Walang

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Walang
Klasifikasi èlmiah
krajan: Animalia
filum: Arthropoda
kelas: Insecta
Suborder: Caelifera
Familia

Superfamilia: Tridactyloidea

Superfamilia: Tetrigoidea

Superfamilia: Eumastacoidea

Superfamilia: Pneumoroidea

Superfamilia: Pyrgomorphoidea

Superfamilia: Acridoidea

Superfamilia: Tanaoceroidea

Superfamilia: Trigonopterygoidea

Walang iku insekta herbivora saka subordo Caelifera ing ordo Orthoptera.[1] Insekta iki nduwèni antena sing mèh mesthi luwih cendhak saka awaké lan uga nduwèni ovipositor cendhak. Swara sing ditimbulaké sapérangan spesies walang biasané diasilaké kanthi nggosokaké femur mburiné marang sewiwi ngarep utawa abdomen (disebut stridulasi), utawa amarga kepakan swiwiné nalika mabur.[1] Femur mburiné umumé dawa lan kuwat sing cocok kanggo mlumpat.[1] Insekta iki umumé nduwèni suwiwi, sanadyan swiwiné sok ora bisa dipigunaaké kanggo mabur. Walang wadon umumé ukurané luwih gedhé tinimbang sing lanang.[1]

Walang lagi kawin. Walang wadon sing ukuran awaké luwih gedhé

Walang sangit[sunting | sunting sumber]

Walang sangit (Leptcorisa Oratorius)kalebu ama kang nyerang tanduran pari sawisé ngembang kanthi cara ngisep cairan butir pari kang nyebabaké bulir pari dadi kopong.[2] Ing Indonésia walang sangit dadi ama kang mbebayani tumprap pertanian.[2] Saka 100.000 walang sangit saben hektar bisa ngurangi hasil panén nganti 25 %.[2]

Yen saben 9 rumpun pari ana 5 walang bisa ngurangi hasil 15 %.[2] Kualitas gabah kang diserang walang sangit uga dadi élék. Walang sangit ningkataké Grain dis-coloration kang nggawé pari ora apik mutuné.[2]

Mie Walang[sunting | sunting sumber]

Walang biyasané dadi ama kang dipaténi supaya ora ngrusak tanduran,nanging beda karo masyarakat Kabupaten Gunungkidul, Dhaerah Istimewa Yogyakarta.[3] Ing dhaerah iki walang bisa diolah dadi panganan énak lan payu didol Rp 25.000 saben renténg.[3] Tuladhané ing Kecamatan Paliyan, Kabupatén Gunung Kidul.[3]

Gunung kidul kalebu dhaérah kang gersang amarga wilayahé kabeh ana ing perbukitan karst.[4] Ing Gunungkidul akeh ditemokaké walang, kayata walang kayu lan walang sawah.[4] Walang kayu bisa ditemukaké sawayah-wayah, nanging wayang sawah biyasané ditemokaké ing wayah udan.[4] Walang sawah dadi ama kang ngrusal pari.[4] Biyasané walang digawé panganan kayata walang goreng, walang bacem. Ananging walang uga bisa digawé mie.[4]

Walang bisa kaolah dadi mie teles.[4] Carané mangan kaya mie ayam biyasa.[4] Sakliyané iku walang uga bisa diolah dadi mie liyané kang énak, nduwé gizi lan protéin, lan regané ora larang-larang banget.[4]

Mie walang nduwé kaluwihan tinimbang mie liyané.[4] Mie walang ngandhut protein kang luwih akèh tinimbang mie saka bahan liyané.[4] Rasa saka walang kang khas lan mie walang kang jarang ditemokaké uga dadi kawigatén saka masyarakat kang seneng mangan mie. Mie iki dadi panganan khas Gunungkidul.[4] Mie walang uga ningkataké nilai ekonomi walang, saéngga dadi mata pencaharian masyarakat ing Gunungkidul.[4] Tuladhané dadi pemburu lan tukang ngolah walang.[4] Walang kayu lan walang sawah rasané pada nanging ukurané beda.[4]

Cara nggawé[sunting | sunting sumber]

Bahan-bahan kang dibutuhaké yaiku trigu, uyah, endhog, lenga goréng, natrium karbonat.[4] Carané, walang kang akéhé 2,5 kg dikumbah nganti resik, lar lan kotorané dibuwang, banjur diblénder.[4] Campur walang kang wis diblender karo glepung trigu kang akehe 10 kg nganggo mesin pengaduk banjur ditambah endhog kang cacahe 5.[4] Banjur diudheg lan dicampur larutan uyah lan soda. Banjur dilebokaké ing mesin penggiling mie.[4] Protéin saka mie walang luwih akéh yèn dibandingaké karo mie urang windu, yaiku 17,922 lan 9,846 persen.[4] Protein kalebu zat kang penting kanggo awak, amarga yèn kekurangan bisa nyebabaké penyakit marasmus lan kwashiokor.[4]

Walang dadi panganan kanggo masyarakat Asia kayata Thailand lan Vietnam.[5] Van Huis nyebutake yen walang ngandhut protéin 90 persén tinimbang daging sami kang mung ngandhut 40-70 protéin.[5]

Delengen uga[sunting | sunting sumber]

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Chatetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d (id)Katak Mancung dan Belalang Hijau(dipunundhuh tanggal 6 April 2011)
  2. ^ a b c d e (id)Hama Walang Sangit(dipunundhuh tanggal 6 April 2011)
  3. ^ a b c (id)Serangga dan Masa Depan Manusia(dipunundhuh tanggal 6 April)
  4. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t (id)Mengolah Belalang Jadi Mie(dipunundhuh tanggal 6 April 2011)
  5. ^ a b (id)Belalang Alternatif Sumber Protein(dipunundhuh tanggal 6 April 2011)

Wacan terusan[sunting | sunting sumber]

  • O'Toole, Christopher (2002), Firefly Encyclopedia of Insects and Spiders, ISBN 1-55297-612-2
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Walang&oldid=814737"