Masjid At-Tin

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Masjid At-Tin iku siji saka loro masjid megah ing kawasan TMII. Masjid liyané ya iku Masjid Diponegoro. Masjid sing wiwit dibangun tanggal April 1997 iki manggon ing palemahan sing jembaré 70.000 mèter pesagi kanthi kapasitas watara 9.000 wong ing sajeroning masjid lan 1.850 wong ing selasar katutup lan plaza. Pembangunan Masjid At-Tin rampung ing taun 1999 lan dibuka kanggo umum ing tanggal 26 November 1999.

Jeneng At-Tin [sunting]

Jeneng At-Tin dijupuk saka salah siji surat jroning Al-Quran wahyu ka-27 sing ditampa déning Nabi Muhammad SAW, utawa surat ka-95 jroning urutan penulisan Al-Qur‘an. Jeneng surat iku At-Tin sing maknané sajinis woh sing legi rasané, énak, lan kebak gizi. Woh iki dipercaya nduwèni manfaat sing akèh, nalika isih mentah utawa wis mateng.

Saliyané diinspirasi saka surat Al-Qur‘an, pawèwèh jeneng At-Tin sabeneré uga minangka upaya kanggo ngenang jasa-jasa garwa mantan Presidhèn Soeharto sing asmané Ibu Tien utawa pepaké Hj. Fatimah Siti Hartinah Soeharto. Pancèn madegé Masjid At-Tin minangka usaha anak-putu Presidhèn Soeharto kanggo mèngeti ibu/éyangé.


Pranala njaba [sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Masjid_At-Tin&oldid=523269"