Masjid Agung Jawa Tengah

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Masjid Agung Semarang
Masjid Agung Jateng Indonesia4.jpg

Masjid Agung Semarang

Informasi dhasar
Dunung Semarang, Jawa Tengah, Indonesia
Afiliasi agama Islam
Dhèskripsi arsitèktur
Jinis arsitèktur Masjid
Pambukaan lemah 10.000 M2
Taun rampung 14 November 2006
Spesifikasi
Lawang mlebu Masjid Agung Semarang Jawa Tengah
Masjid Agung Jawa Tengah kang mapan ing Gayamsari, Semarang, Kutha Semarang.

Masjid Agung Jawa Tengah kang uga diarani Masjid Agung Semarang yaiku salah sawijining masjid paling megah ing Indonesia.[1] Masjid kanthi arsitèktur kang èndah iki wiwit dibangun nalika taun 2001 lan dadi ing taun 2006.[1] Komplèks masjid yaiku gedhong utama ambane 7.669 m2 dene latare ambane 7.500 m2.[1] Masjid Agung Jawa Tengah ana ing dalan Gajah Raya, ing Desa Sambirejo, Gayamsari, Semarang, Kecamatan Gayamsari, Semarang, Kutha Semarang.[2] Masjid iki dibangun wiwit dina Jumat, 6 Septèmber 2002 kanthi dipasangé tiang pancang utawa saka sing sepisanan dèning Menteri Agama RI Prof. Dr. H. Said Agil Husen al-Munawar, KH. MA Sahal Mahfudz lan Gubernur Jawa Tengah, H. Mardiyanto.[3] Pemasangan tiang pancang pisanan kuwi uga dirawuhi pitu duta besar saka negara-negara sahabat, ing antarané Arab Saudi, Uni Emirat Arab, Qatar, Kuwait, Mesir, Palestina, lan Abu Dhabi.[3]

Menara Masjid Agung

Bab lan Paragraf

[sunting] Gunggungè jamaah kang bisa mblebu ing Masjid iki

Masjid iki bisa dienggo jamaah akèhé nganti 15.000 jamaah.[1] Masjid iki diresmèkaké Presiden Republik Indonesia, Susilo Bambang Yudhoyono, ing taun 2006.[1] Ing adicara peresmian, Bapak Presiden napak asmani watu prasasti sing dhuwuré 3,2 m lan abote 7,8 ton sing ana ing ngarep masjid.[1] Prasasti iki digawé saka watu alam sing asalé saka lèrèng Gunung Merapi.[1] Prasasti iki dipahat déning Nyoman M. Alim sing uga dipercaya nggawé miniatur candi Borobudur ing Minimundus, Vienna, Austria ing taun 2001.[4] Saliyane napak asmani prasasti, ing tanggal 14 November 2006 kuwi Bapak Presiden uga mencet tombol sirine.[4] Saliyané kanggo panggonan ibadah, Masjid Agung Jawa Tengah uga minangka obyèk wisata terpadu pendidikan, rèligi, pusat pendidikan, lan pusat aktivitas syiar Islam.[1] Kanthi mlebu ing masjid iki, pengunjung bisa nonton apa kang dadi khas é arsitèktur masjid sing minangka campuran arsitektur Jawa, Roma lan Arab.[1]

[sunting] Arsitèktur Masjid

Arsitèktur Jawa bisa katitik saka sawènèhing pérangan, antarané ing bagian ngisor saka utawa cagak masjid migunakaké motif batik kayata tumpal, untu walang, kawung, lan parang-parangan.[1] Tandané arsitèktur Timur Tengah (Arab) katitik ing témbok masjid yaiku ana hiasan kaligrafi.[1] Saliyané kuwi, ing èmpéran Masjid Agung Jawa Tengah ana 6 payung hidrolik raksasa sing bisa mbuka lan nutup kanthi otomatis, payung iki minangka adopsi arsitèktur bangunan Masjid Nabawi ing Kota Madinah.[1] Masjid iki uga diwènéhi gaya arsitèktur Roma, katitik ing desain interior lan lapisan werna sing kanthil ing pojok=pojok bangunan.[1]

[sunting] Kang Bisa ditemokaké ing wilayah Masjid iki

  1. ruang kantor,[5]
  2. ruang kursus lan pelatihan,[5]
  3. ruang perpustakaan,[5]
  4. ruang akad nikah lan auditorium,[5] Auditorium ana ing sisih kiwa lan tengen iki bisa nampung luwih saka 2.000 wong. Auditorium iki padatan digunakake kanggo acara paméran, nikahan, lan liya-liyané.[1]
  5. galéri pertokoan,[5]
  6. ruang kantor yang diséwakan,[5]
  7. hotèl,[5]
  8. toko cinderamata.[5]
  9. Menara Asmaul Husna utawa [[Al HUsna Tower].[1] Menara iki dhuwuré 99 meter.[1] Manggon ing pojok kidul kulon masjid.[1] Ing pucuké menara iki ana teropong pandang.[1] Ing menara iki, pengunjung bisa nonton pemandangan kutha Semarang nganti tekan kapal-kapal ing Pelabuhan Tanjung Mas uga katon.[1]
  10. Ing Mesjis iki uga ana Al Qur'an raksasa tlisan tangané H. Hayatuddin, penulis kaligrafi saka Universitas Sains dan Ilmu Al-qur`an Wonosobo, Jawa Tengah.[1]
  11. Réplika bedhug raksasa sing digawé para santri Pesantrèn Alfalah Mangunsari, Jatilawang, Banyumas, Jawa Tengah.[1]
  12. pemandu wisata,[1]
  13. museum kebudayaan Islam,[1]
  14. cafe muslim,[1]
  15. sarana hiburan kayata air mancur, arena dolanan bocah, lan keréta kelinci sing bisa ngeteraké pengunjung mgubengi kompleks masjid iki.[1]
Bedug kang ana ing Masjid Agung Jateng,Indonesia

Kanggo mlebu Kawasan Masjid Agung Jawa Tengah iki, pengunjung ora dijaluki biaya.[1] Nanging, yen pengen mlebu ing aréa tinamtu kayata Menara Asmaul Husna, pengunjung diwajibaké mbayar Rp 3.000 saben wong yaiku nalika tabuh 08.00-17.30 WIB.[1] Ananging yen mlebuné jam 17.30-21.00 WIB tarif kuwi mau munggah dadi Rp 4.000 saben wong.[1] Dene katur pengunjung sing péngin nganggo teropong pandang, cukup mbayar Rp 500,- saben menité.[1]

[sunting] Pranala Njaba

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac (id)Agung Jawa Tengah(dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)
  2. (id)Agung Jawa Tengah(dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)
  3. a b (id)Masjid Agung Jawa Tengah(dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)
  4. a b (id)Agung Jawa Tengah(dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)
  5. a b c d e f g h (id)Agung Jawa Tengah(dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès