Gendèr panerus
Gender Panerus utawi Gender Penerus inggih menika salah satunggalipun piranti musik Jawa.[1] Piranti menika kalebet jinis Gendèr.[1] Gender Panerus menika titi larasipun langkung alit malih, tinimbang Gender Barung, saged dipunamani langkung methit malih.[1] Methit tegesipun larasipun langkung inggil. Gender Panerus nggadhahi wilahan sami kaliyan Gender Barung, nanging titi larasipun ingkang alit methit, ungelipun cumengkling.[1] Piranti tabuhipun wonten kalih, kaasta kanthi asta kalih.[1] Sami kaliyan namanipun, gender panerus nggadhahi jejibahan namung nerasaken kemawon.[1] Malah kepara saged dipunnamani namung ngetutaken utawi ndherek / nginthil dhateng lakunipun gender barung.[1] Gender panerus nggadhahi ukuran ingkang alit, oktafipun tengah ngantos inggil.[2] Sanajan piranti musik menika boten kedah wonten ing ansambel, wontenipun piranti gender panerus saged nambahi kasugihanipun gamelan.[2]
Gender panerus kadamel sami kaliyan gender barung.[1] Dados upaminipun saplagren (sedaya gamelan jangkep), upaminipun gender barungipun kadamel saking perunggu utawa gangsa, prayoginipun gender panerusipun ugi bahanipun saking perunggu utawi gangsa.[1] Gender panerus umumipun kadamel saking wesi utawi tosan, kuningan, perunggu, lan gangsa.[1] Gender panerus menika arang sanget dipunginakaken ing kalanganipun paguyuban karawitan, awit pigunanipun boten patia dipunbetahaken sanget, benten kaliyan gender barung utawi gender babon.[1] Menawi kita prangguli ing pagelaran wayang kulit utawi uyon-uyon, arang sanget kita prangguli wontenipun Gender Panerus menika.[1]
[sunting] Filosonipun
Gender Panerus menika mengku werdi: menawi guneman lan tumindak ampun tanpa teges lan makna. Dados saben ucap lan tumindak menika kedah nggadhahi bobot, kualitas kang mumpangati tumrap bebrayan agung.[1]
[sunting] Cathetan suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
[sunting] Pranala Njawi
|
|
|
|---|---|
|
Pencon: Gong (Ageng | Suwuk) | Kempyang | Kethuk | Kempul | Bonang (Barung | Panerus | Panembung) | Kenong |
|