Kanthong semar

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kanthong semar
Kanthong Semar jinis Nepenthes edwardsiana
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
divisio: Magnoliophyta
kelas: Magnoliopsida
ordo: Caryophyllales
kulawarga: Nepenthaceae
Dumort. (1829)
Genus: Nepenthes
L. (1753)

Kanthong semar (Nepenthes sp.) yaiku salah siji saka enem genera tanduran kang mangan daging (karnivora) kang kalebu ing familia Nepenthaceae, uripé ing Indonesia lan negara-negara liya. [1] Gerena liya ing familia iki yaiku Dionaea kang ditemoni ing Amerika Serikat khususé ing negara bagian Carolina. Ing donya iki ana 70 spésiès Nepenthes, 40% ing antarané ana ing pulo Kalimantan lan namung 10% kang urip ing njaba Asean.[1] Kantong semar dudu kembang lan dudu woh-wohan ananging sawijining godhong kang ngalami modifikasi.[1]

Kanthong semar dikenal minangka tanduran karnivora. Umumé kanthong semar mangan srangga kang ono ing saubengé godhongé.[2] Kanthong semar nduwéni cuwèran ing bagéyan godhongé kanggo narik perhatian lan njebak srangga kanggo dipangan.[3] Kanthong semar nduwéni godhong kang bentuké kaya piala. Bagéyan godhongé iki bisa ngetoaké nektar kanggo narik srangga, saéngga srangga kang menclok ing godhong kanthong semar kang lunyu bisa kepleset lan tiba ing njero cuwèran kang ana ing njero godhong. Cuwèran iki bisa nguraiaké lan nglarutaké srangga, banjur diserep dening awak kantong semar.[4]

Kanthong semar pisanan dikenalaké déning J.P Breyne ing taun 1689. [5] Ing Indonesia kanthong semar nduwèni jeneng kang béda-béda ing saben dhaérah. Masyarakat Riau njenengi periuk monyet, ing Jambi disebut kanthi kantong beruk, ing Bangka disebut ketakung, ing Jawa Barat dikenal kanthi jeneng sorok raja mantri. Ing Kalimantan Suku Dayak Katingan njenengi ketupat napu, Suku Daya Bakumpai njenengi telep ujung, lan Suku Daya Tunjung njenegi selo bengongong kang artiné susuh srangga.[5]

Karakteristik[sunting | sunting sumber]

Kanthong semar minangka tanduran kang mrambat lan njulur. Godhongé bentuké watara oval lan lanset, jinisé tunggal ora ana eriné lan dawa cawangé watara 5 – 10 cm.[1] Bagéyan pucuk godhongé (apex) ndawa, bentuké kaya cacing utawa pecut (disebut tendril) dawané watara 15 sampai 30 cm, lan sabanjuré tendril iki nduwèni bentuk kaya kanthong kanthi tudung kang bentuké kaya tutup kuali.[1]

Bentuk kanthong semar umumé tergantung karo jinisé. Jinis Nephentes ampullaria kanthongé bentuké kaya kuali kang dawané watara 10 cm lan dhiamèteré 8 cm.[1] Minangka jinis Nephentes gracillima luwih padha kaya tabung utawa trompet kang dawané 20 cm lan dhiamèteré kurang luwih 8 cm.[1] Amarga relatif abot kanggo panyanggané, umumé pucuk godhongé mentiyung nganti lemah. Ing bagéyan njaba kanthong semar ana loro garis vèrtikal kang bentuké kaya eri.[1]

Tanduran kanthong semar ngetoaké kelenjar nektar kang ana ing ngisor tutup lan ing njero kanthong. Kelenjar iki fungsiné kanggo narik perhatian srangga utawa kéwan liyané kang nyedhaki tanduran iki lan sabanjuré bakal dipangan.[1] Ing tembok kanthong ana wulu-wulu. Srangga-srangga kang menclok ing pinggiran kanthong semar bisa kepleset lan mlebu ing njero cuwèran kang ana ing njero kanthong.[1]

Kéwan kang bisa dipangan déning kanthong semar sakliyané srangga ing antarané temangga, yuyu, kodhok, manuk, lan tikus.[1]

Habitat[sunting | sunting sumber]

Kanthong semar umumé urip ing lemah kang garing, ananging uga ana kang bisa urip ing lemah kang subur.[5] Kanthong semar uga ana kang bisa urip ing lemah kang ngandhut belerang (solfatra) lan lemah kang ora akèh kandhutan nitrogené.[1] Kanthong semar urip ing panggonan kebuka, kang ora akèh unsur harané lan nduwèni kelembaban udara kang cukup dhuwur. Kanthong semar urip ing alas tropis dhataran rendah, alas pegunungan, alas gambut, alas kerangas, gunung kapur, lan padang savana.[5] Didhasaraké minangka panggonan uripé, kanthong semar dibagi dadi 3 (telu) kelompok yaiku kanthong semar dhataran rendah, menengah lan dhataran dhuwur.[5]

Nepenthes gymnamphora 1

Manfaat[sunting | sunting sumber]

Ana akèh manfaat kanthong semar sakliyané kanggo tanduran hias, ing antarané yaiku:

  1. Kanggo indikator iklim. Nalika ing sawijing dhaérah urip Nepenthes gymnamphora, artiné dhaèrah iku tingkat curah udané cukup dhuwur, kalembaban ing ndhuwuré 75 %, lemahé uga ora akèh kandhutan unsur hara.[6]
  2. Kanthong semar bisa dadi tanduran obat amarga cuwèran saka kanthongé sing isih ketutup bisa digunaaké kanggo obat watuk. Banyu godhogan oyot lan cuwèran kang ana ing njero kanthong kang isih ketutup uga bisa digunaaké kanggo obat lara weteng, nyegah ngompol, lara amarga kobong, lan ngobati lara mata.[6]
  3. Kanthong semar jinis Nepenthes gymnamphora bisa dadi sumber banyu kang bisa diombe amarga pH-ne netral (6-7) kanthi keadhaan kanthong kang isih ketutup, amarga kanthong kang wis kebuka wis kena kontaminasi jasad srangga kang mlebu ing njeroné, pH-ne dadi 3 lan rasane kecut.[6]
  4. Ana uga masyarakat (kaya ing Pulo Belitung) migunaaké kanthong semar dadi pengganti tali. Watang saka kanthong semar iki bisa digunaaké dadi pengganti tali kanggo nalèni barang-barang, umpamané kanggo nalèni kayu kang digoleki ing alas.[6]

Galèri[sunting | sunting sumber]

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Cathetan Sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l (id)Kantong Semar Tanduran kang mangan Daging (Kaundhuh tanggal 01 Oktober 2012) ;
  2. ^ (id)Kantong Semar Raksasa, Mampu Memangsa Tikus (Kaundhuh tanggal 28 September 2012) ;
  3. ^ (id)Ciri-ciri tumbuhan Kaktus, Kantong Semar dan Bunga Teratai (Kaundhuh tanggal 28 September 2012) ;
  4. ^ (id)Ciri khusus Kantong Semar (Kaundhuh tanggal 28 September 2012) ;
  5. ^ a b c d e (id)Kantong Semar (Kaundhuh tanggal 30 September 2012) ;
  6. ^ a b c d (id)Nepenthes utawa Kanthong semar (Kaundhuh tanggal 07 Oktober 2012) ;
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kanthong_semar&oldid=834553"