2. Baron, R. A dan Donn Byrne. 2003. Psikologi Sosial. Jakarta: Erlangga
  3. a b c d e f g h i j Richard R Clayton. 2003. The Family, Mariage and Social Change. hal. 58
  4. Fr Tderique Holdert dan Gerrit Antonides, “Family Type Effects on Household Members Decision Making”, Advances in Consumer Research Volume 24 (1997), eds. Merrie Brucks and Deborah J. MacInnis, Provo, UT: Association for Consumer Research, Pages: 48-54
  5. a b c d Minuchin, S (1974). Families and Family Therapy. Cambridge, MA: Harvard University Press.