Piranti gamelan Jawa

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Piranti gamelan Jawa iku mèh kabèh / lumraéh digawé saka tosan (logam) antarane: wesi, tembaga campur rejasa (nikel), utawa perunggu, utamane wilahe. Yen grobogane umum saka kayu. Bahan tambahan liya antarane pring, kulit (kanggo kendhang) lan liyane. Piranti gamelan sing ora ana kandungan tosan iku mung kendhang, gambang, rebab, suling, siter uga tabuhe.

[sunting] Kelompok piranti

Piranti gamelan isa dikelompo'ake dadi 4 bageyan yaiku:

  • Gongan yaiku: kempyang, kethuk, kempul, kenong lan gong
  • Balungan yaiku: saron panerus, saron barung, demung, slenthem lan slentho
  • Panerusan yaiku: bonang, gendér, gambang, siter, celempung, suling lan rebab
  • Kendhang yaiku: kendhang lan bedhug.

Masing-masing 4 kelompuk ing dhuwur iku nduweni fungsi dhewe-dhewe kanggo nggawe swara sing harmonis. Seliyane iku ana maneh kelompok liya sing uga ngeto'ake swara ning dudu saka piranti, kelompok iki yaiku: gerong, sindhen, alok, senggakan lan keplok.

[sunting] Jenis

Seperangkat Gamelan
 
Piranti gamelan Jawa
Piranti Gamelan Jawa

Pencon: Gong (Ageng | Suwuk) | Kempyang | Kethuk | Kempul | Bonang (Barung | Panerus | Panembung) | Kenong
Wilahan: Demung Saron | Barung Peking | Slenthem | Gendèr (Barung | Panerus | Panembung) | Gambang | Slentho
Kendhang: (Gendhing | Batangan | Wayangan | Ketipung) | Bedhug
Liyane: Kecèr | Kepyak | Kemanak | Siter | Celempung | Suling | Rebab
Alok | Gerong | Sindhen

Piranti pribadi
Ruang jeneng
Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti