Slentho

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Slentho iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Piranti gamelan iki meh padha karo saron. Laras slentho neng ngisore demung dadi yen dikelompo'ake ing kaluarga saron, slentho iki nduwe laras paling cendhek, kira-kira se oktaf ngisore saron demung.

Piranti iki saiki radha ora umum dienggo merga akeh fungsine wis ana ing piranti slenthem, sing esih nganggo piranti iki biasane corak-corak gamelan kuna kayatha gamelan sekaten.

[sunting] Wujud

Wujud slentho iki meh padha karo piranti saron umume, nduwe 7 wilah, disoa'ke ing grobogan, bedane karo saron mung ing tengah wilah ana tonjolan sing mirip bonang.

[sunting] Swara

Nada swara slentho mirip karo slenthem mung luwih banter/seru lan luwih cetha.

[sunting] Pranala jaba


 
Piranti gamelan Jawa
Piranti Gamelan Jawa

Pencon: Gong (Ageng | Suwuk) | Kempyang | Kethuk | Kempul | Bonang (Barung | Panerus | Panembung) | Kenong
Wilahan: Demung Saron | Barung Peking | Slenthem | Gendèr (Barung | Panerus | Panembung) | Gambang | Slentho
Kendhang: (Gendhing | Batangan | Wayangan | Ketipung) | Bedhug
Liyane: Kecèr | Kepyak | Kemanak | Siter | Celempung | Suling | Rebab
Alok | Gerong | Sindhen

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Slentho&oldid=74521"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès