Gendèr
Gendèr iku salah siji piranti gamelan Jawa.[1] Gendèr ing gamelan sléndro nduwèni 11-12 wilah sing tipis lan digawé saka logam, menawa ana ing gamelan pélog nduwèni 12-13 wilah, nanging ana uga gendèr sing mung nduwèni 7 wilah.[1] Wilah-wilah iku ditata ana ing tali kang dipasang ing kayu kang ana ing kiwa tengené.[1] Ana ing sangisoré wilah-wilah mau dipasang bumbung, kang gunané kanggo kothak swara.[1] Bumbung-bumbung iku dikethok kanthi ukuran manéka rupa.[1] Kanggo nadha sing paling ngisor, bumbungé utawa pringé dikethok sing paling ngisor rosé.[1] Kanggo nadha sing luwih dhuwur dikethokaké pring utawa bumbung sing luwih dhuwur.[1]
Piranti sing kanggo nabuh utawa tabuh gendèr biasané luwih cendhèk ketimbang gambang sing digawé saka kayu.[1] Instrumèn gendèr ditabuh nganggo tabuh sing wujudé bundher (dilapisi nganggo kain) kanthi cekelan sing cendhak.[2]
Carané nyekel gendèr yaiku antarané driji tuding karo driji tengah.[1] Driji-driji saka tangan tengen utawa tangan kiwa dienggo mithet utawa ngemèk wilah kuwi, supaya swarané mandheg.[1]
Ana ing pakeliran wayang, gendèr digunakaké kanggo ngiringi crita, dialog utawa gunem antarané tokoh utawa paraga wayang.[1] Gendèr yaiku salah siji ricikan gamelan sing fungsiné kanggo instrumén mélodi.[3] Anané gendèr ing péntas gamelan kalebu wigati.[3] Ing pagelaran wayang kulit ricikan gamelan gendèr nduwèni fungsi kanggo nguripaké swasana, nuntun dhalang.[3] Ing pagelaran wayang, panabuh gendèr nduwèni peran kang utama, kudu nabuh instrumèn sing ora tau mandheg sawengi muput.[2]
Jenisé gendèr [sunting]
Jenise gendèr kapérang dadi telu, yaiku:[1]
- gendèr penembung yaiku gendèr sing paling gedhé,
- gendèr barung, nduwèni wilah logam utawa métal sing ukurané sedhengan lan titi nadhané saoktaf luwih cilik ketimbang gendèr penerus.[4]
- gendèr penerus, nduwèni wilah sing paling cilik lan titi nadhané saoktaf luwih dhuwur ketimbang gendèr barung.[4]
Rumus nabuh gendèr [sunting]
Rumusé nabuh gendèr utawa kunciné ana 12 jenis tabuhan, yaiku:[5]
- Tabuhan gendèr gembyang mbukak
- Tabuhan gendèr gembyang nutup
- Tabuhan gendèr gembyang minggah
- Tabuhan gendèr gembyang mandha
- Tabuhan gendèr kempyung mbukak
- Tabuhan gendèr kempyung nutup
- Tabuhan gendèr kempyung minggah
- Tabuhan gendèr kempyung mandhap
- Tabuhan gendèr gantungan gembyang
- Tabuhan gendèr gantungan kempyung
- Tabuhan gendèr mipil
- Tabuhan gendèr imbal (kanggo lancaran, srepeg, palaran)
Saliyané iku ana rumus liya kang khusus digunakaké kanggo ngiringi suluk (pedhalangan) wayang, yaiku:[5]
- Tabuhan gendèr pathetan
- Tabuhan gendèr ada-ada
- Tabuhan gendèr grambyangan
Cathetan sikil [sunting]
- ^ a b c d e f g h i j k l (id)[Mertosedono, Amir.1986.Sejarah Wayang. Semarang:Dahara Prize] (halaman 45)
- ^ a b (id)Gender(diundhuh tanggal 29 Maret 2011)
- ^ a b c (id)Gender Barung(diundhuh tanggal29 Maret 2011)
- ^ a b (id)Perangkat Gamelan Jawa(diundhuh tanggal 29 Maret 2011)
- ^ a b (id)Rahasia Nabuh Gender Barung(diundhuh tanggal 29 Maret 2011)
|
||||||||||||||||