Pélog
Pélog iku salah sijiné titilaras ing gamelan.[1] Saliyane Pelog, ana uga Slendra.[1] Pelog béda karo Slendra , ing Pelog ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras Pelog duwé 7 nada yaiku 1 2 3 4 5 6 7.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Asal-Usul
Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan laras Pelog wiwit ana ing tanah Jawa.[1] Para empu Karawitan uga ora ana sing ngerti babagan iki.[1] Nanging sing jelas, laras Pelog kuwi kalebu ing larang anyar ing donya karawitan ing Jawa.[1] Amarga, asliné laras Gamelan ing Jawa kuwi biyèn mung slendra.[1]
[sunting] Notasi
| Angka | Pangucap | Jeneng |
| 1 | ji (siji) | panunggal |
| 2 | ro (loro) | gulu |
| 3 | lu (telu) | dhadha |
| 4 | pat (papat) | papat |
| 5 | ma (lima) | lima |
| 6 | nem (enem) | nem |
| 7 | pi (pitu) | pitu |
[sunting] Watak lan Pathet
Ing Bali, Pélog digunakake kanggo kahanan sing seneng, amarga asring dienggo kanggo acara nikahan lan kanggo iringan Tari.[2]
Ing Jawa, ana telung pathet.[2] Pathet iku kapérang dadi Nem, Lima, lan Barang.[2]
[sunting] Pathet Nem
Umume ditulis "Pelog Nem’’.[2] Pathet iki dienggo ing swara kang cendhek kanthi adhedasar 2 karo 3.[2] Perangan swara ing pathet iki asring disilih dening pathet liyané.[2] Ing pelog pathet 5 dienggo kanggo pagelaran wayang sadurungé tengah wengi.[2]
[sunting] Pathet Lima
Umume ditulis "Pelog Lima".[2] Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1.[2] Pathet iki dienggo selang-seling karo pelog pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti tengah wengi.[2]
[sunting] Pathet Barang
Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré.[2] Tinimbang Pelog liyané, pathet Barang luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag.[2] Beberangen karo Sléndra Manyura, pathet iki dienggo ing wayah ésuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi, lan kanggo upacara-upacara khusus.[2]
[sunting] Cathetan suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.