Bedhug
Bedhug iku arané tetabuhan sing wujudé saèmper teteg gedhé lan lumrahé dianggo tengara sembahyang ing mesjid.[1]. Bedhug ing tlatah Jawa umum ana ing Mesjid utawa Langgar uga biasa dienggo ing pagelaran gamelan misale gamelan sekatenan. Bedhug sing dienggo kanggo piranti gamelan Jawa rada jarang ditabuh lan isa dianggep kelompok perkusi ing musik modern.
Bab lan Paragraf |
Wujud [sunting]
Wujud bedhug iku silindher, pada karo kendhang ning ukuran sisi-sisi sing ditabuh pada.
Ukuran [sunting]
Akèh maneka warna ukuran bedhug, malah ana sing diarani bedhug raksasa, yèn sing dianggo ing pagelaran musik gamelan adaté cilik ning luwih gedhé tinimbang kendhang ageng.
Swara [sunting]
Swara bedhug iku luwih rindhik tinimbang kendhang, gedhé ciliké swara bedhug gumantung ukurané, bedhug sing gedhé banget mesthi nduwé swara luwih gedhé.
Istilah lan fungsi [sunting]
Umumé bedhug kanggo tandha, antarané:
- bedhug maghrib iku kanggo tandha mlebu wektu shalat maghrib
- bedhug ramadhan umumé kanggo nangi'ke wong mangan saur
Cathetan sikil [sunting]
- ^ Kamus Basa Jawa (Kanisisus 2011:54)
|
||||||||||||||||