Kepyak
Kepyak iku salahsijining piranti gamelan Jawa sing dienggo dhalang ing pagelaran wayang. Piranti iki digawe saka tosan, wilahe umume ana 3, rata-rata dawane kira-kira 15 Cm lan lebar 10 Cm. Kepyak iku digantung ing sisi njaba kothak lan ditabuh dening dhalang nganggo chempala sing dijepit ing driji sikil dhalang.
[sunting] Fungsi
Fungsi utama piranti iki kanggo ngeto'ake swara-swara khas uga kadhang kanggo tandha-tandha tinentu nggo nayaga.
Tabuhan kepyak biasane disebut kepyakan.
|
|
|
|---|---|
|
Pencon: Gong (Ageng | Suwuk) | Kempyang | Kethuk | Kempul | Bonang (Barung | Panerus | Panembung) | Kenong |
|